Jagad-jawa
Sabtu, 30 Juli 2022 - 22:52 WIB

Milih Kenya Ayu saka Suriname

Damar Sri Prakoso  /  Ika Yuniati  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Saperangan pasarta Putri Jawa Suriname (Facebook Putri Jawa Suriname)

Solopos.com, SOLO — Saperangan wektu kapungkur ana adicara kang narik kawigatene wong akeh, yaiku adicara sayembara Putri Jawa Suriname 2022.

Acarane meh padha plek karo acara-acara kontes kecantikan liyane. Bedhane, acara iki kanggo milih kenya ayu kanthi pasarta mligi para wanita saka Suriname keturunan suku Jawa.

Advertisement

Adicara kuwi banjur dadi kembang lambene wong akeh lan kabeh padha kepingin weruh sapa kang wusanane dadi juwara utawa kapilih minangka kenya paling ayu sak-Suriname.

Jroning poster sing nuduhake gambare 15 pasarta kang mlebu babak final, jeneng lan praenane pasarta narik kawigaten.

Advertisement

Jroning poster sing nuduhake gambare 15 pasarta kang mlebu babak final, jeneng lan praenane pasarta narik kawigaten.

Ing sisih ndhuwur poster adicara kuwi, ana tulisan basa Walanda kang unine “Met trots presenteren wij de 15 contestanten van Putri Jawa Suriname 2022.”Kurang luwih ing basa Jawa tegese “Kanthi mongkog atine nepungake 15 kontestan Putri Jawa Suriname 2022.”

Sangisore tulisan kuwi, ana gambare 15 kontestan. Disawang saka praenane, kabeh kontestan kuwi isih ketara Jawane. Praupane kaya rupa-rupa wong Jawa kabeh. Apa maneh nalika maca jeneng mburine. Genah mambu-mambu jenenge wong Jawa.

Advertisement

Dene larik ngisor dhewe yaiku Putri Priscilla Wirokarso, Putri Sacharell, Putri Sitie Kasdjo, Putri Trinity Sadam, lan Putri Xavierra Mangoendinomo.
Jeneng-jeneng kaya Soemopawiro, Ngadino, Katidjo, Wirokarso, Kasdjo, Mangoendinomo, lan sapanunggalane kuwi jeneng-jeneng mligine wong Jawa.

Dene Suriname yaiku salah sijine nagara ing Amerika Selatan. Jaman mbiyen, akeh wong Jawa sing padha pindhah menyang kono.

Kayane acara milih Putri Jawa Suriname lagi sepisan iki diadani. Jroning katrangan sing ana ing Facebook dijlentrehake saperangan sarat kanggo melu dadi calon ratu kecantikan saka acara kuwi.

Advertisement

Sarate ora neka-neka, mligine kenya mudha, ayu sulistya ing warna, lan kuwat ing tekad, umure udakara 17 tahun nganti 25 taun.

Ora ana aturan mligi ngenani bab busana. Para pasarta kepara dijaluk nuduhake jati dhirine dhewe apa anane lan nganggo busana sing kapenak dienggo.

Sawuse kapilih 15 kontestan, Putri Jawa Suriname banjur nggelar adicara final, 30 Juli 2022.

Advertisement

Jakiem Asmowidjojo, salah sijine pengurus organisasi Diaspora Jawa Suriname ing Walanda, mratelakake adicara Putri Jawa Suriname 2022 iku saliyane kanggo sayembara ratu kecantikan, uga dadi sarana nggiyarake budaya Jawa marang para pasarta lan uga warga masarakat.

“Sing baku, uga bisa nambah rumakete Jawa lan Suriname. Saliyane kuwi, kanthi sarana adicara Diaspora Jawa Ngumpulke Balung Pisah, muga-muga bisa nggawa [budaya lan piwulang] Jawa dadi luwih cedhak marang wong Jawa ing Diaspora,” ujare Jakiem, nalika diwawancara Solopos.com, Rebo (13/7/2022).

 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif