SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/Harian Jogja/dok)

Ilustrasi (JIBI/Harian Jogja/dok)

Nalika wong lanang lan wong wadon jejodhowan arep nglakoni urip bebrayan, rasane donya iki kaya dadi duweke dhewe. Rasa bagya kang teka ora bisa dikira-kira. Rasa suka cita kang ana kayane ora bisa nelukake rasa bagya kang mirunggan iki.

Promosi Iwan Fals, Cuaca Panas dan Konsistensi Menanam Sejuta Pohon

Semono uga kang kelakon ing Tlatah Ngayogjakarta nalika Karaton Ngayogjakarta duwe gawe gedhe, nggelar dhaup ageng putri Sri Sultan Hamengku Buwono X, GKR Bendara lan KPH Yudanegara, Selasa (18/10/2011). Becike, rasa suka cita lan bagyane kulawarga ageng Karaton Ngayogjakarta iki uga dirasakake dening warga bebrayan. Upacara dhaup ageng kang ginelar kanthi regeng iku uga dadi pesta rakyat Ngayogyakarta. Kanthi jiwa raga lan bandha sing diduweni, warga ngupaya melu mangayubagya, nyengkuyung pawiwahan ageng kasebut.

Ewunan warga Kutha Gudheg kang rumangsa melu handarbeni, melu ngupaya nyengkuyung adicara iku kanthi nyuguhake maneka warna pagelaran seni budaya lan panganan sacara gratis. Kaya kang digelar ing Ratan Malioboro, Selasa sore.
Sawetara bakul angkringan, bakul bakso lan para bakul liyane padha nggelar dagangane ing papan kuwi. Dene para warga bisa melu aba lan mangan tanpa ngetokake dhuwit babar blas.

Apa kang dilakoni dening warga Ngayogjakarta iku kang diarani atur pisungsung dhumateng Sang Nata kang nembe nggelar pawiwahan ageng, ndahupake GKR Bendara lan KPH Yudanegara. Wegah kalah, sawetara seniman saka Ngayogjakarta utawa njaban wilayah Ngayogjakarta uga melu nyuguhake maneka warna pagelaran seni budaya kanggo nglipur warga. Kayata pepanthan seni Topeng Ireng saka Boyolali lan pepanthan seni Tari Likurai saka Atambua NTT, kang sacara mligi mapag lakuning adicara arak-arakan dhaup ageng. Sadurunge diarak, rombongan temanten iku dipapag dening puluhan pambeksa saka pepanthan kasenian tradhisional Topeng Ireng lan Tari Likurai.

Saka Taman Budaya Yogyakarta, rong pepanthan kasenian tradhisional iku mapag kirab temanten ing bangsal pagelaran udakara jam 15.00 WIB kanthi mlaku. Warga bebrayan padha aweh kawigaten luwih marang rong pepanthan seni iki jalaran bisa nyuguhake babaran kasenian kang nengsemake ing dhaerah Titik Nol Kilometer.

Miturut Pangarsa Pesta Rakyat Ngayogjakarta, Prasetyo Budi Laksono, pagelaran seni buadaya saka Topeng Ireng lan Tari Likurai iku amung dadi perangan cilik saka pagelaran seni agung kang disuguhake dening 47 pepanthan seni kang melu ngregengake dhaup ageng. “Adicara iki asesirah Pesta Rakyat Mangayubagya Dhaup Ageng GKR Bendara lan KPH Yudanegara. Ya kaya ngene iki mirunggane Ngayogjakarta lan pinunjule Karaton. Sing rumangsa melu handarbeni lan nyengkuyung Karaton ora amung saka Ngayogjakarta, nanging saka dhaerah ngendi-endi,” pratelane.

Sing luwih mbombongake maneh, para pasarta kanga sale saka njaban kutha iku teka dhewe lan nggunakake prabeyane dhewe. Kabeh iku dilakoni tanpa pamrih, kajaba kepengin melu andum suka cita marang warga bebrayan Ngayogjakarta lan minangka atur pasungsunge dhumateng Sang Nata.

“Aku sakanca seneng banget bisa mbabar kasenian jroning adicara iki jalaran Sri Sultan uga paring kawigatosan luwih marang seni tradhisional. Kaya sing dimangerteni, jaman saiki arang banget ana wong sing gelem aweh kawigaten marang kasenian tradhisional. Atur panuwunku dhumateng Sri Sultan, muga-muga piyambakipun tansah panjang umur lan ditresnani rakyat,” pangajabe Jefry Budi Kusumo, pamimpin Sanggar Tari Topeng Ireng Kridhamudha marang Harian Jogja.

Pesta Rakyat iki dadi salah sijine sesembahane warga Ngayogjakarta marang Karaton. Maneka warna kegiyatan seni lan budaya wus digelar kawit Minggu (16/10/2011) nganti Selasa (18/10/2011), kang nglimputi pagelaran dolanan anak, malem kasenian, suguhan beksan, kidungan pandonga lan sapiturute. ”Kabeh kuwi digelar kanggo mapag lan nglipur para tamu agung, kalebu Presiden SBY, sarta umbul donga supaya temanten kekalih bagya selawase,” ujare Budi.

JIBI/Harian Jogja/Apriliana Susanti & Bhekti Suryani

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya