SOLOPOS.COM - Warga rebutan gunungan nang ngarep tlatar Mesjid Gedhe Kauman, Selasa (14/1/2014). (JIBI/Harian Jogja/Gigih M Hanafi)

Harianjogja.com,-Atusan warga nunggu arak-arakan gunungan Grebeg Mulud kang diarak saka Kraton tumuju ing Mesjid Gedhe Kauman, Selasa (14/1/2014).  Ana ing sak tengahing atusan warga iku, akeh para sesepuh kang melu ngalap berkah rebutan Gunungan

Astuti, 52, wiwit saka tabuh enem esuk wus teka ing Mesjid Gedhe Kauman, kang mapan ana ing iring kulon Alun-alun Lor Kraton Ngayogyakarta. Karep krentege wus cetha yaiku nunggu gunungan Grebeg Mulud kang bakal dikirab saka Siti Hinggil Kraton Ngayogyakarta tumuju Mesjid gedhe Kauman, udakara tabuh 09.30 WIB.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Saka omahe ing Nogotirto, Gamping, Sleman, Astuti numpak sepeda. Karepe cetha yaiku sedya kepingin melu ngalab berkah ing pungkasane Pahargyan Sekaten. Lan karep sedyane Astuti kasembadan. Nalika atusan warga padha rebutan gunungan, dheweke kayadene oleh berkah nalika ana nom-noman kang menehi thiwul ayu marang dheweke. “Wau wonten mas-mas saged mlebet ing njero gunungan, lajeng kula dipendhetke tiwul ayu menika,” ngono ujare Astuti.

“Mangke thiwul menika badhe kula simpen ing piring ingkang resik, lajeng kula simpen wonten sentong. Mugi-mugi Gusti paring berkah kaslametan dhateng anak putu kula,” ngono ujare Astuti.

Dheweke nganggep menawa thiwul ayu iku mujudake berkah tolak bala kanggo kulawargane. Ora mung kanggo kaslametan,  thiwul iku uga bakal menehi berkah kanggo tanduran lan sawahe, supaya asil tetandurane ana ing sawah bisa apik.

“Sampun sangang taun kula ndherek sowan bekti wonten Kraton. Taun wingi kula namung angsal udhik-udhik kaliyan empring,” ujare Astuti.

Grebeg Maulud tansah dadi adicara sing diantu-antu dening warga. Siwono, priya sepuh saka Sedayu, Bantul uga mratelakake babagan kang padha karo apa kang dikarepake Astuti. Siwono teka saka Sedayu mung sedya melu ngalap berkah saka rebutan gunungan sing digawa para abdi dalem Kraton. “Bu, kula nyuwun sekedhik thiwulipun kagem berkah,” ngono ujare Siwono nalika nembung njaluk thiwul marang Astuti.

Astuti sejatine ora kepingin menehi thiwul iku marang sapa wae. Ananging amarga ora tegel weruh Siwono kang wus sepuh,  dheweke banjur menehi tiwul sacukupe marang Siwono. “Nanging njenengan kedhah salat nggih. Meniko kula paringi sekedhik,” ujare Astuti marang Siwono.

Adicara grebeg uga ora diliwatake Sarinah, 58, kang asale saka Kutoarjo ing tlatah Jawa Tengah. Bakda subuh, Sarinah lan tangga teparone padha budhal menyang Jogja numpak sepeda motor. Deweke rumangsa yen awake ora kanthi yen kudu desek-desekan karo atusan uwong sing rebutan gunungan. Sarinah milih nunggu rame-ramenan rebutan gunungan rampung.

Turahan gunungan kayadene gedebog, biting, watu krikil lan turahane nam-naman gunungan banjur dijupuki. “Nggih menika kagem kaslametan kemawon. Kagem kaslametan kula wangsul Kutoarjo,” ujare Sarinah.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya