SOLOPOS.COM - Mahasiswa Jurusan Sastra Daerah, Fakultas Sastra Seni Rupa (FSSR) UNS ngresiki naskah lontar ing Museum Radya Pustaka, sawetara wektu kepungkur.

Mahasiswa Jurusan Sastra Daerah, Fakultas Sastra Seni Rupa (FSSR) UNS ngresiki naskah lontar ing Museum Radya Pustaka, sawetara wektu kepungkur. (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Nalika dluwang isih dadi piranthi langka kanggo nulis naskah, carita lan sastra, para leluhur nggunakake lontar utawa godhong wit siwalan kanggo piranthi tulisan utawa aksara. Nanging saiki naskah utawa aksara ing lontar wus ora dadi wigatosan pamarentah. Mula, mahasiswa Jurusan Sastra daerah, Fakultas  Sastra Seni Rupa (FSSR) UNS kanthi gotong royong ngresiki lontak kasebut ing telung perpustakaan ing Solo, yaiku Radya Pustaka, Reksa Pustaka Mangkunegaran lan Sana Pustaka Karaton Solo.

Promosi Strategi Telkom Jaga Jaringan Demi Layanan Telekomunikasi Prima

Miturut Kajur Sastra Daerah FSSR UNS, Imam Sutarjo, kagiyatan kasebut dadi upaya akademisi UNS preduli marang naskah ing lontar kang umure wus atusan taun. “Umure wus tuwa, mula bisa gampang rusak. Saengga resik-resik lontar iki bisa dadi wujud preduli lan supaya lontar kasebut miguna tumrap generasi mudha,” kandhane deweke nalika ditemoni Espos ing UNS durung suwe ini. Tegese migunani marang generasi mudha yaiku isine ing lontar kuwi babagan sastra, kasenian, tata cara masarakat Jawa, moral, ngelmu pamulangan.

Museum Radya Pustaka duwe koleksi cacahe ana papat naskah lontar. Dening para mahasiswa kasebut diresiki nganggo campuran alkohol, lengo miri lan lengo sereh. Sakdurunge dilap nganggo campuran lengo kuwi, lontar warnane reget banget. Aksara Jawa nganthi ora katon mripat amarga kandele bledhuk. Banjur dilap alon-alon lan ngati-ati, aksara Jawa kang rapi ing lontar kasebut bisa dideleng maneh. “Kagiyatan iki gur resik-resik naskah lontar. Durung ing tahap maca utawa nyinaoni isine lontar,” ujare ketua pepanthan Yoko Gayuh Susilo.

Naskah lontar dadi bukti lan pratanda para leluhur Jawa kuwi dadi bangsa kang gedhe lan berbudaya. Bangsa kang priyayi lan dikurmati dening bangsa liyane. Ing Jaman Sriwijaya utawa jaman kejayaan Majapahit, kakuwasaan luwih jembar tinimbang jembare Republik Indonesia saiki. Saka naskah tuwa kaya lontar kuwi bisa disinaoni sistem kakuwasaan lan kemasarakatan ing tlatah Jawa. “Mula isine lontar kuwi nalika wus resik, bakal bisa diwaca lan diteliti. Bakal nemu maneka jinis ngelmu kang wus ana atusan taun kepungkur,” kandhane Imam Sutarjo.

“Naskah lontar uga ana ing Bali. Malah ing Bali isih digunakake dening masarakat lan dadi salah sijine piranthi adat Hindu ing Bali,” kandhane Yoko. Mula, lontar ing Bali luwih resik rapi lan terawat. “Kita bisa nyonto pamarintahan ing Bali kang preduli marang lontar. Jaman saiki lontar isih digawe dening masarakat supaya piwulangan ing lontar bisa disinaoni dening generasi mudha.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya