SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Dwi Prasetya)

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Dwi Prasetya)

Durung suwe iki, ing tlatah Manahan, Solo, bisa kadulu baliho gedhe kanthi tulisan ”Mangayubagyo Walikota Solo FX Hadi Rudyatmo”. Tumrap sapa wae sing ngerti ejaan basa Jawa ing aksara Latin kang bener lan pener mesthi mbiji tulisan ing baliho kuwi kleru.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Tembung “mangayubagyo” ing baliho kuwi ora trep kalawan ejaan basa Jawa ing aksara Latin. Tembung sing bener yakuwi ”mangayubagya”. Maskot pamilihan gubernur Jawa Tengah 2013 uga nggunakake ukara basa Jawa sing ora trep kalawan pandom ejaan basa Jawa ing aksara Latin.

Ing samak CD lan kaset tembang-tembang campursari uga mratah tulisan abasa Jawa sing kleru, ora jumbuh paramasastra lan pandom panulisan ejaan basa Jawa ing aksara Latin. ”Saiki panggunane ejaan basa Jawa ing aksara Latin sing kleru kuwi malah dianggep sing bener, dianggep mratah, dianggep wis Jawa ndeles, dianggep wis Jawa banget. Coba wae ndulu larik-larik ukara ing VCD karaoke tembang-tembang abasa Jawa, rata-rata kleru panulise,” pratelane budayawan Jawa, Mufti Rahardjo.

Miturut Mufti, basa Jawa kuwi simbol peradaban. Ngelmu, kabudayan, wulangan warisan leluhur Jawa katulis ing basa Jawa. Nalika basa Jawa ilang utawa bubrah, ngelmu lan kabudayan ora bakal bisa diwarisake marang generasi sabanjure. Basa Jawa orang mung nyakup basa ing pasrawungan padinan. Sing wigati dhewe ing basa Jawa yakuwi dununge basa Jawa minangka benteng kabudayan Jawa.

Jaman kang sansaya maju, sansaya modheren, pancen ndayani basa Jawa. Internet kang sansaya mratah ndayani ejaan basa Jawa ing aksara Latin sansaya adoh saka pandom, saka tata basa, saka paramasastra. Saiki saben wong sing mudheng basa Jawa lisan wani nulis lan mbabar tulisan abasa Jawa kuwi ing Internet, kamangka ejaane kleru. Kahanan mangkene iki ndadekake ejaan basa Jawa ing aksara Latin sing kleru kuwi banjur dianggep mratah, dianggep bener, dianggep Jawa sing sejati.

Miturut Mufti, kahanan kasebut ora bisa disalahake. Wong Jawa kudu duwe cara lan kupiya supaya ejaan basa Jawa ing aksara Latin ora angslup sadhurunge surup. Jaman modheren, piranthi modheren, kudu bisa digunakake kanggo ngleluri basa Jawa ing aksara Latin kanthi ejaan sing bener lan pener.

Mrangguli kahanan kang kaya mangkono, Mufti duwe panemu lamun media massa wigati banget ing kupiya njaga ejaan basa Jawa ing aksara Latin supaya tetep trep kalawan pandom, tata basa lan paramasastra. Media massa–ariwarti utawa kalawarti–sing duwe lembaran mligi abasa Jawa kudu ngetrapake ejaan basa Jawa aksara Latin sing bener lan pener.
”Carane yaiku nguripake lan nggunakake maneh tandha diakritik. Pamrihe supaya carane maca bisa jumbuh werdine utawa tegese tembung. Upamane ’lemper’ sing tegses panganan sing digawe saka ketan lan ’lemper’ sing tegesei piranti sing mratah digunakake ing pawon,” piterange Mufti.

Panaliti basa lan sastra ing Balai Bahasa Yogyakarta, Dhanu Priyo Prabowo, nelakake lamun saiki pancen sansaya akeh tulisan abasa Jawa ing aksara Latin sing ora jumbuh pandom ejaan basa Jawa aksara Latin. ”Taun 2011, Balai Bahasa Yogyakarta mbabar buku Pedoman Umum Bahasa Jawa Huruf Latin Yang Disempurnakan,” piterange Dhanu nalika wawancara kalawan Espos srana telpon, Senen (5/11). Buku iki, miturut Dhanu, prelu enggal didandani supaya bisa nyakup maneka perkara sing saiki ndadekake basa Jawa ing aksara Latin sansaya bubrah.

Ana patang pehak kang bisa bebarengan ndandani ejaan basa Jawa aksara Latin supaya bener, yaiku pemerintah kanthi sosialisasi ejaan kang bener, media massa wigatine ariwarti lan kalawarti, media elektronik sing duwe giyaran b asa Jawa lan perusahaan rekaman tembang-tembang abasa Jawa.

Miturut Dhanu, lamun patang pehak kuwi saiyeg saekpraya ngugemi tata basa lan paramasastra basa Jawa aksara Latin kanthi temen-temen, ejaan basa Jawa aksara Latin sing saiki sansaya rusak kuwi bisa didandani. Basa Jawa pancen kudu nut jaman kelakone. Nanging, miturut Dhani, nut jaman kelakone kuwi ora ateges manut marang wong-wong sing cetha wela-wela ora ngerti pandom panulisan basa Jawa aksara Latin nanging kumawani ngrusak basa Jawa aksara Latin. (Ahmad Hartanto/Ichwan Prasetyo)

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya