SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Raden Ngabehi Ranggawarsita 200 taun kepungkur wus ngabari, jagad iki bakal nemoni jaman kang rusak, kang kasebut jaman edan ing Serat Kalatidha. Jaman edan kuwi saiki pancen wus teka, kang akeh sing menehi jeneng krisis multidimensi. Conto-conto jaman edan yaiku ukum ora dijejegake, kaya dene lading kang landhep ing ngisor, nanging kethul ing ndhuwur. Para panguwasa ora nandhang gawe kanthi becik lan jujur, nanging padha rame-rame nyolong dhuwite rakyat.

Semono uga rakyat padha dredah karo warga liyane, ilang tresnane, ora ngajeni liyan, banjur thukul gething lan nepsu. Kuwi amarga rakyat wus ora duwe conto panguwasa kang bisa dituladhani, kang bisa nentremake ati. Anane panguwasa sing gawe susah lan bubrah. Saiki, amung padha rebutan pangkat lan bandha. Pangkat kang mesthine dadi pranata kanggo ngabdi marang rakyat, nanging malah kanggo pagaweyan. Budaya adiluhung uga wus dikiwakake, ditelukake dening budaya Kulonan.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Mula kuwi, Ranggawarsita duwe tata cara kang bisa ngrampungake pacobane bangsa Indonesia. Tata cara kuwi ana ing buku Satrio Pinandito kang ditulis dening Purwadi, Agus Subagyo lan Iman Samroni. Sipat kang kudu diduweni dening panguwasa yaiku siji: sepi ing pamrih, tegese yaiku panguwasa kang ora duwe karep babagan pangkat lan bandha, nanging duwe sipat rame ing gawe kanthi memayu hayuning bawana, tegese rakyat tentrem lan raharja.

“Jaman edan bisa dirampungake kanthi tata cara kang ditulis dening pujangga Ranggawarsita,” ujare Purwadi ing adicara Bedah Buku dan Diskusi Ramalan RNg Ranggawarsita Tentang Munculnya Satrio Pinandito, ing Pendhapa Makam RNg Ranggawarsita, Desa Palar, Trucuk, Klaten, Jemuah (11/5). Adicara kuwi dileksanakake dening Paguyuban Kawula Keraton Surakarta (Pakasa) lan Jenderal Soedirman Center.

Miturut Purwadi, buku Satrio Pinandito miguna marang masarakat supaya tetep eling tumrap budaya lan kearifan lokal kang bisa nandhangi jaman edan kasebut.

Sipat kaping loro yaiku panguwasa duwe sipat mulat sarira, yaiku kudu eling lan waspada, ora sesongaran yen dheweke dadi panguwasa kuwi amarga makili rakyat. Mula panguwasa kudu ngabdi marang rakyat. Sipat kaping telu, ora bodho, nanging duwe ilmu kang miguna tumrap rakyat. Sipat kaping papat: temen utawa jujur, yaiku urip prasaja, ora neko-neko, pracaya dhiri, tumindhak kanthi duga lan prayoga. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya