SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Gunung Merapi kang nembe wae dadi sumbere prahara, ora dianggep satru, ananging malah dadi sumbering panguripane warga ing ereng-erenging gunung.

Penganggep iki uga kang tekan sakiki isih diugemi dening warga kang urip ing ereng-erenging Gunung Merapi, kayadene warga ing Desa Wonokerto, Kecamatan Turi, Kabupaten Sleman.
   
Merga anane Gunung Merapi, lemah ing tlatah Wonokerto tansah subur lan bisa menehi akeh wuluwetu, kayadene sabarang tetadhuran kang tansah menehi panenan kang becik. Kanggo ngucapake wujud syukur warga marang Gusti Allah kang wus menehi kemakmuran, warga ngleksanakake tradhisi Merti Bumi.
   
Sakliyane dadi tanda wujud syukur, Merti Bumi uga dadi cara kanggo nguri-uri kebudayaan kang nduweni ancas supaya tetanen ing ereng-ereng Merapi tansah subur, bakune  salak. Kanugrahan wujud kasuburan iku uga digambarake kanthi merti bumi, ngarak gunungan kang kadadeyan saka hasil panen, tumpeng lan liya-liyane.
   
Salah sawijine ciri tradhisi budaya Merti Bumi ing Wonokerto yaiku anane gunungan kang digawe saka salak kang dhuwure nganti udakara telung meter. Gunungan salak iki mono mujudake pralambang menawa kabeh warga ing Wonokerto tansah memetri tandhuran salak, lan dadi bukti menawa warga bisa urip makmur salak. “Gunungan salak iki kang dadi daya tarik,” ngono ngendikane Kepala Desa Wonokerto, Kasidi, nalika ditemoni Harian Jogja, Senin (22/8) kepungkur.
   
Kasidi njlentrehake, Merti Bumi diadani saben setahun sepisan, minggu sepisan ing sasi Sapar miturut penanggalan Jawa. Saksuwene seminggu, diadani sabarang pentas kesenian saka kabeh warga ing 13 pedhukuhan ing Desa Wonokerto. Kesenian kang dipentasake ing balai desa kanthi urut awan tekan bengi. Sabarang kesenian kang dipentasake kayadene jathilan, beksan lan liya-liyane. Ing taun iki, imbuhe Kasidi, tradhisi Merti Bumi wus diadani udakara enem sasi kepungkur yaiku nalika wulan Januari 2011.
   
Merti Bumi ing Wonokerto diwiwiti kanthi tradhisi njupuk banyu utawa tirta suci kang sumbere saka tuk pancer papat, yaiku saka sisih lor kulon, yaiku saka padhukuhan Tunggul Arum, saka lor wetan yaiku Padhukuhan Manggungsari, saka sisih kidul wetan yaiku sumber saka Padhukuhan Kembang lan saka sisih kidul kulon yaiku saka Padhukuhan Dadapan.
   
Tirta suci itu digawa menyang Balaidesa Wonokerto, lan sakbanjure diarak mubeng desa bareng kalawan sabarang ubarampe kayadene gunungan salak, tumpeng lanang, tumpeng wadon lan gunungan saka wulu wetu tetanen liyane. Lakune tirta suci, gunungan lan ubarampe liyane saka Balaidesa tumuju Lapangan Tunggul Arum uga diiring dening bregada prajurit lombok abang.
   
Ing Lapangan Tunggul Arum, dileksanani kenduri utawa ndedonga marang Gusti Allah, nenyuwun supaya kabeh warga ing Wonokerto tansah uwal saka sabarang bebaya, lan uga nyeyuwun supaya kabeh tetandhuran bisa subur lan bisa menehi asil kang becik. Saksiwe didongakake, gunungan salak dan hasil bumi banjur direbutake dening warga. Warga precaya menawa gunungan kang dienggo rebutan iku bakal menehi berkah kang becik kanggone kabeh warga.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Nyawijekake warga   
Kasidi ngendika, tradhisi Merti Bumi tansah diadani saben taun tanpa kendhat. Sakliyane nguri-uri kebudayaan, Pamerintah Desa Wonokerto uga nduweni ancas kanti anane tradhisi Merti Bumi, yaiku nyawijekake kabeh warga masyarakat. Bab iku mono bisa dibuktekake nalika Merti Bumi diadhani, yaiku kabeh warga tanpa mbedak-bedakake umur, agama lan golongan, melu nyengkuyung anane Merti Bumi. “Iki kang banget disesuwun kanthi anane Merti Bumi ing Wonokerto, yaiku ngraketake paseduluran antarane kabeh warga,” ujare Kasidi mungkasi pangandikane.(JURUWARTA HARIAN JOGJA/Akhirul Anwar)

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya