SOLOPOS.COM - Bondan Prakosa (Kapanlagi.com)

(Solopos.com) – Nalika Bondan Prakoso mbabar tembang Kroncong Protol taun 2007 kapungkur, ora sithik pandhemen musik kroncong sing rada nggresula lan kurang sarujuk marang tembang iku. Ana sing ngarani Bondan wus ngrusak larase musik kroncong barang.

Tumrape pandhemen musik kroncong murni, panemu sing kaya mangkono iku ora kleru. Nanging tumrape kawula mudha, irama kaya kang disuguhake dening Bondan iku malah lagi digandrungi ing jaman saiki. Panemune wong tuwa lan kawula mudha pancen genah bedane. Apa maneh sakloron iku urip ing jaman kang beda, kanthi ngrembakane jaman kang ora padha. Mula bab kekareman, upamane musik tartamtu, antarane wong tuwa lan kawula mudha mesthi nduweni kekareman kang mirunggan.

Kaya ing musik kroncong iki. Para wong tuwa rumangsa luwih marem lan laras atine nalika ngrungokake irama kroncong asli. Sanajan iramane prasaja nanging rasane tandhes lan ngrasuk ing kalbu jalaran selaras karo irama uripe. Dene kawula mudha, akeh kang nglebokake daya angulir budine jroning kasenian. Dadine irama kroncong bisa diracik luwih rancak, ditambahi bumbu lan werna musik liya. Bisa wae luwih nyeleneh luwih digandrungi.

“Kabeh kuwi sah-sah wae, jalaran saben generasi iku urip ing jaman kang beda. Jaman mbiyen, kroncong iku ya dadi musike kawula mudha. Gesang, Ismail Marzuki, nalika mbabar kroncong mbiyen iku isih mudha-mudha. Amung kita wae sing tepung nalika para priyagung iku wus sepuh utawa wus seda. Semangat kang digawa rikala semana iku beda karo semangat jaman saiki. Sawetara tembang kroncong ana sesambungane karo jaman perjuwangan utawa lelakon urip. Dadine nalika ditembangake dening wong tuwa, rasane ya beda lan tandhes banget. Jalaran para wong tuwa iku uga dadi pelaku sujarah lan bisa ngejawanthahake isi tembang iku,” pratelane Max Baihaqi, panggilut musik kroncong ing Kutha Solo.

Bondan Prakosa (Kapanlagi.com)

Miturut piyambake, jaman semana kawula mudha nalika krungu tembang kroncong wus bisa kagugah semangate. Beda karo jaman saiki, kawula mudha mbutuhake irama musik sing banter lan mbrebegi kanggo nggugah semangate. Upamane musik-musike Linkin Park. Nalika disuguhi kroncong, rasane ya beda.

Nanging manawa gelem muter wektu memburi, jaman ndhisik iku kampung sing ora duwe pepanthan kroncong bebasan kaya nom-noman saiki sing ora gaul. Mangkono iku gambarane kampung-kampung ing Kutha Solo rikala semana. Jaman mbiyen kuwi saben kampung mesthi ana klumpukan kanoman sing padha nabuh musik kroncong.

“Nganti saiki musik kroncong isih urip lan ngrembaka, nanging kanthi cara lan garapan kang trep karo selerane dhewe-dhewe. Anane Bondan Prakoso kang nepungake tembang Kroncong Protol iku ya dadi kalodhangan kang becik tumrape musik kroncong ing jaman saiki. Ana semangat kroncong kang dileluri lan ditepungake marang generasi saiki. Pangaruhe, wong tuwa sing karem karo msuik kroncong dadi kelingan marang musik kroncong. Dene kawula mudha dadi penasaran karo irama kroncong, lan sabanjure diajab bisa kesengsem, gelem nyinau lan melu ngrembakakake musik kroncong,” tandhese.

Kroncong iku, miturut Max, rohe pancen ana ing piranti musike yaiku cak, cuk lan cello. Telung piranti musik iku nalika dimainake bareng, wus bisa diarani musik kroncong. Pancen, sabanjure ana tambahan piranti kayata gitar, bas, piyul, flute, lan kaya-kaya kabeh piranti kuwi kudu komplit jroning pagelaran musik kroncong. Manawa kurang siji wae, dadine kurang kapenak.

“Iku kang kasebut wadag. Isih ana saperangan seniman sing nganggep wadage musik kroncong, kang kawujudake jroning piranti musik iku luwih wigati. Kamangka miturutku, sing luwih wigati yaiku semangate. Kaya tembange Bondan Prakoso, ana semangat kronconge ing kono. Ya ngono kuwi carane wong enom ngleluri semangat kroncong ing jaman modheren iki,” ujare.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya