SOLOPOS.COM - Petruk Dadi Ratu mujudake lakon wayang kang kaprah kanggo nggambarake lakune wong kang melik nggendhong lali.

Petruk Dadi Ratu mujudake lakon wayang kang kaprah kanggo nggambarake lakune wong kang melik nggendhong lali.

Jejere wakil rakyat pancen sarwa cukup. Jejere menteri ya sarwa cukup uga. Jejere nayaka praja utawa punggawaning praja genah kabeh kabutuhan urip wis dicukupi dening pemerintah utawa negara. Ing kahanan mangkono kuwi mesthinya kudu nyambut gawe temen-temen kanggo ngudi raharjaning rakyat. Nanging kang dumadi kaya crita ing ngisor iki genah kosok balene, prasasat melik nggendhong lalu.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Nyandhang klambi werna putih, wanita kang duwe rambut dawa kuwi mlebu ing Pengadilan Tindak Pidana Korupsi (Tipikor) ing Jakarta, Januari kepungkur. Dheweke mesam-mesem ing ngarep para wartawan lan tamu pengadilan.

Ing wektu kuwi, wanita kang kadakwa nindakake korupsi kuwi kapatrapan paukuman kunjara suwene patang taun nenem sasi. Krungu vonis kasebut, anggota DPR, Angelina Sondakh utawa Angie, kuwi katon tetep ngumbar esem, kepara malah tambah bungah. Mbokmenawa jalaran paukumane luwih entheng tinimbang panjaluke jaksa.

Mundur ing 2001, Angie mimpang pamilihan Putri Indonesia lan banjur kondhang minangka selebritas. Dheweke banjur makili Indonesia ing pamilihan Miss Universe. Dheweke kapilih dadi Putri Indonesia jalatan praupane kang nengsemake lan lantip sarta preduli marang kahanan sosial.

Ayu lan pinter dadi pawitan Angie ambyur ing jagad politik, dadi anggota DPR 2004-2009 lan 2009-2012. Emane, dheweke banjur keblondrok ing laku nerak angger-angger, dolanan dhuwit kang dudu hake. Miturut dhosen Filsafat Ilmu ing Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Oesman Arif, para panguwasa akeh sing padha lali sapa sejatine dheweke nalika nyekel kuwasa. Akeh pacoban kayata bandha dunya, wong wadon, pangkat, jabatan lan liya-liyane.

”Kuwi tuladha wong sing srakah. Melik kuwi pengin sing ora dadi hake. Banjur piye carane supaya antuk, nganti lali ukum lan pranatan,” ujare Oesman nalika disowani Espos ing griyane, ing Jebres, Solo, Senen (18/2).

Para pejabat kang duwe pangkat dhuwur, kaya anggota DPR, samestine ora mikir mung kebutuhan pribadine utawa partai. Kudune luwih nengenake mikir kabutuhan rakyat Indonesia. Nalika wus rumangsa kepenak ngrasakake kursi panguwasa lan kabeh kabutuhan kacukupan, ana sing banjur lali sapa sejatine dheweke.

”Lali marang rakyate sing wus nglempengake dalan nggayuh panguwasa,” pratelane Oesman. Ing titi wanci iki, miturut Oesman, separangan akeh panguwasa mung nengenake golongane dhewe. Tumindake ora nuduhake minangka jejering wakil rakyat.

”Wajib setor dhuwit kanggo partai. Mula ya korupsine nganti atusan miliar, malah triliunan rupiyah,” piterange Oesman. Jan-jane, miturut Oesman, yen butuh dadi pejabat sing uripe tentrem, blanjan puluhan utawa atusan yuta rupiyah kuwi wus cukup. Ora prelu mburu miliaran lan triliunan rupiyah sing jan-jane dudu hake.

Kuwi katelah wong melik nggendhong lali, yakuwi wong sing srakah. Apa sebabe rata-rata panguwasa dadi srakah? Kuwi bisa amarga kapribaden lan kahanan. Sanajan duwe kapribaden mulya, nalika mlebu ing kahanan kang sarwa reget ya samesthine melu gupak.

Mula, sanajan dheweke ora lali marang kasajatene lan rakyate, nanging kanca-kancane lan golongane sarta partaine bisa wae meksa supaya dheweke nglakoni tumindak kang nerak angger-angger. ”Mula ukum kuwi kudu ngadeg jejeg. Ora di dol murah,” piterange Oesman.

Nalika ukum ora bisa njejegake rasa adil, tumindak ala ora bakal bisa ilang utawa suda. Akeh para pejabat korupsi amarga rumangsa kepenak uripe, kancane akeh, ora bakal kapatrapan paukuman kang abot. ”Angelina Sondakh mung diukum patang tahun. Kuwi genah ora adil,” piterange Oesman.

Ing negara China jaman kawuri, wong sing korupsi diukum mati sakulawargane. Iki supaya para pejabat ora lali marang kasajatene, ora lali rakyate kang urip sengsara. Saiki, ukuman mati uga tetep ditrapake dening pemerintah China amarga korupsi kuwi mungsuh negara.

“Ing kene [Indonesia], ora [mungsuh negara]. Nalika mlebu pakunjaran, akeh pejabat padha niliki. Dadi kancane koruptor malah bungah. Rumangsa kuwat lan bungah duwe kanca wong gedhe, sanajan maling,” pratelane Oesman.

Kere Munggah Bale

Miturut dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Christiana Dwi Wardhana, unen-unen melik nggendhong lali yaiku pepeling menawa ing urip iki akeh dalan lan pilihan. “Apa dalan sing migunani, lan ana dalan sing katone kepenak nanging kawusanane bakal sengsara lan urip ora tentrem,” ujare Christiana.

Melik yakuwi pepenginan, ambisi, mula kudu waspada jalaran pepenginan kuwi bisa njlomprongake manungsa dadi titah kang asor, luwih asor tinimbang kewan.  Manungsa ing jaman modheren akeh kang senang golek kepenake dhewe, ora liwat dalan kang samesthine. Supaya cepet munggah pangkat lan jabatan, banjur mbayar utawa nyogok.

”Wingi dudu sapa-sapa, saiki wus duwe pangkat dhuwur. Kere munggah bale,” pratelane Christiana. Melik kang ora bisa dikendhaleni bakal ngobong nafsu saengga lali purwaduksina. Lali menawa urip kuwi kawengku ing angger-angger, aturan, pranatan. Jalaran mburu melik, wusana kelalen. Melik nggendhong lali anjoge mesthi ora becik.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya