Jagad-jawa
Kamis, 23 Agustus 2012 - 08:40 WIB

MUSTANTO: Mbalung Getih Nresnani Kethoprak

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Mustanto. (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Mustanto. (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Gandrung karo kesenian kethoprak wus dirasake Mustanto wiwit isih SMA. Ing jaman semana, dheweke nganti turu ing mburi panggung nalika melu kesenian kethoprak keliling ing Jawa. Mustanto sing saiki dadi salah sijine anggota ing pepanthan Seniman Mudha Surakarta, dhisik ora ujug-ujug bisa melu pentas.

Advertisement

“Dhisik aku njaga parkiran. Banjur kuwi ganti jaga loket tiket. Terus munggah melu maragani prajurit saben ana pentas,” ujare nalika ditemoni Espos, durung suwe iki. Mustanto pancen nyenengi kethoprak sanadyan ora bisa urip saka kethoprak. Dheweke rumangsa marem amarga bisa nguri-uri budaya Jawa. “Pira ta dhuwit saka ketoprak? Durung bisa kanggo urip lan nyukupi butuhe kulawarga,” ujare.

Mula, dheweke uga duwe gaweyan liyane, kaya tata rias manten lan dekorasi manten. Dadi seniman ing kethoprak, tamtu uga ana pacobane, yaiku rasa wegah utawa aras-arasen arep munggah panggung, sebabe ora ditonton pamirsa sing akeh.

“Sapa sing saiki isih nonton kethoprak? Sithik banget, paling-paling generasi tuwa. Uripe kethoprak iki durung bisa ngadeg dhewe, isih disengkuyung dana saka Pemkot Solo,” kandhane Mustanto.

Advertisement

Salah sijine sebab yaiku kethoprak isih nganggo sistem tradhisional utawa konvensional, yaiku ajeg mbabar crita-crita lawas, tanpa ana tafsir sing anyar lan trep karo kahanan ing jaman saiki. Saliyane kuwi, piranti kanggo pentas uga wus lawas. “Kaya piranti panggung, kostum, ora ganti-ganti,” ujare.

Nanging tata cara konvensional kasebut uga isih ana keluwihane, kaya isih nganggo gamelan utawa tembang-tembang Jawa, lan crita sing bisa menehi pituduh bab urip tentrem uga ngandhut sujarah sing bisa disinaoni dening generasi mudha. “Pakem iki kudu tetep dienggo. Nanging uga kudu ana sing dimodernisasi, supaya generasi mudha melu seneng kethoprak.”

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif