SOLOPOS.COM - Bonari

Bonari Nabonenar, pangarsa panitya KSJ III (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Nalika Konggres Basa Jawa (KBJ) sepisanan digelar ing Semarang (1991) embuh nalika kuwi wis dijadwalake dening panitiya apa mung dhapur spontanitas, ana patemon gayeng ing antarane para pangripta sastra Jawa, ing wayah bengi sarampunge sidang resmi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ing kalodhangan candhake para pangripta iku sapatemon maneh ing Taman Budaya Raden Saleh, banjur gentenan maca guritan. Jan regeng tenan. Sawetara tokoh uga ngajak sapatemon ing saweneh kamar nalika KBJ II (Hotel Purnama, Batu, 1996). Senajan ora klebu agenda resmi-ne KBJ II, nanging akeh bab mentes kang karembug ing njero kamar kuwi. Upamane, Bambang Sadono ngandharake pepenginane mbukak lembar basa Jawa ing Suara Merdeka, kang pranyata tindak lanjut-e isih bisa diprangguli, sempulur nganti saiki.

Esmiet bola-bali nelakake rasa kuciwane amarga mrangguli kanyatan, akeh pangripta sastra Jawa kang miturut suwargi kudune diulemi, malah ora. ”Iki kakehan saka unsur dhines, kang ora wenang gawe kawicaksanan. Apa ora kebacut le nrenyuhake yen juru taman saka unsur dhines wae ditekakke dadi paserta Konggres, malah para pengarang, penggurit akeh sing dilalekake?” kurang luwihe ngono kandhane Esmiet, ngemu rasa kuciwa, utawa keladuke le nggambarke: srengen.

Kajaba prakara pasarta, wujuding makalah kang dirasa kurang (senajan wis ana) aweh papan mirunggan kanggo ngasilake kawicaksanan kang gegayutan karo kahanane Sastra Jawa Gagrag Anyar uga dadi rembug. Mligi ing prakara iki, sajake KBJ V niyat aweh wangsulan kanthi ngrakit ukara tema Bahasa dan Sastra Jawa sebagai Pembentuk Watak dan Pekerti Bangsa sanajan ta mbokmanawa mengko bisa agawe cingak, merga niyat iku sajake durung bisa diayahi kanthi becik, amarga para nimpuna, sarjana-sujaneng kawi kang diaturi medhar gagasan keh-kehane malah sajak isih katrem ngonceki Sastra Jawa Klasik.

Saka sangsaya matumpuk-tumpuke rasa kuciwa kuwi mau mula ngadhepi KBJ III (Ngayogyakarta, 2001), aku ngusulake supaya para pengarang, penggurit, lan para pehak kang gelem nggemateni Sastra Jawa gagrag Anyar gawe pasamuwan dhewe, yaiku Konggres Sastra Jawa. Kanthi mangkono ora usah kaladuk nutuh marang KBJ, wong jenenge wae pancen Konggres Basa Jawa, dudu Konggres Sastra Jawa, ta?

Lho, rak ya ora dadi prakara nalika ana Konggres Basa Indonesia sejene Konggres Himpunan Sarjana Kesusasteraan Indonesia (HISKI), Konggres Komunitas Sastra Indonesia (KSI), lan malah uga ana Konggres Cerpen Indonesia (KCI). Sepisan maneh, sing taktawakake nalika kuwi Konggres Sastra Jawa, dudu Konggres Basa Jawa Tandhingan kaya kang ditawakake Sunarko Budiman lumantar tulisane kang nalika semana kapacak ing Panjebar Semangat.

Nanging, nyatane sing banjur kelakon ya KSJ, saiki wis lumaku kaping telu. Sepisanan ing Taman Budaya Surakarta (Saiki Taman Budaya Jawa Tengah ing Surakarta, 2001), kapindho ing Sanggar Paramesthi, Kompleks Kampus Unnes (Saiki Semarang, 2006), lan kang lagi wae kelakon sawatara dina kepungkur ing Desa Jono, Kecamatan Temayang, Kabupaten Bojonegoro. KSJ kuwi gawene sapa? Ya gawene para pangripta lan sok sapaa sing gelem cancut kanggo Sastra Jawa (Gagrag Anyar). Dudu gawene Bonari. Geneya gawe Konggres Sastra Jawa? Ya, amarga Konggres Basa Jawa dudu Konggres Sastra Jawa. Mulane, yen ana sing isih pating pethasil, ayo didandani bebarengan sinambi mlaku, aja malah Sastrawan Jawa bengok-bengok saka kadohan. Nuwun.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya