SOLOPOS.COM - Karya kang dipajang ing Pameran Ilustrasi lan Diskusi Cersil kanggo mengeti Kho Ping Hoo ing Balai Soedjatmiko, Solo, Sabtu (11/8/2012). (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Karya kang dipajang ing Pameran Ilustrasi lan Diskusi Cersil kanggo mengeti Kho Ping Hoo ing Balai Soedjatmiko, Solo, Sabtu (11/8/2012). (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Bocah saiki mesti akeh-akehe ora padha ngerti Kho Ping Hoo lan karya-karyane. Panyerat saka Jawa sing nulis carita silat tradhisional ing tlatah Jawa lan Cina. Kho Ping Hoo lair ing Sragen taun 1926 dadi panyerat carita silat taun 1960-1990-an. Piyambake wus ngasilake udakara 120 judul carita lan dadi salah sijine panyerat gedhe ing Indonesia.

Promosi Liga 1 2023/2024 Dekati Akhir, Krisis Striker Lokal Sampai Kapan?

Carita silat sing diserat Asmaraman Sukowati Kho Ping Hoo kasebut kalebu carita fiksi sing bisa menehi gambaran utawa imajinasi tumrap pamaose. Nanging jaman saiki, bocah luwih seneng maca carita silat utawa peperangan lan komik karyane wong Jepang lan Amerika. Kahanan kuwi bisa wae amarga wus arang banget ana wong sing gelem konsisten nyerat carita silat asli Indonesia kaya dene Kho Ping Hoo.

Upamane kepengin weruh utawa ngeling-eling judul carita silat karyanae Kho Ping Hoo yaiku Geger Solo, Geger Demak, Djoko Wulung, Sekarsih, Sejengkah Tanah Sepercik Darah. Saliyane kuwi, piyambake uga nyerat carita silat saka negeri Tiongkok. Ing Balai Soedjatmiko, karya-karyane Kho Ping Hoo uga dipamerake, Setu-Jemuwah (11-17/8), supaya menehi pengetahuan lan dadi pepenget, wus tau lair penyerat carita silat ing Indonesia sing konsisten lan dadi salah sijine literature fiksi silat ing Indonesia.

Sastrawan Sindhunata nalika adicara pambuka Pameran Ilustrasi Mengingat Kho Ping Hoo, Setu wengi, njlentrehake Kho Ping Hoo yaiku salah sijine penyerat sing duwe lelabuhan gedhe marang budaya maca ing Indonesia lan sujarah sastra. “Nalika metu carita anyar, masarakat padha gelem maca carita sing dawa banget.”

Ing adicara kasebut uga mbabar 40 ilustrasi saka ilustrator kaya Yohanes, Sriwidjono, Win Dwi Laksono. Ilustrasi kasebut bisa saka samak buku carita utawa ing njero buku kang nggambarake jejer-jejer silat. Senadyan Kho Ping Hoo durung tau urip ing Cina, nanging piyambake bisa nggambarake sakabehe kanthi trep.

Salah sijine kolektor buku carita silat Kho Ping Hoo, Ari Headbang, mratelakake manawa dheweke duwe satusan buku carita silat. Ari uga mamerake koleksi-ne kasebut ing diorama awujud gerobag utawa papan pasewan buku jaman dhisik. “Wiwit SD aku wus seneng Kho Ping Hoo,” ujare Ari sing saiki umure wus 41 taun.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya