SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Dwi Prasetya)

Tanggal 17 Agustus 1945 dadi dina kang mirunggan tumrape bangsa Indonesia. Wektu kuwi dadi tengere bangsa Indonesia nalika uwal saka panjajahan. Wiwit dina kuwi, bangsa Indonesia nandhesake kamardikane, nganti seprene.
Kamardikane bangsa pancen wus digayuh kawit dina kuwi. Nanging sapungkure panjajah, apa ya bener bangsa iki uga mardika selawase? Akeh banget kang maknani kamardikan iki kanthi pamikirane dhewe utawa kahanan kang dirasakake. Tamtu, makna kamardikan tumrape manungsa siji lan sijine, utawa saklumpukan wong siji lan liyane ora bakal padha. Upamane kamardikan miturut buruh, miturut juragan, miturut mahasiswa, miturut pegawe negri, kamardikan miturut wong cilik lan sapiturute.

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Dwi Prasetya)

Promosi Gonta Ganti Pelatih Timnas Bukan Solusi, PSSI!

Sanajan ngono, apa kang dijabarake dening sakabehe wong iku ora ana sing kliru. Sebab, sejatine kamardikan iku mapan ana sajroning atine dhewe-dhewe. Sanajan uripe mlarat, nanging luwih bisa ngrasakake makna urip kang laras lan ayem, bisa wae diarani mardika. Tinimbang wong sugih mbekakat nanging uripe malah sarwa miris lan ora tenang, amarga samar gek-gek bandhane dadi incerane maling lan pikiran-pikiran liya kang pathing semliwer.

Bab kamardikan, Pangarsa Padhepokan Gedhong Godhong Gedhang Surakarta, Sugiyatna utawa kang kodhang diceluk Mbah Na, uga duweni panyawang kang beda. Miturut piyambake, kamardikan iku kacipta manawa pikir lan rasa iku bisa selaras utawa imbang. “Ya kuwi, kamardikan manungsa iku bisa kaleksanan manawa pikir lan rasa bisa imbang. Manawa abot sisih, ora bakal mardika sateruse. Upamane kabotan pikire, bisa ndadekake wong takabur, anane amung cakah runyah, mburu kakuwasan, lan liya-liyane,” ujare.

Kosok walike manawa kabotan rasa, kaya-kaya ngarepake tetesing embun. Arep njangkah anane amung rasa wedi lan gojag-gajeg. Jarene Mbah Na, jaman saiki akeh banget priyagung utawa wong lumrah sing kegeden rasa kurang pikir. Akire kecemplung utawa gampang dijlomprongke dening wong-wong sing duweni kakuwatan pikir kang luwih. “Conto priyagung sing bisa mardika, ora ing ngendi-endi nanging bisa tekan ngendi-endi, yaiku Gus Dur. Sanajan Islam, nanging Gus Dur marang agama apa wae bisa imbang, ora bot sisih, lan nalika jumeneng dadi Presiden RI ya bisa mardika. Kuwi conto kang nyata. Dadi Presiden nanging bisa menyang ngendi-endi, gampang mlebu rana utawa rene, tanpa lambaran kapentingan pulitik blas,” tandhese.

Mardikakake nurani
Ngrembug bab kamardikan, mligine kamardikane panggalihe manungsa, jarene Mbah Na, sing paling wigati yaiku manungsa kudu bisa mardikakake nuranine dhisik. Sebab, nurani iku kebon kang ora mardika lan gampang banget diiseni pangaruh apa-apa. Mula, minangka manungsa, kita kudu bisa mardikakake nurani dhisik. Nurani iku ya dadi papan kanggo nyelarasake pikir lan rasa.

“Aja ngomong disiplin manawa ora duwe nurani. Aja padha rebut prakara kajujuran manawa padha ora duwe nurani. Apik-eleke sawijining bab, manawa nurani ora didadekake hakim, bakale bubrah kabeh. Sajane piwulang Jawa wus paweh angger-angger utawa pituduh ngenani iki. Rasa iku nggone budi pakerti, ora banjur adigang, adigung, adiguna. Manawa iku dilakoni, mesthi luwih bisa mardika,” pratelane Mbah Na.

Supaya manungsa bisa mardika, tambahe, sing utama kudu bisa ngolah nuranine. Carane kepriye? Manungsa kudu wani dadi hakim tumrap awake dhewe, tumrap pribadine dhewe. Kudu bisa lan wani ngomong iya utawa ora marang dheweke dhewe. Aja amung waton ngomong iya, nanging nalika mernahi kahanan tartamtu, manungsa kudu bisa nemtokake sikepe dhewe. Iya apa ora. Kudu tandhes.

Dene manawa jaman mbiyen manungsa Indonesia iku kajajah dening Kumpeni lan bangsa liya, jaman saiki panjajahe beda maneh. Manungsa iku saiki kajajah dening sikep adigang, adigung, adiguna lan kahanan urip kang sarwa ora pesthi. Panjajah kang durung bisa disingkirake saka jiwa ragane manungsa sajane ya iku. Ateges, manawa durung uwal saka panjajahan kang kaya mangkono iku, ya ora bisa urip mardika. Utamane pikir lan rasane sajrone nglakoni urip ing donya iki.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya