Jagad-jawa
Kamis, 26 April 2012 - 09:53 WIB

Ndudhah Kitab Biografi Diponegoro

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Espos/Ahmad Hartanto

Espos/Ahmad Hartanto

Sapa sing during nate krungu asma Pangeran Diponegoro? Ing masarakat wiwit bocah nganti wong diwasa, saperangan gedhe mesti ngerti Pangeran Diponegoro, minangka pahlawan nasional. Asmane uga dipasang minangka jeneng ratan gedhe ing sawetara dhaerah, dinggo jeneng pawiyatan luhur lan kesatuan militer Jawa Tengah. Saking urmate bangsa Indonesia marang piyambake, patung Pangeran Diponegoro numpak jaran uga bisa ditemoni ing sawetara papan minangka tandha lan pangeling-eling kita marang labuh lan kabecikane nalika perang nglawan penjajah Walanda.

Advertisement

Kiprahe Pangeran Diponegoro iku uga antuk kawigaten saka warga mancanagara, salah sijine sejarawan saka Oxford Inggris, Peter Carey, kang nulis buku biografi Pangeran Dipenogoro kanthi irah-irahan Pangeran Diponegoro & Akhir Tatanan Lama di Jawa 1785-1855. Buku sewu kaca iki didhudhah ing Balai Soedjatmoko, Setu (21/4) awan. Ing buku kuwi, Peter Carey nyritakake laku uripe Pangeran Diponegoro wiwit saka lair, crita katresnan, kiprahe lan perjuangane.

“Diponegoro kuwi ora amung wong Jawa, ananging wong Indonesia. Piyambake duwe garis turunan saka Bima NTB, Madura lan Jawa,” ujare.

Carey uga crita, manawa Diponegoro jaman semono kuwi pangeran kang wis duwe kawibawaan agung, diurmati masarakat Jawa lan diwedeni Walanda. Ananging piyambake uga waskitha. Sanajan ora akeh sing ngerteni Diponegoro kuwi uga pinter bab tata cara lan unggah-ungguhe budaya Walanda, kaya tata cara nganggo sendhok porok, lading lan liya-liyane. Diponegoro uga ngombe anggur putih, sing ora njalari mendem.

Advertisement

Dene pamicara liyane, mahasiswa pascasarjana Sejarah UGM, Heri Priyatmoko, nuduhake buku sing dianggit Peter Carey iku luwih objektif lan blak-blakan tinimbang biografi Diponegoro sakdurunge. “Umume, biografi dicethakake luwih subjektif, ananging buku Carey iki luwih bisa nggambarake sejatine Diponegoro kang luwih manusiawi, apa anane, kaya dene gampang duwe sipat katresnan marang wong wadon, ngombe anggur putih, lan liya-liyane” jlentrehe Heri.

Diponegoro uga kasebutake duwi bojo kurang luwih cacahe ana wolu. Ananging, Diponegoro dudu wong lanang sing sembarangan duwe bojo. “Piyambake kuwi wong sing diurmati, duwe status ningkahan kang sah lan ora sembrono golek bojo,” kandhane Carey.

Ing Babad Diponegoro, alesane teluk ing perang Jawa amarga duwe katresnan marang wong wadon saka Tionghoa. “Alesan kuwi dikarepake minangka pepeling marang anak-putu, kudu ngati-ati marang pangglembuke wong wadon sing dadi mungsuhe rikala perang Jawa,” pratelane Heri.

Advertisement

Ing buku kuwi uga dituduhake sipate Diponegoro sing seneng ndhagel lan tresna marang lingkungane. Diponegoro seneng ngirimi senapati perange klambi-klambi wong wadon sing wedi karo Walanda. Kuwi dikarepake pepoyok yen klambi wong wadon luwih pas dinggo senapati sing wedi perang tinimbang klambi utawa jubah perange. Diponegoro uga seneng dolanan sekak lan nginang.

“Pemimpin kuwi ora dilairke, ananging digawe. Diponegoro kuwi pemimpin kuwat kaya digawe saka wesi. Piyambake duwe tata cara sing apik, gemi tumrap dhuwit, duwe sipat luwes tumrap wong liyan, agamis, ora jinis pemimpin sing cubluk, ananging bisa ngayomi masarakat,” ujare Carey.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif