SOLOPOS.COM - Stiker kanthi tulisan “Melik Nggendhong Lali, Yang Berniat Jahat Pasti Melupakan Kebajikan” sing ditemplekake ing sawijing kantor ing Kutha Jogja.

Stiker kanthi tulisan “Melik Nggendhong Lali, Yang Berniat Jahat Pasti Melupakan Kebajikan” sing ditemplekake ing sawijing kantor ing Kutha Jogja.

Ana kiai utawa ustaz kang dadi tepa tuladha masarakat lan ambyur ing jagad politik. Banjur keprungu kabar dheweke tumindak ala, korupsi utawa nampa dhuwit ora halal. Dheweke lali, jejere ustaz utawa kiai kuwi tansah dadi panutan lan tepa tuladha masarakat. Gebyaring donya mbokmenawa ndadekake dheweke lali marang jejere lan sapa sejatine dheweke.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

”Aku sedhih nalika ana ustaz malah korupsi, dheweke lali yen ustaz kuwi tansah didunungake minangka panutan, tepa tuladha,” ujare Kepala Lembaga Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS), Sahid Teguh Widodo, nalika disowani Espos ing kantore, Senen (18/2).

Ing budaya Jawa ana sesanti melik nggendhong bali. Miturut Sahid, sesanti kasebut ngandhut wulangan bab asketisme Jawa utawa pendhidhikan kang ngudi salarase jasmani lan rohani. Selaras antarane pepenginan lan kahanan jasmani lan rohani.

”Wong pengin sugih banget banjur esuk-sore nyambut gawe, ora leren-leren. Nalika wus sugih, awake lara amarga ora dijaga,” ujare Sahid. Mula saben duwe melik bandha kudu dikawal kanthi eling lan waspada. Ing ngelmu Jawa, papan dunung kang bener yakuwi selaras antarane jasad lan roh, sarta Illahi lan masarakat.

Nalika patang jinis iki dadi titik lan saben titik-titik kasebut digandhengake dening garis lenceng, wong kang salaras yakuwi sing dumuning ing titik perangan tengah. Ing agama Islam ana wulangan hablu minannas hablu minallah. Tegese salaras ing sesambungan antarane manungsa lan sesambungan manungsa kalawan Gusti Kang Maha Kuwasa.

Mula, nalika ana wong kang biyene mlarat, banjur dadi sugih lan semugih, ora gelem nampa kahanan lingkungan wong mlarat, uripe dheweke ora bisa salaras. Dheweke ora ngurmati manungsa lan kamanungsan. Lan tundhone, dheweke uga ora ngurmati marang sapa sing gawe manungsa, yakuwi  Gusti kang Maha Kuwasa.

“Wong sing gawe lara atine manungsa, ateges dheweke uga gawe lara atine sing gawe manungsa,” piterange Sahid.

Wong kang duwe pepinginan lan bisa nggayuh apa sing dikarepake, nanging wusana dheweke lali, kuwi amarga ora bisa ngregani laku. Dheweke luwih ngregani asil lan ndheleng apa sing bisa gawe bungah. Dheweke mung ngoyak kuantitas, ora kualitas.

”Urip kuwi dudu tugelan-tugelan. Nanging gandheng-gandhengan,” pratelane Sahid. Wajibe manungsa ya nrima nalika ing ngisor, lan ngucap sukur nalika ing ndhuwur. Wong sing ora jembar sipat sukure kayadene panguwasa lan politisi kang tumindak ala: nyolong dhuwite rakyat utawa korupsi.

Senajan apa-apa duwe, sandhangan apik-apik, montor larang regane, omah magrong-magrong, nanging kabeh kuwi ora cukup. “Wong kaya ngene iki wong nggragas kuwasa lan bandha donya. Dheweke lali yen nyolong kuwi kleru,” ujare warga Sukoharjo kang seneng  ndhudhah sejarah lan budaya Jawa, Heri Priyatmoko.

Apa sing wus dikekep, sanajan akehe banget, ora bakal bisa gawe mareme nepsu. Anane mung kurang lan kurang. Kaya sing wus dikandhakake dening pahlawan kamardikan India, Mahatma Gandhi, yaiku donya lan isine iki bisa nyukupi kabutuhane kabeh wong, nanging ora bisa nyukupi wong siji sing nggragas.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya