Jagad-jawa
Minggu, 12 Februari 2012 - 11:21 WIB

MUSEUM WAYANG Ditinggalake Para Wiranom

Redaksi Solopos.com  /  Harian Jogja  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Koleksi Museum Wayang Kekayon (HARIAN JOGJA/DOK)

Koleksi Museum Wayang Kekayon (HARIAN JOGJA/DOK)

Wayang kang mujudake salah sawijine asil budaya bangsa, wus ditinggalake lan dilalekake, bakune dening para wiranom.  Wektu iki, wayang kang ing jamane nate nguncarakake asmane bangsa, mung dadi sesawangan ana ing museum.

Advertisement

Dina Jemuah Paing (3/2) kepungkur, swasana Museum Wayang Kekayon Ngayogyakarta kang mapan ing Jalan Wonosari No. 277, Banguntapan, Bantul, katon sepi.  Ora katon plancong kang nekani museum kang diresmekake dening Wakul Gubernur DIY, KGPAA Pakualaman VIII udakara taun 1991 iku.

Kang katon amung para pegawe museum kang nembe padha makarya lan para siswa PKL saka salah sawijine sekolahan ing tlatah Magelang, Jawa Tengah, kang nembe melu natal an ngresiki wayang. Wektu iku, Museum Wayang Kekayon pancen nembe didandani saengga ake wayang kang during ditata kanti tumata.

Mulyono, 70, salah sawijine pimpinan ing Museum Wayang Kekayon Ngayogyakarta nalika ditemoni Harian Jogja ngendhikakake, wektu sakiki banget arang para wiranom kang gelem sinau babagan wayang. Sakliyane iku uga arang wiranom kang gelem dolan utawa sinau menyang museum wayang. “Ajamaneh sinau, mirsani pagelaran wayang wae ing jaman sakiki wus arang kang kersa. Yen ana, cacahe bisa dietung nganggo driji. Mung siji loro wiranom kang gelem sinau lan nduweni krenteg kanggo sinau lan melu nglestarekake wayang, ngono ngendikane Mulyono.

Advertisement

Miturut Mulyono, jagat pewayangan ngemu piwulang luhur lan banget beik kanggo disinau, bakune tumrape para wiranom, ana ing sekolah-sekolah.  Bab iki mono uga perlu disengkuyung dening pamarentah, kanti cara nglebokake piwulang utawa pelajaran wayang ana ing kurikulum sekolah. “Bab iki nduweni ancas supaya wayang bias tetep lestari lan ora kalah kagusur dening budaya manca. Turis manca negara wae akeh kang sinau la ana sing wus bias ndhalang utawa dadi sinden, kena apa bangsane dhewe malah ora gelem sinau. Iki banget mrihatinake,” ngono ngendikane Mulyono maneh.

Pagelaran wayang mono, miturut Mulyono bisa diibaratake pawiyatan luhur kang bisa dileboni dening sak sapaa wae. “Ing pagelaran wayang, awake dhewe bisa sinau sabarang ngelmu lan piwulang luhur kang ana ing saknjeroning crita. Sakliyane iku ing pagelaran wayang kita kabeh uga bias sinau babagan basa, suba sita utawa sopan santun marang sapadha-padha  lan uga ngemu piwulang kepiye carane awake dewe ngajeni marang wong liya, bakune marang pawongan kang luwih sepuh. Iku kabeh bias disinau ing wayang kanthi cathetan awake dewe gelem mirsani,” ngono ngendhikane Mulyono mungkasi pangandhikane.(JIBI/Harian Jogja/Yudhi Kusdiyanto)

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif