SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kanggo mujudake rasa syukur marang Gusti kang wus menehi berkah kanthi asil panen kang apik, atusan warga saka Dhusun Srunggo, Desa Selopamioro, Kecamatan Imogiri, dina Akad Paing (20/11) kepungkur ngadani tradhisi Merti Dhusun lan Kirab Jodhang.
   
Warga ngadani kirab tumuju Guwa Cerme kang uga mapan ing Selopamioro. Dalan kang angel ora dirasa abor dening warga kang ngusung udakara 21 jodhang kang isi maneka werna dhaharan lan uga sesajen.
   
Sakliyane iring-iringan warga kang nggawa jodhang, kirab warga tumuju Guwa Cerme uga diregengake kanti anane jathilan, slawatan, lan uga atusan warga kang tansah nyengkuyung adicara iku.

Tradhisi Merti Dhusun lan Kirab Jodhang ing Dhusun Srunggo taun iki beda kalawan tradhisi kang diadani setaun kepungkur. Ing taun iki, warga milih ngarak utawa ngirab jodhang tumuju Guwa Cerme kanthi mlaku.  
   
“Taun wingi, warga nganggo trek kanggo nggawa jodhang,” ujare Ngadilan, 51, salah sawijining sesepuhing warga ing Dhusun Srunggo, nalika ditemoni Harian Jogja, dina Akad kepungkur.
   
Miturut Ngadilan, warga milik ngarak jodhang kanti mlaku merga ora kepingin ngrusak utawa ngilangi tradhisi lan budaya Kirab Jodhang kang wus dileksanakake wiwit jaman mbiyen, yaiku kanthi mlaku, ora nganggo trek utawa kendharaan liyane. Warga wis sarujuk bakal ngarak jodhang kanti mlaku, kayadene kang wus dileksanakake dening para leluwur ing jaman mbiyen.
   
“Pancen krasa kesel, ananing bab iku ora sepiroa menawa dibandingake kalawan berkah sing wus ditampa lan dirasakake dening kabeh warga,” ujare Joko, 40, salah sawijine warga Dhusun Srunggo I, nambahi pamawase Ngadilan.
   
Merti Dhusun Srunggo, miturut Ngadilan, mujudake salah sawijining warisan saka para leluwur kang tekan sakiki tansah lan bakal terus dilestarekake, kanthi diadani setaun sepisan. Merti Dhusun Srunggo lan Kirab Jodhang tumuju Guwa Cerme uga tansah  ajeg diadani ing dina Akad Paing. Saben RT saka 21 RT ing Dhusun Srunggo Siji lan Srunggo Loro, diwajibake nggawa jodhang kang wus direronce.
   
Sakwise tekan ing pelatarane Guwa Cerme, jodhang cacah 21 iku banjur ditata. Warga sakbanjure ndedonga marang Gusti Allah bareng-bareng. Sakwuse ndedonga, kabeh warga sakbanjure pada dhahar kembul bebarengan. Bab iku mono bisa mujudake pralambang manunggaling kabeh warga. “Tekan sakiki, kabeh warga tansah ngupaya supaya tradhisi iki tetep lestari,” ngono pangandikane Ngadilan.
   
Putri Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono X kang rawuh ing adicara Merti Dhusun Srunggo, Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Pembayun, mratelakake banget nyengkuyung adicara iku.(Juru Warta Harian Jogja/Dinda Leo Listy & Yudhi Kusdiyanto)

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya