SOLOPOS.COM - Supardjo (FOTO/Ist)

Supardjo (FOTO/Ist)

Kapribaden lan tindak tanduk solah bawaning tiyang Jawi punika saged dipun perang ing tigang tataran inggih punika nistha madya lan utama. Kapribaden ingkang asor, andhap, nistha punika tindak tanduk ingkang dipundhasari dening sipat melikan utawi pengin ndarbeki ingkang sanes hakipun, dahwen, open, iren, meren, panasten. Manawi tiyang utawi sok sintena anggadhahi watak punika, sampun mesthi kemawon ingkang dumadi kados dene ingkang dipun ngendikakaken pujangga Ranggawarsita ing Kalatidha pada 7: amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi …. lan salajengipun.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Ananging kosok wangsulipun, kangge ngadhepi jaman ingkang kirang mikantuki punika, tiyang Jawi kedah anggadhahi lan nindakaken watak ingkang utama, berbudi bawa leksana, netepi pangandika, sarta dipunkantheni raos iklas, lila legawa, nindakaken jumbuhing patrap lan pangucap.

Sajatosipun, saupami tiyang Jawi punika ing panggesanganipun tansah netepi lan ngginakaken unggah-ungguh basa utawi tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama ing pawicantenanipun, tartamtu sampun saged adamel gesang guyub, rukun, boten wonten congkrah, lan pasulayan. Kados dene pangandika KGPAA Mangkunagara IV ing Wedhatama pupuh Sinom pada 1 “…. amemangun karyenak tyasing sasama“. Sikap Jawi ingkang kalebet nggambaraken paugeraning ngagesang prayogi, inggih punika ingkang saged nuwuhaken raos lan pangraos sejatosing gesang, lan saged nedahaken jati dhiri dhateng tiyang sanes jumbuh kaliyan kalenggahanipun. Tiyang Jawi tansah mersudi lan tanggeljawab, urmat dhateng tiyang sanes, andhap-asor.

Sikep sampun ngantos adigang, adigung, adiguna tansah dipun gatosaken lan dipunugemi. Sampun ngantos rumaos langkung kiyat, langkung kuwaos, langkung dene pinter, kepara kedah, sing bisa rumangsa, lan aja rumangsa bisa. Giri lusi janma tan kena ingina.

Manawi dipunsuraos, dados tiyang sampun ngantos sasekecanipun piyambak, dupeh saged ngendikan lajeng boten mawas wekdal lan panggenan, boten mirsani kaliyan sinten wawan rembag, kedah enget bilih ajining dhiri gumantung kedaling lathi. Malah kepara, sejatosipun ungel-ungelan aja dumeh punika saged dipun gandhengaken kaliyan bab punapa kemawon. Aja dumeh sugih lajeng sumugih, dumeh pinter lajeng kuminter, dumeh kuwaos lajeng kumalungkung.

Saestunipun tiyang gesang punika wiwit tangi tilem, lenggah, jumeneng, lumampah, pangandikan, kendel, sare, lan sanes-sanesipun ingkang dipuntindakaken ing saben dinten punika sampun ngantos nilaraken sekawan bab, inggih punika deduga, prayoga, watara, lan reringa, kados ingkang sinerat ing salebeting Serat Wulang Reh. Ing ngriki cetha sanget bilih salebeting panggesangan punika kedah tansah nglelimbang kanthi weninging manah saderengipun nindakaken samukawis (deduga); prayoga kedah nglimbang sae utawi awonipun, watara saged ninthingi lan nglelimbang saderengipun netepaken putusan, dene reringa tansah nengenaken pangati-ati apepayung budi rahayu. Sekawan bab punika, sok sintena ingkang saged hanjiwa, tartamtu badhe saged tumindak kanthi rereh utawi sabar, ririh ateges boten kesesa lan grusa-grusu, lan ing panggesanganipun badhe tansah ngati-ati.

Ungel-ungelan utawi unen-unen ingkang gumathok lan mligi anggadhahi makna tartamtu sanesipun ing antawisipun, Unen-unen Gusti ora sare, manawi dipun suraos kanthi saestu punika lebet sanget tancebipun ing pribadi-pribadining saben tiyang. Punika saestu badhe saged ndhapuk kapribaden lan jiwaning manungsa dados ajrih badhe tumindak ingkang nalisir saking bebener. Amargi punapa kemawon ingkang dipuntindakaken, sinaosa tiyang sanes boten mangertos, nanging priyantun wau tetep boten badhe saged uwal saking panguwaosing Gusti, jalaran Gusti mesthi pirsa. Ngono yo ngono nanging aja ngono, ungel-ungelan punika ngemutaken bilih tiyang gesang sampun kesangeten ing samukawis. Ing tradhisi Jawi wonten budaya ewuh pekewuh, ora patut, ora lumrah. Pramila  ing salebeting panggesangan dipunajab tansaha tumindak ingkang prasaja jumbuh lan pranatan utawi paugeran ingkang lumampah ing bebrayan.

 

Alon-alon waton kelakon, boten ateges namung sasekecanipun nanging pikajengipun bilih alon-alon punika nengenaken dhateng pangati-ati, waton tansah lumampah anut pranatan, lan kelakon tegesipun kasil. Dados sedaya punika saged kasembadan kanthi sae tur anut pranatan ingkang wonten. Makaten ugi ing bab mangan ora mangan waton kumpul, ing ukara punika boten nengenaken prekawis mangan utawi ora manganipun, nanging ingkang dipuntengenaken inggih punika ing bab raos saiyeg saeka kapti, manunggal nyawiji’

Salajengipun ing bab sikap Jawi Nrima ing pandum boten ateges pasrah tanpa pambudidaya, kendel tanpa ikhtiyar. Ingkang dipunkajengaken inggih punika saged narimah lan nyukuri punapa ingkang dipuntampi sasampunipun mbudidaya kanthi pakarti ingkang leres, liripun kathah, sekedhik, saged nampi kanthi rila legawa ing manah jer punika pancen peparingipun Gusti. Tepa slira, pikajengipun dados tiyang kedah saged mangertos swasana, mangertos semu, liripun kedah saged nepakaken pribadinipun “upama aku dheweke kepriye ? upama aku digawe lara ati, piye rasane” lan sapanunggalanipun. Dados manawi saged ngukur pribadinipun, kados pundi rekaosipun manawi dipundamel dening tiyang sanes ing bab ingkang boten sekeca, tartamtu lajeng saged njumbuhaken. Sedaya tiyang punika beda, boten sami, punika kasunyatan; nanging kanthi beda ing bab punapa kemawon kala wau ing salebeting gesang bebrayan, mesthi kedah saged patembayatan, rukun. Gesang ing pabrayan, boten badhe saged piyambakan, mesthi merlokaken sesambetan lan pambiyantunipun tiyang sanes, kepara dipun lambari raos pitados bilih rukun agawe santosa dene crah agawe bubrah mesthi ing panggesangan punika boten wonten dredah

Gotong royong lan sikep sami-sami kurmat dhateng asanes, mujudaken satunggaling warisan leluhur Jawi ingkang sae lan boten kadarbe dening bangsa manca. Ngrumaosi bilih gesang perlu nyekapi sedaya kabetahan, sae kabetahan sepele langkung-langkung ingkang rowa, awrat, boten saged piyambakan perlu pambiyantunipun asanes. Sadaya pakaryan badhe langkung gampil lan entheng manawi dipun tindakaken sarana gotong royong, jumbuh kaliyan kawontenan lan kekiyatanipun piyambak-piyambak. Kanthi gotong royong, saestunipun mujudaken sipat suka tetulung dhateng sesami, “sapa nandur bakal ngundhuh” punika taksih lumampah. Gotong royong, langkung-langkung dipunlambari pangajab sepi ing pamrih rame ing gawe badhe sangsaya nuwuhaken raos raket supeketing kekadangan.

Pangajab, Inggih awit kathahing kedadosan ingkang sampun singlar saking pitedah lan kaluhuraning budaya bangsa wetanan (Indonesia), pramila budaya Jawi mliginipun unen-unen ingkang gumathok lan anggadhahi pikajeng mligi lan luhur sarta sikep Jawi ingkang sanyata adi luhung punika kedah dipun rasuk mrih anjiwa anyarira dhateng sedaya warganing bebrayan. Manawi sedaya warganing bebrayan ing panggesanganipun tansah nengenaken dhateng tumindak kautamen, nebihi watak kanisthan, ing donya punika mesthi badhe tansah tentrem, ayem, aman lan sentosa boten wonten dredah, jer sadaya tiyang tansah amemangun karyenak tyasing sasama lan tansah memayu hayuning bawana.