SOLOPOS.COM - Kirab Malem Selikuran 2012

Rombongan Kirab Malem Selikuran nindakake kirab saka Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat tumuju Joglo Sriwedari, Solo, Minggu (21/9/2012). Kirab diselenggarakake rutin saben tahun.

Nalika kelingan Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, mesthi uga eling marang tradhisi-tradhisi kang isih ginelar saben taun. Malahan, ana sangang tradhisi ing Karaton Solo kang wus turun temurun lan tekan dina iki isih digelar. Contone sekaten lan muludan. Salah sijine tradhisi kang umure wus atusan taun yakuwi malem selikuran ing Sasi Pasa. Tradhisi kasebut wus ana wiwit jaman Sultan Agung kanggo mengeti malem lailatul qadar.

Promosi Pramudya Kusumawardana Bukti Kejamnya Netizen Indonesia

Malem selikuran yaiku tradhisi kanggo nyambut tekane wengi sing luwih becik tinimbang sewu wulan, kang ginelar saben tanggal ganjil ing sepuluh dina pungkasan ing Sasi Pasa. Dadi, kabecikan utawa pangibadah sing dilakoni ing malem iki kaya pangibadah cacahe sewu sasi, tegese malem sing mulya kanggo nyuwun pangapura lan tambahe sukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

Mligine adicara kirab malem selikuran ing Karaton Solo, lumrahe ginelar ing tanggal 20 Sasi Pasa utawa malem tanggal 21. “Taun iki bakal ginelar ing tanggal 8 malem 9 Agustus,” kandhane Wakil Pengageng Sasana Wilapa Karaton Surakarta, Kanjeng Pangeran Winarno Kusumo utawa Kanjeng Win, nalika ditemoni Espos, Selasa (7/8) awan.

Ing tanggal 8 Agustus, bakal ana upacara kirab malem selikuran, yakuwi kirab sewu tumpeng, diyan ting ting sing dicagaki dhuwur, abdi dalem, pepanthan santi swara, lan pepanthan piranthi gamelan utawa tabuh-tabuhan. “Cacahe abdi dalem diwatesi, yakuwi 600-an abdi dalem,” kandhane Kanjeng Win. Kirab bakal kawiwitan saka Bangsal Maligi, banjur mlaku metu ing Kori Kamandungan, mlaku ngetan ngubengi Baluwarti.

“Kirab iki pradaksina, tegese karaton ana ing sisih tengen kirab, mula metu ing Kamandungan mlaku ngetan, ngubengi karaton,” ujare piyambake.

Sakbanjure kuwi, rombongan pasarta kirab mlaku tumuju Mesjid Agung Surakarta. Ing mesjid kuwi, tumpeng sing cacahe ana 1.000 bakal didongakake dening abdi dalem sing diwenehi pagaweyan njaga Mesjid Agung. Sabanjure kuwi, sega tumpeng lan kulupan diwenehake marang masarakat ing mesjid kasebut.

Sujarahe ana 1.000 tumpeng yakuwi minangka simbul pengetan malem sewu wulan. Diyan ting ting sing dhuwur kuwi uga duwe teges, yaiku wengi sing padhang jingglang amarga wengi sing akeh kamulyan lan kabecikan saka Sing Gawe Urip. Mula, ing malem-malem ganjil ing sepuluh dina pungkasan Sasi Pasa, umat Islam padha ngibadah luwih sregep tinimbang dina-dina sakdurunge. Mesjid dadi papan kanggo iktikaf utawa nenepi lan nderes maos Alquran, supaya luwih temenan anggone golek kamulyan lailatul qadar.

Satekane mesjid, tumpeng kuwi banjur didumke marang wong-wong sing iktikaf lan abdi dalem ing mesjid, supaya kabeh entuk kanikmatan lan kamulyan. “Tumpeng putih iki dhuwure mesti lincip, tegese yakuwi pangibadah ora liya mung kanggo nyembah Gusti Kang Maha Kuwasa. Umume ing pucuk ana lombok abang, kuwi ana sujarahe,” kandhane.

Sakdurunge agama kaya Hindhu, Budha lan Islam mlebu ing Jawa, wong- wong Jawa wus padha nyembah Gusti, mung jenenge beda-beda. Ana sing nyebut Sing Gawe Urip, uga ana sing nyebut Sing Ngecet Lombok. “Mula lombok abang ana ing pucuk tumpeng amarga alesan kasebut. Coba lombok sing ngecet manungsa, bakalan ora awet nalika ing panasan, utawa diuleg,” piterange. Mula, tradhisi karaton kuwi simbul pangibadah marang Gusti Kang Maha Esa.

Kanjeng Win uga njlentrehake, tradhisi malem selikuran sakdurunge jaman Paku Buwono X ginelar ing Mesjid Agung. Banjur PB X mbangun Bon Raja utawa Taman Sriwedari. Maleman Sriwedari banjur digelar ing taman kasebut. “Ana sing takon, malem selikuran kok ora ginelar ing Sriwedari? Jawabe yaiku tradhisi iki bakal dibalekake maneh ing asale,” kandhane.

Saliyane kuwi, Sriwedari saiki wus dianggep beda karo kahanan jaman semana. Bon Raja wus dipindhah ing Jurug, ora ing Sriwedari. Uga babagan beya kanggo nggelar maleman. Nalika maleman digelar ing Sriwedari, butuh dhuwit Rp26 yuta. Nanging nalika digelar ing Mesjid Agung, Rp10 yuta wae wus nyukupi. Mula, wus rong taun iki maleman ginelar ing mesjid supaya gemi lan nastiti babagan dhuwit.

Kajaba menehake tumpeng marang abdi dalem lan masarakat, ing mesjid kasebut uga digelar upacara wisuda tafsir anom, yaiku pawisudan abdi dalem takmir Mesjid Agung, yakuwi Kanjeng Raden Tumenggung (KRT) Muhammad Mukhtarom Pujodipuro. “Sing misuda yaiku Pengageng Karti Praja Karaton Surakarta, Kanjeng Pangeran Haryo (KPH) Kusumo Sangkoyo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya