SOLOPOS.COM - Adi Deswijaya SS, Dhosen Progdi PBSD Univet Sukoharjo (FOTO/Dok)

Adi Deswijaya SS, Dhosen Progdi PBSD Univet Sukoharjo (FOTO/Dok)

Desa mawa cara, nagara mawa tata. Ukara ing sisih punika mratandhakaken bilih wewengkon-wewengkon ing Pulo Jawi mliginipun anggadhahi adat saha tradhisi piyambak-piyambak, sinaosa namung dipunwatesi dening redi-redi utawi lepen-lepen. Adat saha tradhisi punika kala wau ingkang mbedakaken budayanipun bebrayan ing pagesangan antawisipun wewengkon satunggal kaliyan sanesipun.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Dening masarakat tartamtu, adat saha tradhisi wonten ing bebrayan Jawi kathah ingkang taksih dipuntindakaken saha dipunugemi dumugi samangke. Tuladhanipun tradhisi Mandhasiya, ingkang dumugi samangke taksih dipunugemi dening masarakat ing laladan sacelakipun pereng Redi Lawu.

Ngrembag tradhisi Mandhasiya, tumraping priyayi Jawi tulen, saktleraman badhe kemutan dhumateng salah satunggal namaning wuku, inggih punika wuku Mandhasiya. Tradhisi Mandhasiya kaliyan wuku Mandhasiya sajatosipun taksih wonten gegayutanipun.

Wuku Mandhasiya, minangka nama salah satunggaling wuku ingkang kapendhet saking nama-namanipun putra Prabu Watugunung, Ratu Gilingwesi, ingkang angka 14 saking gunggung 30 (kalebet asma Prabu Watugunung piyambak kawuwuhan kalih nama prameswarinipun). Manawi wonten Indonesia, wuku kala wau sami kaliyan zodiak, kadosta: Libra, Sagitarius, Cancer lan sapiturutipun.

Wuku Mandhasiya, dewanipun Bathara Brama, watekipun langkung sareh ing manah, ananging manawi nepsu sok anemeni. Rosa budinipun, keras tanpa pangapunten dhumateng tiyang ingkang nindakaken kalepatan. Menawi nembe nepsu boten saged pinalangan. Weton ingkang kalebet ing wuku Mandhasiya antawisipun: Ngahad Pon, Senen Wage, Selasa Kliwon, Rebo Legi, Kemis Paing, Jumuwah Pon, saha Setu Wage.

Tradhisi Mandhasiya minangka wujud upacara adat tasakuran merti desa ingkang taksih dipunwontenaken ing laladan Desa Pancot saha Blumbang, Tawangmangu, Karanganyar, sacelakipun pereng Redi Lawu. Katelah tradhisi Mandhasiya jalaran tradhisi punika katindakaken saben nem lapan sepisan, kaleresipun dhawah wonten ing wuku Mandhasiya, nyarengi dinten Selasa Kliwon (ing Desa Pancot) saha Rebo Legi (ing Desa Blumbang).

Ancasing kawontenaken tradhisi Mandhasiya punika boten sanes namung wujud atur panuwun masarakat sakiwa-tengenipun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking kalisipun saking ama utawi rubeda sanesipun saha minangka wujud raos remen awit saking sampun kasembadan niyat utawi gegayuhanipun tiyang-tiyang ing sakiwa-tengening laladan ngriku.

Upacara tradhisi Mandhasiya kawontenaken ing Peken Pancot, dhawah ing dinten Selasa Kliwon, inggih punika kanthi nyumadyakaken jajan pasar saha nguculaken ayam tumraping tiyang ingkang anggadhahi nadar, salajengipun rame-rame dipunrebat dening tiyang-tiyang ingkang sami dugi ing ngriku. Salebeting upacara punika ugi dipunwontenaken tata cara nyiramaken badheg (legen aren ingkang sampun dipunadoni) ing Sela Gilang, Desa Blumbang, panggenanipun mustaka Prabu Baka nalika kajeblesaken dening Gathutkaca. Ing ngriku ugi kawontenaken caos sesajen ing pratapanipun Gathutkaca ingkang mapan wonten Pringgandani, Desa Blumbang, kalajengaken pagelaran ringgit wacucal. Lampah-lampahing Upacara ing desa Blumbang dhawah dinten Rebo Legi.

Miturut kapitadosanipun tiyang-tiyang ing sakiwa-tengening Desa Pancot saha Blumbang, mula bukanipun wontening tradhisi Mandhasiya kawiwitan saking cariyos Legenda, inggih punika salah satunggaling putra kakung ontang-anting randha ing desa Dhadhapan ingkang badhe katedha dening Prabu Baka. Nalika putra randha ing Desa Dhadhapan kalawau badhe katedha dening Prabu Baka, dumadakan kapireng suwanten gumleger, sesarengan duginipun Gathutkaca ingkang nyamber mustakanipun Prabu Baka, kajeblesaken dhateng sela gilang. Sasampunipun merjaya Prabu Baka, Gathutkaca wangsul dhateng pratapanipun Pringgandani, ing Desa Blumbang, nyarengi ing dinten Rebo Legi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya