Merbabu lan Merapi

Durung nganti lembene mingkem anggone ngundamana wengi kang peteng, bledhek nyamber-nyamber mbudhege kuping, kahanan dadi sansaya atis, let sedhela udan deres kaya disuntakke saka langit.

Wayah rendheng taun iki pancen beda karo biyasane. Banyu udan kaya disuntak saka langit ora ana enteke, telung dina telung bengi nggrejeh. Aku wis mbatin bakal ana banjir gedhe kang nemahi desaku. Taksawang aneng jagak omah ana barisan semut pada munggah nggondhol endoge pinangka tanda-tanda alam yen arep ana banjir, mung panyuwunku muga-muga dudu banjir bandhang kang nggawa watu-watu gedhene saksirah kebo.

“Apa donya iki wis gething marang dheweke, apa alam iki wis sengit marang dheweke, apa kabeh jalma wis padha ngemohi marang dheweke?” batinku karo nyawang praupane.

Aku mung bisa nyawang dheweke kanthi rasa welas asih, ah,.. sakumpama dheweke manut karo omonganku mbokmenawa ora kaya ngene kedadeyane. Bandha entek, awak rusak, isih ketambahan wirang isin. Isin marang sapa wae, marang para sedulur, marang kadang mitra lan isin karo Sing Gawe Urip. Dheweke sambat ora kuwat nandang lara jiwa lan raga.

Aku kudu bisa mbantu dheweke, kudu bisa nylametake aja nganti mutung atine lan duwe tumindak ora becik, aja nganti nglalu, tumindak dosa sing bakale ora oleh pangapura saka Gusti Kang Ngreksa Jagad. Kanggoku, Sumi wis dakanggep kaya adhiku dhewe, kekancan wiwit sekolah dhasar nganti SMK apa meneh urip tunggal kampung ing padesan, dadi ya kaya sedulur.

“Sabar ya Sum, kowe kudu kuwat ngadhepi pacoban iki,” ujarku lirih karo ngelus-elus rambute sing ireng ketel.

“Apa kowe ya wis dicritani karo Pramono bab kulawargane?” Sumi ora wangsulan, malah mung gedhek.

“Kowe percaya yen Pramono iku isih legan?” Sumi ora wangsulan mung manthuk.

“Kowe percaya yen Pramono iku pegawe bank?” Sumi ora wangsulan, sajak rada rangu-rangu arep wangsulan.

“Kanggoku pakaryan iku ora penting waton gelem nyambut gawe ya entuk rejeki kanggo urip,” wangsulane Sumi manteb.

Krungu kabeh wangsulane Sumi mau aku wis cubriya.

“Apa mas Pramono mblenjani janji ya?” wangsulane karo nyawang udan wengi sing wis meh terang.

“Ora usah nggagas Pramono, kae wong lanang sing ora duwe tanggung jawab!” wangsulanku bantas.

“Ya ora ngono. Sapa ngerti dheweke neng paran lagi kena alangan saengga ora bisa menehi kabar,” wangsulane Sumi isih ngarep-arep tekane wong lanang pepujaning ati, ya mas Pramono priya bagus, nanging kanggoku wong bagus sing marahi ati dadi nggerus.

“Iki taun 2020, jaman modheren, yen niyate becik mesti wis kirim kabar mbuh nganggo layang saksuwek, mbuh nganggo telepon utawa SMS, mbuh kongkonan kanca apa sedulure, nyatane blas ora ana kabar babar pisan kaya ilang diunthal bumi.”

“Piye dakterke nyang rumah sakit bersalin saiki ya mumpung wis terang udane,” kandhaku karo nyawang praupane sing sansaya aclum. Sumi mung gedhek ora wangsulan. Miturut etungane kandhutane lagi umur wolung sasi dadi durung wancine babaran.

“Sakumpama mas Pramono ana kene mesti aku gelem dieterake nyang rumah sakit bersalin saiki, aku wis ora kuwat tenan,” kandhane Sumi karo ngelus-elus wetenge sing gedhene sakgunung.

Aku mung ngguyu krungu gunemane. E...ana wong wadon diapusi melek-melekan kok isih durung percaya. Diapusi njaba njero kok ora krasa. Mbiyen sakpenjaluke Pramono kabeh dituruti. Pinangka kanca raket aku wis elik-elik, ora sakmestine wong wadon iku menehi bandha marang wong lanang. Njaluk klambi diwenenehi, njaluk sepedha motor dituruti, njaluk pulsa diuja, prasasat kabeh kebutuhane Pramono dicukupi, ya ngene entek-entekane nganti bandha kang paling aji kanggone wong wadon dipasrahake. Mula nalika banyu lanang mau muncrat aneng rahime Sumi wetenge dadi abuh sagunung gedhene.

“Coba tulung ungaken lawang ngarep aku kok krungu swarane wong teka,” kandhane Sumi marang aku.

“Ora ana swara  apa-apa kok Sum, iki wis parak esuk tangeh lamun ana wong teka,” wangsulanku cekak.

Pikiranku nggrambyang marang kedadeyan karotengah taun kepungkur, nalika semana aku dhewe ya rada gumun sakatase Sumi iku prawan desa tur ya ora pati ayu rupane kok oleh pacangan wong lanang gedhe dhuwur bagus tur ngakune pegawe bank. Saben mara menyang ngomahe Sumi numpak sedan weton anyar. Ora ngertiya saben teka mung ngobral janji, nyilih dhuwit alesane dompete ilang. Dompet ilang kok saben dina, pegawe bank apa? Batinku wis cubriya. Nanging jeneng wong wadon lagi ketaman asmara, jare wingka katon kencana, sakpolahe mas Pramono mung dialem, penjaluke diuja nganti sawah tinggalane wong tuwa dilempit kanggo nguja wong lanang gegantilaning ati. Nanging pungkasane ya kaya ngene oleh-olehane.

“Aku ikhlas kabeh bandhaku entek kanggo mas Pram,” kandhane Sumi karo nyawang aku.

Aku ora bisa wangsulan, tak sawang Sumi kanthi permati, sakumpama bandhane entek nanging Pramono gelem teka lan tanggung jawab gelem ningkah, tak kira wangsulan kaya mengkono mau wis trep. Nanging nyatane wong lanang jeneng Pramono mau ora ketok irunge. Tak kira Pramono iku wong lanang sing penggaweyane mung apus-apus kanthi paitan rupa bagus.

Tak sawang Sumi sansaya lemes, sambate wis ora kuwat tenan. “Piye tak golek taksi ya?,” Sumi ora wangsulan. Pikiranku wis manteb, tinimbang ana apa-apa lan aku telat menyang rumah sakit luwih becik tak gawa nyang rumah sakit saiki. Sopir taksi tak kongkon banter anggone nyopir. Durung nganti seprapat jam wis tekan ruang ICU lan ditangani para bidan lan perawat

“Lha kok nganti telat kaya mengkene, saksuwene iki priksa kehamilan neng ngendi,” kandhane dokter sing nangani Sumi.

“Dereng nate priksa kehamilan dok,” wangsulanku cekak.

“Sampeyan sinten?” pitakone dokter marang aku.

“Kula kancanipun,” wangsulanku cekak.

“Hla garwane pundi?” pitakone meneh.

Duer,... kaya gludhug nyamber sirahku, aku ora bisa wangsulan. Pitakonan siji iki sing marahi sirahku lan sirahe Sumi mumet, nanging sajake dokter mau tanggap kahanane pasien.

“Sakumpama garwane ana aku njaluk pasarujukane kanggo operasi sesar, nanging piye meneh kahanane kaya mengkene, ya muga-muga wae kabeh lancar lan slamet,” kandhane dokter banjur mlebu ruang operasi.

Lambeku ndremimil donga marang Gusti Kang Maha Welas, muga-muga Sumi anggone babaran slamet lan bayine uga slamet. Bocah wadon kaya Sumi iku muga-muga tabah anggone ngadhepi urip, momong anak tanpa duwe bojo dudu bab sing gampang, jamane angel golek sandhang pangan, apameneh ngadhepi landhepe panyawang tangga teparo sing ora seneng.

Ora let suwe bidan metu saka ruwang bersalin karo nyurung kereta bayi isi bayi cacah loro.

“Putrane bu Sumi kembar, lanang kabeh,” swarane sumringah ngagetke atiku.

“Putranipun kembar?” pitakonku gumun.

Saksuwe seminggu Sumi lan bayi kembare diopeni neng rumah sakit bersalin, wancine mulih aku wis siyap kabeh ragat sing diperlokake, nanging saeba bungahku jebul pehak rumah sakit ora njaluk ragat babar pisan, jare saiki wis ditanggung dening BPJS kesehatan.

“Piye Sum, sapa jenenge anak kembarmu?” pitakonku marang Sumi sing lagi nyusoni bayine.

“Wis tak siyapke kok, aku ya wis krasa yen anakku bakale kembar,” wangsulane Sumi entheng.

“Sapa?”

“Merbabu lan Merapi, ben gagah lan kuwat kaya bapake.”

“O,...dhasar wong ora genah. Aja mbok pindho lelakon kaya mengkene,” wangsulanku rada mangkel.

 

Dening: Anis Asmediana

Dosen Prodi Teknologi Industri Pertanian Universitas Darussalam Gontor


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho