SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Tlatah Dhusun Gunung Gambar, Desa Kampung, Kecamatan Ngawen, Kabupaten Gunungkidul, kayadene ora isa dipisahake kalawan sujarah perjuangane Pangeran Sambernyawa utawa Raden Mas Said, utawa Kanjeng Gusti Pangeran Adipari Arya Mangkunegara Ingkang Kaping Sepisan, nalika nyoba nundhung kumpeni Walanda saka Tanah Jawa.
   
Saka ing salah sawijining punthuk ing Gunung Gambar, Pangeran Sambernyawa wiwit ngatur para prajurit lan ngatur anggone bakal ngupaya nundhung Kumpeni.
   
Tekan sakiki, papan kang nate dadi pesanggrahane utawa dadi petilasane Pangeran Sambernyawa iku isih tetep lestari. Ananging kang nggawe tuwuh rasa prihatin, papan petilasan kang nyimpen crita sujarahe bangsa iku kayadene ora kerumat. Nalika Harian Jogja nyoba munggah menyang petilasan Gunung Gambar, kahanan sakkiwa tengene petilasan katon ora kerumat kanti apik.
   
Petilasan kang nalika jamane  Orde Baru utawa nalika Presiden Soeharto isih nyekel paprentahan tansah dirawat, sakiki katon ora kerumat maneh. Dalan  undhak-undhakan kang digawe saka plengsengan semen, katon wis wiwit pecah-pecah, kaya-kaya wus ora kuat nampani mobah mosiking jaman. Semono uga tetanduran ing sakkiwa tengene petilasan. Nalika tahun 1980-an, sakkiwa tengene petilasan Gunung Gambar isih akeh wit-witan gedhe lan akton asri. Ananging sakiki, wit-witan gedhe wus entek ditegori dening wong-wong kang ora nduweni rasa tanggung jawab.        
   
Saka pucuking Gunung Gambar, tlatah Ngayogyakarta lan tlatah Surakarta isa kadeleng kanthi permati. Ora salah menawa Pangeran Sambernyawa milih papan iku dadi pesanggrahan, bakune kanggo ngawat-awati prajurit Kumpeni Walanda.
   
Tekan sakiki, Pesanggrahan Gunung Gambar dianggep papan kang penting kanggone Kadipaten Mangkunegaran lan Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Bab iki mono ora uwal saka pentinge papan iku kanggone Pangeran Sambernyawa, kang sakbanjure dadi Adipati ing Kadipaten Mangkunegaran. Ing wayah-wayah tertamtu, utusan saka Kadipaten Mangkunegaran utawa saka Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat asring ngadhani upacara tradhisional ing Gunung Gambar. 
   
Miturut salah sawijining tetua Dhusun Gunung Gambar, Sutrisno, Pesanggrahan Gunung Gambar dianggep dadi papan kang banget penting kanggone keluwarga saka Kadipaten Mangkunegaran utawa saka Kasunanan Surakarta. Mula, sapa wae utusan saka kang teka, bakal ngaggep pesanggrahan iku papan kang suci. “Malah yen sing rawuh saka Kasunanan Surakarta, para utusan bakal nyopot sandal, kang nduweni teges salah sawijining cara ngurmati papan iku,”ngono ngendikane Sutrisno. 
   
Babagan kabudayan kang ana gegayutane kalawan Gunung Gambar, miturut  Sutrino, saben taun warga ing Gunung gambar tansah ngadani upacara tradhisional kang tansah ditekani dening utusan saka Kadipaten Mangkunegaran utawa saka Kasunanan Surakarta. Ing taun 2011, warga Gunung Gambar ngadani upacara tradhisional nalika tanggal pitu Juli kepungkur.
   
Miturut Sutrisno, upacara tradhisional ing Gunung Gambar mujudake cara kanggo ngurmati lan mengeti perjuangane Raden Mas Said utawa Pangeran Sambernyawa, kang ndadekake  Gunung Gambar dadi papan mesanggrah, yaiku nalika nyoba nundhung Kumpeni Walanda saka Tanah Jawa.
   
Miturut crita kang dimangerteni dening warga ing Dhusun Gunung Gambar, Pangeran Sambernyowo mujudake salah sawijining pangeran saka Karaton Surakarta kang banget gething marang Kumpeni Walanda. Ing sakwijining dina, Pangeran Sambernyowo wiwit ngrancang cara kanggo ngalahake Walanda. Pangeran Sambernyawa lenggah ing salah sawijining watu ing pucuking Gunung Gambar. Saka papan iku, Pangeran Sambernyawa mirsani tlatah Surakarta sinambi nggambar papan kang bakale kanggo merangi Kumpeni Walanda.
   
“Ing pucuk gunung ana watu jengene watu kong. Watu iku kang nate kanggo lenggah Pangeran Sambernyowo nalika nggambar tlatah kang bakale bakal diliwati kanggo merangi Walanda. Tekan saikiki, watu iku isih ana lan katon bolong,” ngono kandhane Sutrisno.
   
Ing sisihe watu kong, ana watu bolong kang tansah ana banyune. Miturut Sutrisno, banyu kang ana ing bolongan watu iku ora nate asat sanadyan ing saktengahing ketiga. Akeh warga kang nganggep banyu iku banyu kang suci lan bisa kanggo ngobati sabarang penyakit.
   
Ana uga crita kang ana gegayutane kalawan Gunung Gambar, lan tekan saiki isih dipercaya dening warga. Miturut Sutrisno, Gunung Gambar mujudake papan muksane salah sawijining pangeran saka Majapahit, yaiku Pangeran Gading Mas. Miturut dongeng, Pangeran gading Mas muksa ing salah sawijining gua kang ana ing Gunung Gambar. Mula tekan sakiki gua iku dianggep wingit lan asring kanggo papan semedi utawa ngalap berkah.“Asring ana warga kang bengi-bengi njaluk diterke menyang gua iku kanggo ngalap berkah,” ujare Sutrisno.
   
Tekan sakiki, Gunung Gambar dianggep dadi papan kang penting, bakune kanggo perjuangane bangsa ing Nuswantara. Upacara tradhisional uga tansah diadani ing Gunung Gambar, kanggo mengeti Pangeran sambernyawa kang nate mesanggrah ing papan iku.(Juruwarta Harian Jogja/Sunartono)

Harjo Cetak

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya