Jagad-jawa
Kamis, 3 Mei 2012 - 10:15 WIB

Nalika Bocah-Bocah dadi Paraga Busana Bathik

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - MAMERAKE BATHIK--Pasarta lomba fashion show bocah mamerake busana bathik ing latar kampus FSSR UNS Solo, Setu (28/4). (Espos/Ahmad Hartanto)

MAMERAKE BATHIK--Pasarta lomba fashion show bocah mamerake busana bathik ing latar kampus FSSR UNS Solo, Setu (28/4). (Espos/Ahmad Hartanto)

Puluhan bocah TK lan SD padha dandan rapi lan resik, uga padha nyandhang klambi bathik sing modis. Ana bocah sing nyandhang bathik arupa ngisoran cekak, rok dawa, hem sing maneka jinis cakrike.

Advertisement

Ing latar kampus Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, Setu (28/4) esuk, bocah-bocah kuwi padha maragakake busana bathik ing panggung jroning adicara fashion show bocah.

Ana bocah sing isih isin-isin mlaku ing panggung. Nanging uga ana sing kendel lan wus duwe pangalaman tampil ing panggung lan ditonton wong akeh. Ing panggung bocah-bocah kuwi padha mlaku kanthi nganggo gaya. Bocah sing isih polos, padha pinter mlaku nganggo sepatu hak dhuwur. Tingkah polahe lucu lan nggemesake, kaya-kayane wis dadi modhel temenan.

Adicara fashion show sing dipasartani 25 bocah TK lan SD ing Solo kuwi dadi salah sijining rerangkene adicara Festival Budaya sing digelar bareng BEM FSSR UNS, ing latar FSSR UNS, Jemuah-Setu (27-28/4). Adicara liyane yaiku lomba nggambar lan mernani kanggo bocah, seminar budaya, debat mahasiswa, performing art, uga ana festival jajanan pasar ing latar.

Advertisement

Miturut salah sijine wongtuwa, Rosyatin, 37, warga Jebres Solo, anake dielokake fashion show supaya sinau kendel lan ora jirih ing ngarepe wong akeh. “Jalaran bocahe dhewe uga seneng, dadi aku ora meksa anakku kudu melu. Bapake uga njurung,” ujare Rosyatin.

Piyambake duwe pirasat yen anake kuwi duwe bakat dadi modhel. Kamelia,5, anake, seneng nari lan ora pisan-pindho dadi juwara lomba fashion show. “Jenenge bocah isih polos, yen dipitakoni duwe cita-cita apa, jawabe pengin dadi artis,” kandhane Rosyatin kanthi mesem ngguyu.

Wongtuwa liyane, Tri Suyanti, 37, uga pengin anake, Erviana, 5, dadi anak sing duwe sipat pracaya dhiri. Erviana, ujare Tri, kalebu jinise anak sing duwe sipat aktif lan ora bisa meneng. Tinimbang aktif nanging ora duwe kegiyatan positif, luwih apik dielokake kegiyatan sing bisa mbagun watak positif. Ing fashion show ana piwulang babagan kompetisi sing adil lan jujur uga nuduhake sipat sportif.

Advertisement

“Saliyane kuwi, bias kanggo nuduhake bathik marang bocah-bocah, nguri-uri bathik. Batik kuwi mligine Solo, dadi lucu yen bocah kelairan Solo ora ngreti bathik,” ujare Suyanti.

Busana sing dinggo Erviana iku direkadaya lan dijahit dhewe dening Suyanti. Suwene olehe njahit klambi bathik sedina mruput.

Salah sijine panitiya adicara, Angga Kusuma, piranti sing dibiji jroning lomba fashion show yaiku sikep bocah ing panggung, luwes carane mlaku lan obahe, cakrik bathik lan modhel klambine. “Luwih ing cakrik bathik tradhisional, nanging uga akeh sing nganggo bathik modheren, amarga werna lan cakrike luwih disenengi bocah-bocah,” ujare Angga. 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif