Nalika Petruk Kelangan Pethel

Solopos.com, SOLO -- Ing kabudayan Jawa Petruk kuwi pralambang kawula, wong cilik, rakyat, sing katon lucu, nyenengake, seneng guyon, lan sugih esem. Petruk kuwi paraga sing mligi amarga setya ngabdi minangka punakawan, ngawal juragane, ora wegah urun rembug kanggo nyampurnakake uripe juragan.

Asal usule Petruk pancen durung cetha. Laire Petruk prasasat ora tau dadi lakon ing pakeliran wayang. Wong-wong Jawa merdeni Petruk kuwi anake Ki Lurah Semar. Petruk anak turune Dewa Ismaya. Semar kuwi Dewa Ismaya. Yen ana lakon Petruk dadi ratu ya ora prelu gumun, lha wong anak dewa.

Suwardi Endraswara ing buku Petruk Dadi Ratu, Polah-Tingkah Penguasa yang Tidak Mampu, weton Narasi, 2014, ngandharake mitos Petruk manjing ing madyaning pabrayan agung Jawa. Petruk dianggap pinter dhewe tinimbang anak-anake Semar liyane.

Denys Lombard ngandharake dongeng Petruk Dadi Ratu kuwi pralambang negara sing kelangan kendhali, negara sing salah urus, negara sing panguwasane gagal netepi kuwajiban. Nalika negara rusak, para panguwasa sasenenge dhewe lan lali marang kuwajibane, Petruk njedhul, mudhun saka gunung lan mungkasi kabeh karuwetan kuwi.

Ing jaman demokrasi, Petruk kuwi uga pralambang kahanan lan kanyatan nalika sapa wae bisa dadi pemimpin, sapa wae bisa dadi panguwasa. Sarate siji: kasil ngimpun swara akeh dhewe ing dina pamilihan. Demokrasi ndadekake sapa wae duwe kalodhangan padha kanggo milih lan dipilih.

Lelandhesan panemua Denys Lombard ing ndhuwur kuwi, ing jaman saiki nalika panguwasa sawiyah-wiyah, sasenenge dhewe, nglalekake kuwajibane marang rakyat, lan mung mburu senenge dhewe kanthi laku korupsi, kolusi, lan nepotisme bakal njedhul Petruk sing bakal nyaruwe panguwasa kuwi.

Ing kahanan sing pancen rusak-rusakan, Petruk bakal dadi ratu. Petruk bakal nyaruwe panguwasa sing ora pener lan ora bener kuwi. Ing jaman kolonial Belanda, Petruk Dadi Ratu kuwi mung dadi guyon. Kamangka kuwi kanyatan kang dumadi ing pabrayan agung nalika panguwasa malah deksiya marang rakyat.

Petruk Dadi Ratu ing kaskaya kabudayan Jawa diwredeni dudu wong bodho dadi raja utawa lakon wong cilik, kaum pidak pedarakan, munggah bale nganggo aji mumpung. Petruk Dadi Ratu kuwi lakon mencoke wahyu marang kawula.

Reformasi 1998 kuwi Petruk dadi ratu. Para kawula wegah maneh urip ing paprentahan sing panguwasane korupsi, kolusi, lan nepotis. Rakyat Indonesia lan mahasiswa nyawiji, kadidene Petruk, lan ora trima negara dikemonah sakepenake dhewe.

Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) sing madeg dhek taun 2002 kuwi Petruk dadi ratu. Korupsi, kolusi, lan nepotisme sing dadi mungsuh gerakan reformasi 1998 nyatane ora bisa punthes. Salebare gerakan reformasi 1998 sing aran korupsi, kolusi, lan nepotisme tetep wae ndadra.

Ing kahanan mangkono kuwi Petruk njedhul kanggo njejegake kahanan. Petruk menjila ing wujud KPK. Kawula, rakyat, ana sadawane wektu. Dene ratu utawa raja ora langgeng. Ratu jumeneng mung sawetara. Nalika mangsane dadi ratu wus rampung ya kudu lengser keprabon utawa musna.

Petruk ana ing sadawane wektu. Ing jaman apa wae Petruk ana. Petruk dadi punawakan, wong cilik, rakyat, kawula, abdi sing ngancani panguwasa wiwit jaman biyen nganti dina iki lan ing tembe mburi. Miturut Suwardi Endraswara ing bukune kae mau, kawula kuwi ana tanpa wates, ratu kuwi anane mung winates.

Kanthi mangkono kudune panguwasa kuwi ngajeni kawula. Panguwasa kudu gelem korban kanggo kawula, ora malah ngrayah uripe ngawula, ora malah ngrebut hake kawula. Kuwasa kuwi kudu ana lelabuhane. Kuwasa kuwi jan-jane mung sarana kanggo lelabuhan.

 

Oyot Kabudayan

Ratu dudu ratu yen ditinggal kawula. Sapa sing bisa mangku ratu supaya bisa nglenggahi dhampar keprabon? Ya rakyat. Ora ana liya sing bisa mangku kejaba rakyat, kawula. Ratu utawa raja sing ora dipangku dening rakyat tegese koncatan wahyu.

Sing dadi pitakonan ing jaman demokrasi, jaman nalika Petruk bisa dadi panguwasa, kok malah akeh panguwasa sing ora nggatekake kawula? Kok akeh panguwasa sing adigang, adigung, diguna? Kok akeh panguwasa sing saben dina korupsi, kolusi, lan nepotis?

Ing jagad pakeliran wayang ana panguwasa sing ora dipangku dening rakyat. Dasamuka lan Duryudana kuwi raja sing ora dipangku dening rakyat. Duryudana cekel panguwasa, nangung ora tau kasil nglenggahi dhampar keprabone rakyat. Akeh panguwasa cekel kuwasa, nanging ora lungguh ing dhampar keprabon sing sejati, yaiku dhampare rakyat.

Pethel, gamane Petruk, kuwi pralambang kuwasa. Pethel kuwi pusakane wong cilik, pusakane kaum pidak pedarakan, pusakane rakyat. Yen Petruk kelangan pethel padha wae kelangan daya. Kelangan pusaka kuwi mbebayani, kayadene bangsa Indonesia kelangan kawibawan.

Ing lakon Petruk Dadi Ratu pethel tetep ana, nyawiji karo raja. Nalika Petruk dadi ratu lan tetep ngukuhi pethel minangka pusaka, ana sesambungan raket ing antarane krajan lan lingkungan sakiwa tengene.  Ing jaman saiki sing katelah jaman globalisasi, negara siji lan sijine tansah sesambungan kanthi raket.

Prakara sing dumadi ing sawijining negara bakal merbawani negara liya. Perang dagang antarane Amerika Serikat lan Tiongkok merbawani kabeh negara sadonya. Pethel tumrap Petruk kuwi pusaka sing mligi, minangka sipat kandel. Pethel kuwi  jati dhiri sawijining abdi. Ing jagad tetanen pethel kuwi piranti baku. Pethel kalebu pusaka kelas ngisor, pusaka murahan.

Petruk kasil mbangun jati dhiri kanthi pusaka pethel kuwi. Yen Petruk kelangan pethel ateges jati dhirine uga luntur, ilang, musna. Sipat kandel kuwi ing jaman saiki menjila ing wujud jati dhiri budaya. Oyot kabudayan kuwi pethel tumrap kabeh warga bangsa Indonesia jaman saiki.

Yen Petruk kelangan pethel ing jaman saiki ya dadine kata Orde Baru sing kelangan panyengkuyung, wusana ambruk. Petruk kelangan pethel kayadene KPK sing saiki kaya-kaya ora duwe daya. Petruk kelangan pethel kayadene bangsa Indonesia nalika kelangan oyot kabudayane lan wusana ora duwe saya ngadhepi bangsa-bangsa liya sing adidaya. Iki cetha aja nganti kedadeyan!


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho