SOLOPOS.COM - Basriyono, Guru Basa Jawa SMPIT Al Huda Wonogiri

Basriyono, Guru Basa Jawa SMPIT Al Huda Wonogiri (FOTO: Istimewa)

Yogya malih kinarya palupi,

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

minungsuhken ing kadang pribadi

Suryaputra narpati Awangga, aprang tandhing

lan sang Dananjaya,

lan pandawa tur kadange,

sang Karna suka manahe, lyan yayah tunggil ibu,

ciptanira pikantuk,

suwita mring kurupati, denira arsa males sih,

aneng nagri Astina, ira sang Duryudana,

kinarya gul agul, marmanta kalangkung,

manggolong golonganing prang,

denya ngetog kasudiran,

bratayuda ing adegken senopati,

aprang rame Karna mati jinemparing,

alaga ing kurawa sumboga wirotama

 

Tembang dhandhangula kalih pada ing inggil ngemutaken dhateng satunggaling piwulang ingkang ginelar ing jagad wayang purwa .. Rikala pendadaran Sokalima, Maharsi Durna minangka dwija linangkung mungguhipun pandawa dalah kurawa, saben satunggal warsa ngawontenaken gladen yuda minangka pambiji kawruh salaminipun sinau olah kaprigelan. Sedaya kadang pandawa tumut ngregengaken semanten ugi kurawa boten wonten ingkang cicir . Sedaya sampun gladen bandayuda, nalikane sang Arjuna ingkang minangka satriya lelananging jagad nuduhaken kaprigelan manah, wonten eloke kawontenan saking madyaning manungsa ingkang ambeleber tumut ningali gladen kalawau jumedul nom noman ingkang saged ngimbangi kaprigelanipun Sang Arjuna..kawontenan geger sami alok lan boten trimah..pungkasanipun Sang Kurupati ambela nom noman kalawau ingkang boten sanes Sang Basukarna…inggih awit sampun kabela saking wirangipun ing akathah  Sang Basukarna sumpah janji prasetya bilih badhe suwita jiwa raga konjuk Sang Kurupati ngantos tumetesing ludira ingkang pungkasan. Wekasanipun lelampahan Sang Basukarna netepi sumpah janji prasetyanipun, sanajanta Kurupati jejer pralambang kanistan, nanging sang Basukarna tetep ngrengkuh sumpah janji prasetya sabela pati ngantos gugur ing madyaning palagan ing bratayuda jayabinangun.

Sumpah janji prasetya ingkang kawedhar ing lathi satunggaling prekawis ingkang lumrah lumampah ing panggesanganipun manungsa. Sumpah janji prasetya pancen sanget kabetahaken kangge ngawat-awati lampah gesangipun manungsa. Ewa semanten boten sedaya paraga panggesangan punika nut kaliyan prekawis kalawau. Sumpah janji prasetya kadhang kala malah minangka tutup saking nistanipun pakarti, sumpah janji prasetya kadhang kala namung minangka tameng murih slametipun saking bebaya lan ukum lan maneka warna cak-cakanipun prekawis kalawau. Sesrawungan ing jagad jawa sampun pinaringan sekathahing patuladhan miwah piwulang sae saking gegambaran dhuk ing nguni utawi ing gumelaring jaman samangke. Saged dipun titeni bilih sumpah janji prasetya kalawau sejatosipun nuduhaken kandel lan tipisipun pangretosan ngenani panggesangan punika, awit boten sekedhik  sumpah  kalawau medal saking satunggaling kawontenan, antawisipun tresna utawi remen, pangabekti  ingkang kalangkung kelajenganipun tuwuh sumpahipun , ugi saking kawontenan gething serik ingkang kepati ngantos bebasan dadi banyu moh nyawuk dadi godhong moh nyuwek lajeng medal sumpahipun.

Pramila murih boten gumampang sumpah janji prasetya utawi nalikanipun sampun kabacut  sumpah kalawau,  saged netepi jumbuh kaliyan sumpahipun.

Wonten prekawis ingkang kedah dipun emut.

Sepisan, Kedah dipun emut bilih sumpah janji ingkang kawedhar saestu dipun sekseni Gusti, bumi , langit saha saisinipun. Kenging punapa sang Basukarna saha satriya sanesipun ing jagad pakeliran saestu jumbuh sumpahipun , inggih awit  ngrumaosi ajining satriya nalika tetep jejeg madeg sumpahipun. Umpami Basukarna cidra sumpahipun tartamtu  boten dipun luputaken awit kanti jabel sumpahipun piyambakipun gantos madeg belani bebener lan ugi kadang nunggil ibu, Pandawa. Boten ateges cengkah kalih pranatan lan angger-angger sanesipun, nanging saking piwulang luhur kalawau paring sasmita bilih  sumpah janji prasetya kalawau sineksenan sedayanipun, mila mendah surakipun isen-isen langit lan bumi nalikanipun sumpah kang kawedhar jebul geseh kaliyan kasunyatan, lajeng wonten pundi ajinipun satriya? Basukarna sampun dados tuladha saking pakeliran jejegipun netepi sumpah janji prasetya.

Kaping kalih, kathah sesrawungan punika ingkang gampil sumpah  janji prasetya lan gampil ugi  cidra ing  sumpahipun, ing mangka punapa ingkang kawedhar kathahipun dados kasunyatan. Para priyagung ingkang  sumpah kanti sae tartampu sangsaya aji ing ngarsanipun Gusti miwah sesami, sadangunipun jejeg ing sumpahipun, nanging bakal asor lan nista kalanipun cengkah kalih sumpah janjinipun, boten sekedhik gegambaran prekawis punika ingih kelajeng wantun nerak paugeran bujung mukti pribadi, gesangipun tebih saking raos tentrem lan maneka kasunyatan ing jaman samangke. Cekakipun sumpah janji tetep bakalipun wangsul dhateng sok sintena ingkang mendhet janji kalawau.

Kaping tiga, bilih sumpah janji prasetya saged  jalari pinaringan kabagyan ingkang langgeng,  sauger katindakaken kanti lelandesan lila ing penggalih, sumpah janji prasetya minangka titahing Gusti saged ngandelaken lan langgengaken kapitadosan, sumpah prasetyanipun bebojoan saged langgengaken kabagyan, sumpah janji prasetyanipun kekadangan saged langgengaken katentreman, karukunan lan sanesipun. Sedaya kalawau lelandesan lila lan pitados bilih taksih wonten gesang sapungkuripun pati. Basukarna, Salya, Bisma lan para satriya sanesipun pitados bilih wonten gesang sasampunipun pejah, pramila anggenipun nenggani sumpah janji prasetya ugi lelandesan ing lila sinarengan sekathahing lelabuhan lan pangati-ati.



Mendah kuncara lan muktinipun nagri, nalikanipun para paraga ingkang minangka songsong agunging kawula, sumpah janji prasetyanipun sae lajeng netepi dados kasunyatan, mendah sangsaya raharjanipun sesrawungan nalikanipun saben paraga punika sanget kandel ing pengati-ati ngenani sumpah janji prasetyanipun. Bebasan boten kirang patuladhan prekawis punika, Panggesangan Jawi boten sepi saking sekathahing kesaenan mila boten susah ngentosi benjing, angger-angeripun Agami sampun paring tepa palupi, jagad pewayangan paring gegambaran, gesangipun para pujangga, wali, raja lan sanesipun paring pemut, supados panggesangan jawi tetep saged ngentasi karya minangka sumbangsih nyata kagem tata tentrem miwah raharja sentosanipun nagri lan sedaya kawula punika, Nuwun

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya