SOLOPOS.COM - Gambar Nyi Rara Kidul minangka gegambaran dhanyang sing dening bebrayan agung Jawa pinitaya nguwasani Segara Kidul.(www.javaexclusive.com)

Gambar Nyi Rara Kidul minangka gegambaran dhanyang sing dening bebrayan agung Jawa pinitaya nguwasani Segara Kidul.(www.javaexclusive.com)

Saben papan ing madyaning bebrayan agung lan budaya Jawa duwe kapitayan gegayutan lelembut utawa dhemit. Saben papan duwe dhemit utawa lelembut sing beda kalawan ing dhaerah liyane.Ing alas ana danyang, ing kali ana danyang, ing wit gedhe ana danyang, ing barongan uga ana danyang. Kapitayan bab pedhanyangan kuwi pinitaya lan sumebar ing bebrayan agung Jawa turun-temurun.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ana crita lamun saben alas ana dhanyange. Sapa wae sing negor wit-witan ing alas kuwi sakepenake dhewe bakal cilaka uripe. Warga bebrayan sing dedunung ing sakiwa tengena alas kuwi bakal katerak pageblug lamun ada warga sing sawiyah-wiyah negor wit-witan, ngrusak alas sakepenake dhewe. Ing kali sing banyune bening lan mili uga ana danyange. Sapa wae sing gawe reget banyu utawa nggunakake racun naliak golek iwak ing kali kuwi uripe bakal cilaka.

“Crita mistis ngono kuwi urip lan diuripake dening bebrayan agung Jawa lan panguwasa ing jaman biyen nganti saiki,” pratelane dhosen Filsafat Ilmu ing Fakultas Sastra lan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret, Oesman Arif, nalika ditemoni Solopos.com. Crita babagan lelembut kuwi, miturut Oesman, mengku pangajab kanggo njaga kahanan utawa lingkungan supaya tetep lestari, ora rusak murih aja nganti sirna. Ing crita alas dijaga lan dikuwasani sawijining dhanyang jan-jane ngandhut tapsiran murih kabeh wong njaga lestarine alas kuwi. Alasa aja nganti dirusak.

Crita pedhanyangan kuwi ndadekake warga bebrayan agung kang durung ngerti werdine kaweden. Kahanan mangkene iki ndadekake wong-wong ora wani mlebu alas sakepenake dhewe, apamaneh negor wit-witan tanpa petung lan pranatan.
Paedahe, alas tetep lestari kang tundhone njaga imbange alam lan lingkungan. Nalika alas gedhe lestari, banyu ora bakal entek, kali ora bakal asat, belik bakal tetep agung ing mangsa ketiga. Dene ing mangsa rendheng, alas gedhe nyegah banjir.

Sadurunge jaman kolonialisme-liberalisme, alas-alas ing Nuswantara aman lan tansah dijaga dening bebrayan agung. Nalika kuwi, bebrayan agung ngugemi pranatan urip lamun alas kuwi sumber panguripan. Mula, bebrayan agung ngurmati lan mulyakake leluhur kanthi cara njaga alas. Carane kanthi mupangatake kapitayan anane lelembut lan dhemit.
Nanging, saiki wong Jawa wus adoh, kepara ora percaya, marang kapitayan mistis kasebut amarga dayane kabutuhan ekonomi lan ngrembakake sipat nggragas sing lair saka kapitalisme. Para investor ora nggape kapitayan bebrayan agung gegayutan titah alus, lelembut, dhanyang utawa dhemit. Wit-witan ditegor tanpa petungan, tanpa mikir nasibe anak putu ing jaman kang bakal teka.

Jinis dhemit kayata sundel bolong utawa wewe gombel pinitaya minangka pralambang laku uripe manungsa kang nerak wewaler, laku sedheng, nerak angger-angger. ”Sundel bolong lan wewe gombel kuwi dening wong Jawa digolongake minangka arwah penasaran. Iki ngandhut piwulang murih wong urip kuwi aja mung ngumbar hawa nepsu angkara murka,” pratelane Oesman.

Miturut Oesman, ing jaman kang sansaya modheren lan wong-wong sansaya rasional, kapitayan marang sing ora katon ing pandulu, bab sing ora kagayuh akal lan pikiran, kayata pedhanyangan, lelembut lan sapiturute, bakal tetep lestari.
”Mula nalik teknologi sansaya modheren sing aran kapitayan bab lelembut, dhemit lan pedhanyangan kuwi tetep bisa lestari. Kapitayan kuwi murakabi banget kanggo njaga alam,” piterange Oesman.

Miturut budayawan ing Solo, NN Wicaksono, kapitayan bab alam lelembut bisa kanggo njaga wutuh lan lestarine sawijining tlatah kang kawengku ing panguwasa politik. Nganti saiki isih bisa diwaca ing buku-buku bab Sunan Kalijaga sing nengeri Pulo Jawa lumantar crita dhanyang cacah 22 sing nguwasani Pulo Jawa.

”Sunan Kalijaga nengeri 22 papan sing dijaga dening bangsa lelembut,” pratelane Wicaksono. Sunan Kalijaga duwe kepentingan politik saka kapitayan bab pedhanyangan sing dadi perangan uripe waong Jawa. Lumantar crita pedhanyangan kuwi, Sunan Kalijaga ngejak song Jawa njaga Pulo Jawa supaya tetep nyawiji lan ora rusak. Amarga kapitayan kuwi dadi perangan uripe wong Jawa, mula ora ana wong Jawa kang wani ngrusak tlatah sing pinitaya dijaga dening dhanyang jumbuh apa kang jare dikandhakake dening Sunan Kalijaga kuwi.

”Sunan Kalijaga minangka jejering wali duwe kewajiban ing wewengkon agama Islam lan politik, salah sijine njaga tlatah supaya tetep nyawiji lan ora rusak utawa dirusak. Kapitayan bab pedhanyangan mujudake kabudayan Jawa sing dimupangatake dening Sunan Kalijaga,” piterange Wicaksono.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya