SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kaya padatan manawa arep bobok wayah bengi Dzaky mesti nyuwun supaya Ibune nyritakake, biasane dongeng warna-warna. Wengi iki uga mangkono, Dzaky wis nagih Ibune supaya crita. Sinambi astane ngelus-elus rambute putrane iku, Ibu miwiti crita. Wengi iku Ibu wis janji arep crita bab dumadine kayu manis, amarga esuk mau Dzaky karo Wafi sajak gumun weruh sawijining klika kayu katut ana kolak kang dimasak ibu. Bareng klika dijupuk jebul mambu wangi, arum, ngendhikane ibu kuwi klika kayu manis, pancen sengaja diparingake Ibu ana ing kolak pinangka ubarampene gawe kolak kareben mampu arum.

Critane dumadine Kayu Manis kaya mangkene, jaman biyen kacarita ana sawijining desa ana bocah wadon kang ayu banget, ayune nganti kawentar tumeka liya desa, mula Kenya kuwi mau tansah dadi pocapan ing saben papan panggonan, apa maneh manawa papan mau kanggo kumpulane para mudha. Kenya mau dadi kembang desa, ora mung trima ayu rupane nanging uga becik bebudene, mula akeh kang padha kesengsem lan tresna. Wis makaping-kaping si Kenya dilamar jejaka, nanging tansah disemayani, suwe-suwe amarga akeh kang pengin ngepek garwa, Kenya kasebut dadi rebutan lan ndadhekake regejekan, jebul sing adu otot ora trima joko, ana duda, malah kepara ana kang isih duwe garwa. Saking saka seriking wong-wong tartamtu, mula si Kenya manawa ora gelem milih salah siji arep ditundung saka desane.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kanthi rasa abot, si Kenya milih salah sawijining joko kang paling elek lan ora duwe utawa miskin. Mesti wae dadi kagete wong sakpirang-pirang. Joko miskin mau banjur takon marang si Kenya.

Ekspedisi Mudik 2024

“Cah ayu, banget panarimanku sliramu milih aku, nanging mangertiya manawa rupaku paling ala lan aku iki wong ora duwe, kanggo mangan dhewe wae saben dinane rekasa, menawa sliramu dadi garwaku banjur kepriye mengkone, coba pikiren maneh.”

“Boten kakang, tekad kula sampun gilig, inggih panjenengan ingkang badhe kula suwitani, perkawis rezeki ingkang Maha Agung badhe maringi.”

Gandheng wis padha sarujuk, mula sidane Kenya mau dadi garwane joko miskin. Anehe, panguripane saklorone tansah diparingi rezeki Kang Agung malah kepara turah-turah. Ora let suwe joko miskin mau dadi sugih brewu, kuciwane durung duwe momongan. Katon manawa saklorone padha seneng uripe, ayem tentrem. Sakwijing dina, sing lanang lara, pranyata larane ora bisa kamarekake nganti tumeka ing pati. Kenya mau dadi randha saiki, durung suwe dadi randha wis akeh kang padha nglamar lan ndadhekake regejegan maneh. Kanggo mupus supaya kareben ora ana padudon si Kenya mau milih saudagar saka liya desa pinangka dadi bojone, ora let suwe kaya bebrayan kang kapisan mau, keluarga saudagar dadi sugih brewu nanging panggah si Kenya during duwe momongan. Ora let suwe saudagar lara, lan seda padha kaya nasibe joko miskin.

Kaya dene prastawa kapisan, bareng dadi randha akeh kang padha rebutan arep dadi sisihane si Kenya, senajan akeh kang ngomong manawa si Kenya duweni keanehan kang jalari sapa wae kang dadi garwane bakal adi sugih nanging banjur mati. Pranyata samsaya akeh kang padha kepingin dadi garwane si Kenya. Kanggo nyidem supaya ora ana padudon, si Kenya angger garwane seda banjur enggal dadi manten maneh, kedadeyan mangkene nganti ping pitu, saben garwane seda si Kenya katon samsaya ayu lan tambah enom. Kahanan kaya mau mangkene jane ora dikarepake karo dheweke, pepinginane mono dheweke bisa lumrah kaya sabangsane wong liyane. Crita ngenani bab si Kenya kepireng marang ratu, ratu banjur utusan supaya si Kenya sowan Kraton, bareng kanjeng ratu pirsa kasulistyaning si Kenya, Ratu uga kepencut arep mundhut garwa. Saebe kagete si Kenya.

“Nyuwun sewu kanjeng ratu, panjenengan ugi miring piyambak lelampahan nan dalem, menawi panjenengan estu dados garwa kula, dados pundut samangke para warga badhe kecalan Ratunipun ingkang dipun tresnani,” ujare si Kenya.

“Wis to diajeng, aku wis sumadya mati jer bisa sesandhingan karo kowe,” ngendhikane Ratu sing wis kesengsem karo si Kenya.

Si Kenya pamit, semaya arep menehi katrangan panglamare Ratu ditampa ora telung dina engkas. Tekan omah eba bingune si Kenya, dheweke nggetuni nasib kang tansah dilakoni.

“Kanggo mungkasi kabeh iki mau, aku kudu lunga saka desa kene, aku mertobat marang kang gawe urip kanthi mertapa ana alas, kareben ora ana kang bisa nemoni aku maneh,” kandhane si Kenya marang keluargane. Wayah tengah wengi, dheweke ninggalake desa lan keluarga kang banget ditresnani tumuju alas wingit kang adoh saka desane. Genep telung dina rombongan Kraton utusane sang Ratu nagih janji pengin krungu semaurane panglamare Ratu marang si Kenya. Nanging si Kenya wis ora ana ngomah, Bapak Ibune banjur matur apa anane maang uturan Kraton, bareng-bareng warga lan Ratu padha nggoleki si Kenya nerak-nerak alas. Nanging si Kenya ora ketemu, mung wae ana sawijining uwit kang ganda arumana satengahing alas. Kabeh banjur tumuju ing uwit mau, padha ngungun, lagi kuwi tinemu manawa ana uwit kang ambune arum. Ing sacedhake uwit tinemu barang-barang duweke si Kenya. Kabeh banjur ngerti manawa uwit kuwi mau malihane si Kenya kang mertapa. Dening Ratu uwit mau di jenengake Kayu Manis.

“Ngono kuwi le mula bukane Kayu Manis, saiki akeh banget manfaate si kau manis kuwi mau, bisa kanggo bumbu lan tamba, malah Kayu Manis kuwi saiki diekspor, dadi bisa ningkatake panguripane petani kayu manis, racake kang duwe uwit kayu manis kuwi sugih amarga, klikane kayu manis larang regane,” ngendikane Ibune Dzaky mungkasi crita.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya