Jagad-jawa
Sabtu, 18 Februari 2012 - 11:52 WIB

Lomba Macapat Kanggo Nguri-uri Budaya Jawa

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - LOMBA MACAPAT-- Sewijing pasarta nuduhake kawasisane jroning lomba macapating Pendhapi Gehde, Balaikota, Solo Kamis (9/2). JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto

LOMBA MACAPAT-- Sewijing pasarta nuduhake kawasisane jroning lomba macapating Pendhapi Gehde, Balaikota, Solo Kamis (9/2). JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto

Akeh cara kang bisa ditempuh kanggo nguri-uri budaya Jawa. Cara sing paling gampang yaiku kanthi nggelar sawijining adicara nmirunggan utawa lomba tartamtu kang ngangkat utawa ana sesambungane karo budaya Jawa. Kaya kang dilakoni dening Pamarentah Kutha Solo ing kalodhangan iki.
Kanggo ngregengake pengetan ambal warsane Kutha Solo kang kaping-267, Kemis (9/2/2012) kapungkur, digelar lomba macapat tumrap para pegawe negeri ing lingkungan Pemkot Solo. Adicara iku digelar ing Pendhapi Gedhe Kompleks Balaikota Solo.
Udakara 30 pegawe saka sawetara kantor dhines ing lingkungan Sekretariat Daerah (Setda) padha andon kawasisan nembang macapat. Swasana tambah gayeng nalika Wakil Walikota FX Hadi Rudyatmo uga melu nyoba mbabar kawasisane nembang macapat.
Miturut salah sijine pegawe Humas Pemkot Solo, Bambang Harjanto, adicara nembang macapat iki minangka salah sijine wujud nguri-uri budaya Jawa kang dilakoni dening Pemkot. “Adicara iki uga kanggo ngregengake pengetan ambal warsane Pemkot Solo,” ujare.
Nembang macapat iku pancen ora gampang amarga saben tembang ana guru lagune dhewe-dhewe lan cengkok macapat uga mirunggan. Apa maneh nalika nembang tanpa ana iringan blas. Nanging ya ora angel yen gelem ajar. Ora mokal tembang macapat kayata Dhandhanggula, Maskumambang, Sinom, Asmaradana, Kinanthi, Pangkur, Durma, Mijil, Pocung, Gambuh lan Megatruh, bisa ditembangke kanthi pener.
Sekda Pemkot Solo, Budi Suharto, nyebutake pasarta  lomba nembang macapat iki cacahe ana 30 wong saka gunggunge pegawe 230 wong. Saliyane saka wong Jawa asli, lomba macapat iki uga dieloni pasarta saka etnis liya. Dene pengumuman juwara lomba macapat bakal dileksanakake jroning adicara pengetan ambal warsa kaping-267 Kutha Solo, Jemuwah (17/2/2012).

Advertisement

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif