SOLOPOS.COM - Malem Selikuran

Malem Selikuran

Kirab malem selikuran ing taun iki bakal digelar ing rong panggonan. Panggonan kapisan ing Mesjid Agung Surakarta dening Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Panggonan liyane ing Taman Sriwedari kang digelar dening Pemkot Solo lan Kelompok Sadar Pariwisata (Pokdarwis) Kutha Solo.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Malem selikuran wiwit jaman PB X pancen digelar ing Bon Raja utawa Taman Sriwedari. Nanging dening Karaton Solo, wus rong taun iki digelar ing Mesjid Agung.

Miturut Pangarsa Pokdarwis Solo, YF Soekasno, adicara kasebut wus ginelar kaping pindho, amarga karaton wus ora nggelar malem selikuran ing Taman Sriwedari. “Wus tradhisi, kirab malem selikuran kanthi simbul tumpeng lan diyan ting ting hik saka Karaton tumuju Sriwedari,” ujare piyambake marang juruwarta, Senen (6/8).

Miturut Soekasno, akeh masarakat sing padha takon apa sebabe malem selikuran ora digelar maneh ing Sriwedari kaya sing wus kelakon. “Mula Pemkot lan Pokdarwis ngisi adicara sing kosong kuwi supaya masarakat bisa nyambut malem lailatul qadar.”

Miturut Dhosen Ilmu Sujarah Universitas Sebelas Maret (UNS), Tundjung W Sutirto, prakara kirab sing ana loro, [Karaton lan Pemkot Solo], bakal bisa menehi penganggepan kang negatif utawa gambaran ala saka kaca benggalaning budaya Solo. “Kaya-kaya ana adu kirab antarane Karaton lan Pemkot Solo ing adicara malem selikuran,” pratelane Tundjung, Selasa (7/8).

Nanging nalika adicara kasebut disawang saka pamikiran ‘entuk apa ora’, saben wong bisa wae nggelar kirab kanggo nyambut malem lailatul qadar. Sing dadi prakara yaiku adicara malem selikuran kuwi budaya kang diinisiasi dening Karaton kang disengkuyung masarakat lan Pemkot. “Mula, miturutku, antarane Karaton lan Pemkot kudu ana pirembugan sing apik babagan malem selikuran supaya mbalekake kakuwatan budaya malem selikuran marang habitat-e, yaiku Karaton Surakarta, sing sah lan mengku tradhisi gedhe kaya malem selikuran. Nalika mung dideleng kanggo tontonan, ora bakal ana masalah, nanging ora beda karo adicara liyane, yaiku mung performance art.

Miturut Tundjung, ing jaman dhisik nalika ana tradhisi malem selikuran ing kutha Solo dadi adicara sing dienten-enteni masarakat. Kajaba amarga ana kahanan sing rame lan dadi salah sijine panglipure masarakat, uga ana wengkon spiritual agama yakuwi ngalap berkah saka hajad dalem malem selikuran kasebut. Saengga, masarakat ing jaman semana seneng banget lan dadi panuntun masarakat kanggo nyambut sepuluh dina pungkasan ing Sasi Pasa. “Sawetara mangsa, masarakat jaman saiki kurang preduli, malahan bisa diujarake, wus ora nggatekake babakan malem selikuran lan filosofi ing adicara kasebut,” kandhane.

Akeh sing duwe ukara, maleman selikuran ora diconto dening Nabi Muhammad SAW. Miturut Tundjung, ukara kasebut uga kudu tetep dikurmati. “Tradhisi malem selikuran yakuwi akulturasi budaya kang wus pas karo lingkungan ing kahanan kasebut. Tegese yaiku prelu tepa selira lan padha urmat kinurmatan saengga akulturasi ing adicara iki bisa dadi simbul kang duwe makna positif ing masarakat.”

Budaya tradhisi kaya maleman selikuran bisa dadi salah sijine agenda pariwisata kutha Solo. Piranthi- piranti kang ora bisa copot saka maleman selikuran yaiku piwulang ing njero tradhisi. Malem selikuran dari salah sijine piranti pendidikan watak kanggo generasi jaman saiki supaya duwe kapinteran intelektual lan kapinteran spiritual.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya