Jagad-jawa
Kamis, 29 Maret 2012 - 11:13 WIB

MAHESA LAWUNG: Alas Krendhawahana Ngandhut Crita Sujarah

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Espos/Burhan Aris Nugraha

Espos/Burhan Aris Nugraha

Mahesa Lawung, upacara adat Karaton Kasunanan Surakarta digelar kanggo nyuwun kawilujengan lan supaya adoh saka sakabehe mara bebaya.

Advertisement

Sawetara sumber nyebutake upacara iku diwiwiti saka tata cara kang digelar ing karaton. Sawuse upacara pandonga rampung, sabanjure kabeh ubarampe digawa tumuju Alas Krendhawahana ing Gondangrejo, Kabupaten Karanganyar.

Papan iki maune alas gung lewang-lewung lan wingit. Bebasan jalma mara jalma mati. Crita kang sumebar ing masarakat, papan iki minangka papan kalungguhane Eyang Bathari Durga. Upamane disawang saka alam dhimensi liya minangka karaton kanthi pamarentahan kang tinata apik.

Nugroho, warga Gondangrejo, nyebutake papan iki minangka papan kang wingit. Alas iki uga kebak tetuwuhan kang ngrembuyung lan runggut. Jarene, jaman perjuwangan mbiyen, papan iki kerep didadekake papan pandhelikan lan uga papan kanggo ngrancang strategi kanggo nggebug penjajah Walanda. Pangeran Diponegoro lan pehak Karaton Surakarta uga kerep ngadani pirembugan ing papan iki lan saben Walanda ngoyak tekan papan iki, mesthi ora tau bali.

Advertisement

“Presiden kapisan lan kaloro jarene ya tau nenepi ing papan iki nalika nggagas prakara nagara sing gedhe,” ujare, Rebo (28/3).

Sujarah nyebutake Alas Krendhawahana kaprecaya minangka papan kang angker amarga papane Bethari Durga. Mula wiwit jamane Jayabaya wis nyebutake Alas Krendhawahana minangka papan kang duwe kakuwatan gaib. Amarga alas mau papane Durga kang ing tetembungan sambung karo kala (Durgakala) mula supaya ora nuwuhake kala utawa mala kasebut sakbanjure dadi ratu Kalayuwati. Tegese, kalane sumingkir kari yuwatine yaitu kawilujengane tumrap ing wong sak nagari.

Kajaba saka kuwi ing wektu sakbanjure Alas Krendhawahana kang dianggep angker mau malah bisa dianggo papan ketemune antarane Pangeran Diponegoro lan Paku Buwono VII ngrakit cara kanggo nglawan Walanda nalika semana.

Advertisement

Dene pungkasane upacara kanthi cara mendhem sirah kebo ing alas iku, jarene Pengageng Museum Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, KGPH Puger, kebo iku simbuling bebodho kang kudu diperangi. “Bodho iku kudu dipendhem sajero-jerone,” ujare, ing sawijining kalodhangan.

Puger nambahke, mbiyen upacara Mahesa Lawung digelar kanggo ngurmati para leluhur. Nananging saiki luwih ngrembaka jalaran donga kang diumbulake uga kanggo kawilujengan nagari. 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif