Jagad-jawa
Sabtu, 3 Maret 2012 - 11:15 WIB

MAX BAIHAQI: Nggumregahke Kroncong

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Max Bahaihaqi (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Max Bahaihaqi (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Ing jagad kasenian Kutha Bengawan, asmane Max Baihaqi wus kondhang ing kaloka. Bab musik, saliyane wasis nyekel gitar lan piranti musik liyane, Max uga gelem ngrembakakake marang sepadhane utawa marang generasi mudha.

Advertisement

Kacathet sawetara kegiyatan kang ana sesambungane karo musik wus dadi kegiyatan padinane. Upamane ing kegiyatan Kroncong Bale kang digelar ing Balai Soedjatmoko, kegiyatan musik ing Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT), utawa jroning pepanthan musik Plasu Minimal, kang digarap bareng sawetara seniman mumpuni ing Kutha Solo. Pepanthan musike iku uga nggarap tembang-tembang kroncong kanthi cakrik sing beda karo umume. Nalika ana tembang karyane kancane, Max uga gelem mbiyantu nata komposisi-ne utawa aransemen tembange.

“Ing Orkes Plasu Minimal, akeh gagasan kanggo tembang kanga sale saka kanca-kanca. Kuwi banjur digarap bareng. Aku melu mbiyantu aransemen utawa nata iramane. Akeh-akehe tembang kroncong,” pratelane nalika ditemoni Espos ing Solo, sawetara wektu kapungkur.

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement

 

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif