SOLOPOS.COM - Hadi Warsono (JIBI/FOTO/Istimewa)

Hadi Warsono (JIBI/FOTO/Istimewa)

Ing tlatah Juwiring, Klaten, lan sakiterane, meh ora ana wong sing ora tepung marang Hadi Warsono. Priya kang wulu pametune gawe payung iki wus kondhang kaloka. Maneka warna jinis payung gaweyane wus kerep dinggo priyagung utawa masarakat umum.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ing daleme, ing Tlogorandu RT 002/RW 001 Juwiring, Hadi bisa nggawe rata-rata 30 payung seminggu. Becike, priya kang yuswane saiki 68 taun iku, uga gelem andum kawruh lan katrampilan gawe payung marang generasi mudha, mligine para mahasiswa sing kepengin ajar gawe payung.

Ekspedisi Mudik 2024

“Payung sing dak gawe iki payung saka kertas, kanthi cakrik lan werna kang werna-werna. Upamane payung kanggo layon, payung kanggo tenger pangkat ing Karaton Kasunanan Surakarta, payung kanggo upacara-upacara adat karaton, utawa payung kertas kanggo paesan omah,” ujare nalika ditemoni Espos, sawetara wektu kapugkur.

Payung kang digawe kanthi kerajinan tangan iki sawetara wektu kapungkur ngundang kawigatene mahasiswa saka sawetara pawiyatan luhur ing Solo. Ana sing njaluk diwuruki carane gawe payung, carane nggambari payung kanthi pilihan werna kang trep lan cocog, lan sapiturute.

“Aku kanthi seneng muruki para mahasiswa iku. Dak ajari sithik mbaka sithik nganti bisa. Sanajan ora suwe, nanging saora-orane para mahasiswa iku wus ngerti kepriye carane gawe kerajinan payung saka kertas,” tandhese.

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya