SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)

Nasib basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin ing titi wanci iki pancen sansaya bubrah. Pilihan tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki mung loro: nut bubrahe basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin utawa ngudi murih basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin kuwi tetep nut ing paramasastra.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Yen ta pilihane sing kapindho, mula pamulangan basa Jawa kudu diwiwiti nalika bocah ajar ngomong, nalika bocah mlebu pendidikan anak usia dini (PAUD), taman kanak-kanak (TK) lan SD. Sing wigati dhewe, kudune basa Jawa digunakake minangka basa panglantar ing TK lan SD kelas I-III saben dina.

”Basa Jawa kudu ditepungake wiwit bocah isih balita (bawah umur lima tahun, sadurunge bocah ngancik umur limang taun) supaya kulina. Kasunyatane, saiki wiwit ing PAUD/TK para guru wus nganggo basa Indonesia,” ujare dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Supardjo. Miturut Supardjo, nalika bocah kulina nganggo basa Jawa wiwit isih balita tudhone luwih gampang nalika kudu nyinau, merdeni lan nggunakake basa Jawa ing SD nganti SMA utawa sekolah sing sadrajat kanthi tata basa utawa paramasastra sing bener lan pener.
Kanggo ngudi murih basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin ora sansaya bubrah lan rusak, miturut Supardjo, pamarentah, sekolah lan guru-guru kasengkuyung kabeh warga bebrayan agung Jawa kudu gelem ndandani kurikulum muatan lokal (mulok) basa Jawa sing saiki ditrapake ing sekolahan-sekolahan.

”Akeh sing kudu didandani. Ana buku sing sesirah Basa Jawa, nanging isine maneka warna, ana sastra, budaya, paramasastra, geguritan, ejaan basa Jawa ing aksara latin lan sapiturute. Akeh banget. Mula prelu didandani,” pratelane Supardjo.

Ing pamulangan basa Jawa ora kudu nyakup kabeh bab ing ”jagad basa Jawa”. Tumrap siswa ing kelas I-III SD cukup sinau ejaan basa Jawa ing aksara Latin. Ejaan iki wigati jalaran dadi dhasar sinau basa Jawa ing aksara latin. ”Sabanjure, ing kelas IV-VI bisa sinau paramasastra, geguritan lan liyane,” piterange Supardjo. Kanthi mantha pamulangan basa Jawa sithik mbaka sithik, bocah bisa luwih temen-temen anggone nyinau lan kuwawa nguwasani apa sing disinau kanthi temen-temen uga, ora kaya wulangan basa Jawa jaman saiki: ora mung saklebat, mlebu kuping tengen metu kuping kiwa.
Rong jam wulangan basa Jawa sing kawengku ing kurikulum mulok, miturut Supardjo, genah ora nyukupi tumrap kupiya marisake basa Jawa sing apik, bener lan pener jumbuh pranatan sing isih lumaku marang generasi mudha Jawa jaman saiki.

Guru Karbitan
Kajaba kurikulum, mutu guru basa Jawa uga kudu didandani. Nalika Pemerintah Provinsi (Pemprov) Jawa Tengah (nalika kuwi gubernure Mardiyanto) netepake aturan sing ngejibke kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah kudu mulangake basa Jawa, akeh pawiyatan luhur sing mbukak jurusan pendidikan basa Jawa nanging ora linambaran kabisa utawa kompetensi.
”Lulusane ya guru-guru karbitan. Guru-guru sing mung pawitan nekad nalika mulang basa Jawa iki kalebu sing ndadekake basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin dadi bubrah,” pratelane Supardjo.

Kahanan iki bisa katitik saka guru-guru basa Jawa sing ora bisa nemtokake endi sing bener lan endi sing kleru nalika kudu nyocokake pitakonan lan kunci ing buku lembar kerja siswa (LKS) basa Jawa. ”Jan-jane sing kleru kuwi kunci LKS, dene jawabane siswa malah bener, nanging gurune ngukuhi kunci LKS. Dadine ya bubrah,” Supardjo nandhesake.

Nalika kuwajiban ngadani pamulangan basa Jawa ing sekolahan ditrapake, akeh guru adiyuswa sing kabiji pana ing bab basa lan budaya Jawa kajibah mulang basa Jawa. Ora duwe sangu baba paramasastra, nanging kajibah mulang basa Jawa. Miturut Supardjo, iki ya njalari bubrahe basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin.

Dosen linguistik ing Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS, Yohannes Suwanto, mratelakake buku-buku sing kaangep dadi sumber pamulangan basa Jawa sing saiki mratah ing madyaning bebrayan agung Jawa uga kudu didandani. Sapa wae sing mbabar buku-buku sing dianggep dadi sumber pamulangan basa Jawa kudu duwe rasa tanggung jawab. ”Aja mung waton mbabar buku. Editoror buku-buku basa Jawa kudu ngerti temen-temen bab tata basa, paramasastra, ejaan lan sapiturute. Aja mung mbabar buku jalaran ngajab bathi sakakeh-akehe kang kawusanane malah ngrusak basa Jawa,” pratelane Suwanto.

Kajaba kuwi, Suwanto mrayogagake lamun ana sing mbabar buku lan kamus basa Jawa apike kudu mepaki buku-buku kuwi kanthi pandom utawa tuntunan carane ngucapake, carane nulis lan sapiturute. ”Tandha diakritik apike diuripake lan digunakake maneh ing panulisan basa Jawa ing aksara Latin. Pamrihe supaya bisa dadi pandom cara maca sing bener lan pener,” Suwanto nandhesake panemune.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya