SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Para kadang tani ing Padhukuhan Karang, Desa Gerbosari, Kecamatan Samigaluh,  Kulonprogo, dina Selasa Kliwon (4/10), ngadani tradhisi Baritan. Tradhisi iki mono mujudake tradhisi turun temurun kang ditindakake sakbubare panen pari ing saben taun.
   
Tradhisi Baritan diwiwiti kanti kirab dening ibu-ibu kadang tani udakara cacah 20, kang kabeh ngagem jarit lan nggawa tenggok isi asil panenan kayata pari, jagung, tela lan janganan. Ing kirab ugo ana gunungan cacah loro kang dikirab, yaiku gunungan panenan lan sijine gunungan jajan pasar. Sakbanjure gunungan dikirab tumuju ing laladan utawa sawah kang nembe wae ditanduri lan digarap dening para tani.
   
Sesepuh Dhusun Karang, J. C. Kustanto ngendika, baritan iku saka tembung lebar rit-ritan, kang tegese wayah sakbubar ngarit damen, sakbubare panen. Mula iku, tradhisi kang wus dilakoni wiwit jaman mbiyen iku tekan sakiki ora nate kendhat lan tansah diadani.
   
Rikala semana, baritan dilakoni dening kadang tani kanti nggawa rajakaya, yaiku sapi, wedhus lan kebo tumuju alas. Rajakaya dikalungi kupat lan diumbar. Para tani padha ndedonga, banjur leyeh-leyeh kanthi mangan kupat, nganti wayah surup. Kupat mono nduweni teges ngaku lepat, yaiku ngakone salah merga rajakaya akeh kang ora kerumat kanti apik. Saksuwene adicara iku, kadang tani  ana kang resik-resik omah lan kandang, supaya yen rajakaya bali menyang kandang, dadi mundak ayem.
   
Upacara Baritan kang diadani Selasa sore wingi, kadang tani uga nggelar jatilan. Bubar kirab, gunungan panenan lan jajan pasar banjur dienggo rebutan dening bocah-bocah. Para kadang tani leyeh-leyeh kanthi dhahar kupat, tempe, tahu lan pelas.
   
Kustanto ngendika, ing wayah iku, kadang tani bisa ngrasakake alam donya, langit kang padhang, gunung kang dhuwur, wit-witan kang ijo, alas kang ombo, manuk kang mabur ing awang-awang, rajakaya kang pating sliwer lan banyu mili.
   
“Ing sandhing alam iku, manungsa dikarepke bisa rumangsa alit ing ngarepe Gusti Allah, banjur bisa nambah iman,” ngono ngendikane Kustanto.
   
Ing upacara iku uga ana banyu kembang saka kembang telung warna, yaiku mawar, melati lan kenanga. Kembang-kembang ikut duwe teges kamulyan lan pangarep-arep berkahing Gusti Allah. Banyu kembang iku banjur disiramke ing rajakaya, kang dipercaya bisa ndadekake bagas waras.
   
Banyu kembang ugo disiramke ing alas supaya lemah dadi subur. Panyiraman iku uga ngemu donga supaya Gusti Allah tansah maringi berkah marang apa wae kang dadi sumber panguripane para kadang tani. Dene kanggo tolak bala ama tanduran, para kadang tani nyiramake banyu dlingo bengle. Tembang Gambuh Baritan dikumandangke kanggo pitutur polah kang kalantur.
   
Kustanto ngendika, upacara adat baritan kang rikala semana durung duwe teges, ing wayah iki diweneni teges rasa syukur marang Gusti Allah, mbangun rasa tresna marang sakkabehing makhluk urip, kalebu kewan lan lingkungan, nambahi semangat anggone nggarap alas lan uga nguri-uri budaya.(Harian Jogja/Nina Atmasari)

HARJO CETAK

Promosi Mabes Polri Mengusut Mafia Bola, Serius atau Obor Blarak

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya