SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/Harian Jogja/dok)

Atine Yulianti, 26, bungah banget. Apa sing dadi pangimpene seprana-seprene wusanane bisa kawujud. Mas Bambang, sisihan atine, during suwe iki wusanane wani nembung, ngajak jejodhowan kanggo numapaki urip bebrayan.

Ilustrasi (JIBI/Harian Jogja/dok)

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Minangka pehak kang ditembung, Yulianti ora bakal selak. Jalaran pancen bab kuwi kang dienten-enteni sasuwene iki. Kapetung, warga Bumi, Laweyan, Solo, iki wus gegandhengan karo Mas Bambang, tanggane beda kampung, udakara petang taun. Manawa digagas, ya pancen wus suwe anggone nganam tali katresnan. Yen nganti kesuwen anggone pacaran, malah bisa ngundang bebaya lan mala. Upamane si A lan si B sing kebacut meteng dhisik jalaran wis padha kedereng nepsu, lagi age-age ningkah kanggo nutupi wadi.

Yulianti ora kepengin kedadeyan sing dialami si A lan si B iku uga sinandhang tumrap dheweke dhewe. Mula, tinimbang kesuwen nganam tali katresnan, luwih becik digenahke sisan lan didadekake sisan. Nalika dheweke karo sisihan atine wis bisa nyawiji kanthi resmi utawa bebojowan, bakale uripe dadi luwih sampurna lan kinayungan rasa ayem nalika numapaki urip. Arep ngapa-ngapa ya luwih katrem amarga wus kalal.

Mulane nalika Mas Bambang wani nembung utawa nglamar, Yulianti ora bisa ndelikake rasa bungahe. Bebasan kaya kembang mekrok lan nuwuhake ganda arum. Nanging, sanajan ing njero ati lan pangucape wus gelem nampa lamarane priya kinasihe iku, Yulianti tetep ora bisa mutusi dhewe. Kudu ana rembug tuwa antarane pehak wongtuwane sing lanang lan sing wadon. Amarga nembung wong wadon iku tetep kudu nggatekake tata cara kang diugemi masarakat. Saliyane iku, nembung utawa lamaran iku uga dadi lawang kanggo ngleboni mangsa urip candhake, yaiku bebojowan kanggo numapaki urip bebrayan.

Miturut KRT Soenarto Poerbosoehardjo, panulis buku Tata Cara Slametan (1998), bangsa ing salumahing bumi iki duwe kawigaten mirunggan, nalikane duwe gawe mantu. Tumrap golonganing masarakat sing undha usuk kahananing panguripane, wiwit saka sing mlarat, cukupan, sugih, bandha bandhu, tembung mirunggan iku ana tatarane dhewe-dhewe. Wiwit saka slentheman, climen, lumrah, gedhen nganti tekan gedhen tur ambal-ambalan.

“Kang prelu digatekake, mantu iku nemokake utusaning Gusti Allah (caraka) ing antarane caraka lanang lan wadon sing ora padha (sawala) dadi siji sing padha sarujuk (datasawala) sing padha kalungguhane (padhajayanya), lan dadi lelantaran tumuruning utusan kang run tumurun, nganti alam donya iki tetep isih utusaning Gusti Allah kang kopen lan langgeng selawase,” pratelane. Tembunge padinan yaiku,”Wis ketemu jodhone utawa pinasthi dadi jodhone,” banjur diwiwaha nganggo upacara mantu. Nanging sadurunge tekan tempuking gawe, ana rerangken manut tradhisi Jawa sing kudu ditindakake, salah sijine yaiku nembung utawa lamaran.

Nontoni
Manut tata cara kuna, manawa wis ana pasarujukan anggone padha arep bebesanan, lumrahe wongtuwane calon penganten priya njaluk tulung marang sawijining congkog sing diprasaya, sing mitayani lebda ing wicara. Atur panembung marang calon besan. Manawa anggone rerembugan ing antarane congkog lan wongtuwane calon penganten wanita ana titik-titik sarujuk, seje wektu ditemokake upacara nontoni.

Carane, wongtuwane calon penganten priya ngajak anake lanang sing arep dijodhokake, diombyongi dening sawetara kulawarga sing cinaket, medhayoh marang daleme calon besan. Tamu-tamu mau sawise tumeka ing papan sinedya, diaturi lenggah ana njeron pandhapa. Sanalika iku uga, bisa nyumurupi kahanan bale omahe calon besan. Sapatemon kapisanan iku, lagi asipat tetepungan. Pasugatan sing diladekake mligi wedang teh. Diladekake dening calon penganten wanita (sing ditontoni), wiwit saka ngladekake cangkir utawa lepek kothongan, tekan ngilingake wedang saka teko. Tanpa pangiring panganan. Pituture wong kuna, yen dikantheni pasugatan saliyane wedang teh, tembe mburine bakal ana grawalane.
Ing kalodhangan iku, para tamu ditembungake,”Kedhep tesmak anggone nyawang calon penganten wanita, solah bawane lan sandhang panganggone”. Upacara nontoni kena diarani wis rampung, tumuli bubaran.

“Sabanjure manawa kabeh-kabeh wis padha golong gilig rembuge anggone padha arep bebesanan, wongtuwane calon penganten priya kirim laying lamaran marang calon besane. Tanpa kirim layang lamaran, pratandha rembugane bedho (batal). Pehak wongtuwane anak wadon, ora prelu takon,” ujare.

Samangsa layang lamaran wis ditampa dening sing kawogan, kudu enggal diwangsuli. Yen laying lamaran iku ora disarujuki, wangsulane,”Anake wadon durung kepengin omah-omah,” utawa nganggo alesan seje, upamane,”Ora cocog petungane manut petungan primbon”.

Manawa lamaran mau ditampa, enggal diwangsuli manawa lamarane katampa kanthi bungahing ati. Rembugan sabanjure, sarehne wis padha sarujuk, mulane banjur nemtokake dina singsetan, yaiku awujud tandha paningset. Wongtuwane calon penganten priya masrahake tandha paningset. Lumrahe awujud barang utawa dhuwit, ajine manut kakuwatan sing kawogan. Apa wujude lan pira cacahe ora ana tatanan kang gumathok.

Nalika pasrah tinampan paningset, pehak calon besan wongtuwane calon penganten wanita, cecala bakal dhauping penganten ing sasi apa. Ora susah ditemtokake dina pasaran lan tanggale, amarga wewenang milih dina becik kanggo dhauping penganten ana ing pehak wongtuwane calon penganten wanita.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya