SOLOPOS.COM - Warga padha njupuk jenang ing adicara Festival Jenang Solo 2022 ing ngarep Omah Sinten, Solo, Kemis (17/2/2022). (Solopos/Nicolous Irawan)

Solopos.com, SOLO — Kutha Solo mengeti tanggap warsa kang kaping 277 dina Kemis (17/2/2022) kapungkur.

Salah sawijining adicara kanggo ngregengake adicara yaiku Festival Jenang Solo ing Kula Nuwun Kopi, Omah Sinten, Solo. Adicara iku diadani dening Yayasan Jenang Indonesia kang dipandhegani Pangageng Parentah Keraton, KGPH Dipokusumo.

Promosi Gonta Ganti Pelatih Timnas Bukan Solusi, PSSI!

Adicara Festival Jenang Solo iku diadani kanthi urut. Diwiwiti saka tanggap wacana dening panitya, mbagekake jenang marang warga masarakat, banjur seminar kanthi hybrid. Wektu iku ana 17 jinis jenang sing dibabar sasuwene adicara.

Dene, jenang sing dibagekake ana 278 wungkus. Jenange diwungkusi takir godhong gedhang. Angka 278 iku ngemu teges sing wigati banget. Dipokusumo minangka Dewan Penasehat Yayasan Jenang Indonesia, ngandharake angka 278 iku dadi donga lan pangajab. Pangajabe yaiku Kutha Solo nduweni yuswa sing dawa, ora mung mandheg ing angka 277 taun iku.

Ekspedisi Mudik 2024

“Jenang sing dibagekake ana 278 takir. Ya sajane 277 takir, nanging ditambahi siji. Iku minangka pangajab amrih taun ngarep isih bisa mengeti tanggap warsa kaping 278,” kandhane Dipo.

Yen diturut sujarahe, festival jenang iku ya ana gandeng rakete karo dina pindhahan Keraton Kartasura menyang Sala utawa Keraton Surakarta. Pindhahan sing uga diarani Boyong Kedhaton Kraton Solo iku diadani dina Rebo Paing, 17 Muharam 1670 (1745M).

Boyong Kedhaton dipimpin dening Sri Susuhunan Paku Buwono II. Nalika iku boyongan Kraton Solo dipepaki sesajen awujud jenang minangka simbol donga lan pangajab.

“Yen jaman biyen jinise ana 21 jenang. Saiki mung 17 jenang, nut tanggal boyongan yaiku Rebo Paing, 17 Muharam,” kandhane Dipokusumo.

Jinis jenang sing ditata iku maneka rupa. Ana jenang abrit pethak, saloka, suran, lahan, kolep patang warna, uga jenang katul. Saben jenang ngandhut piwulang bab dedonga.

Tuladhane yaiku, jenang abrit pethak ngandhut piwulang bab sangkan paraning dumadi. Dene manungsa iku asale saka lanang lan wadon, disimbolke abrit lan pethak.

Dene, jenang timbul ngemu teges manungsa kudu tansah eling marang Gusti kang Maha Kuwasa. Manungsa kudu tansah ndedonga minangka cara mujudake pangarep-arepe.

Dipo ngandharake miturut bahan dhasare, kabeh jinis jenang iku bisa dipara dadi rong bageyan. Sing kaping siji yaiku jenang kanthi bahan saka njero lemah, dene kaping pindo yaiku jenang kanthi bahan saka nduwure lemah. Jenang sing digawe saka sajrone lemah ngemu teges amrih manungsa kudu eling marang asale. Dene, bahan jenang saka saknduwure lemah ngemu teges manungsa kudu tansah eling marang Gusti Allah sing Maha Kuwasa.

“Sesambungan karo sangkan paraning dumadi. Jenang iku dadi simbol, ngajak kita kabeh eling marang Gusti Allah kang Maha Agung, eling marang asal muasale panguripan,” kandhane Dipo.

Webinar Jenang

Sawise mbagekake jenang marang masarakat, adicara ing dina Kemis kuwi dibacutake webinar kanthi irah-irahan Jenangmorphosa, Jelajah Metamorphosa Jenang Sesaji Menjadi Siap Saji dalam Sentuhan Digital. Karepe yaiku mbabar sujarahe jenang wiwit saka simbol sesaji Jawa dadi panganan siap saji ing jaman modheren saiki.

Webinar diadani kanthi hybrid, yaiku ana adicara langsung, uga daring utawa digiyarke mawa Internet. Adicara urun rembug babagan jenang iku disengkuyung dening stakeholder Kutha Sala kayata Kepala Kantor Perwakilan BI Surakarta, Nugroho Joko Prastowo; Dewan Penasihat Yayasan Jenang Indonesia, KGPH Dipokusumo; Pakar Teknologi Pangan Universitas Sebelas Maret, Dimas Rahadian; sarta pengusaha mudha yaiku Rendra lan Tommy Djenar.

Adicara Festival Jenang Solo dipandhegani dening Septandho H. Shafara minangka pengurus Yayasan Jenang Indonesia. Miturut Septandho, Yayasan Jenang Indonesia wus ngadeg sasuwene 10 taun. Sasuwene sepuluh taun iku nduweni krenteg ngrembakakake jenang lan piwulange. Jenang minangka warisan kabudayan.

Septandho lan kanca-kanca malah nduweni pangajab taun ngarep bisa ngadani Festival Jenang Nusantara. Wiwit saiki wus ditata sapa wae sing bakal diundang.

Bakale mengko ya ngundang masarakat saindenge Nuswantara sing nduweni tradhisi jenang.

“Bakal dibabar piwulang sing kakandhut sajroning jenang iku. Dadi ora mung mbabar jinis lan wujude jenang,” kandhane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya