SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kelag-keleg suwarane si kuthuk kembar nangisi babonane sing didol menyang pasar. Sejatine si anak-anak pitik iki durung keconggah urip ijen. Nanging arep kepriye maneh karepe Kariyo, sing nduwe pitik ora bisa dialang-alangi. Babone kudu di dol kanggo nutup kurangan SPP-ne anake lanang. Pungkasane kuthuk loro kuwi kudu nrima, nglakoni dina-dina sabacute tanpa dikancani simbok.  Dina gumanti sasi. Kuthuk loro sansaya dewasa. Si anak-anak pitik sing wiwit gemakar  kuwi ngatonake yen mbesuke bakal tuwuh dadi jago sing pantes yen kanggo jago adon-adon. Dedege pideksa, dhadhane mungal wani, sikile pengkuh. Ulese  kuning resik mrebawani. Kluruke cemengkling, njalari sapa wae sing keprungu bakal kesengsem. Klebu juragan Taruna.

Sejatine si Kariyo ewa, nalika juragan Taruna nembung arep nuku pitike nanging merga diiming-imingi dhuwit setengah yuta, pungkasane Kariyo ngulungake salah siji anakan pitike kuwi.  “Adhuh iba nelangsane uripku,” pikire si anak-anak pitik. “Nalika isih cilik wis kelangan simbok bareng lagi miwiti dewasa kudu pisah karo sedhulur.” Nanging bola-bali si manungsa, saben nduwe karep mung nggugu senenge priyangga. Lan jago loro kuwi mung bisa pasrah lakune takdir, ora keconggah nduwa senajan gela.

Promosi Uniknya Piala Asia 1964: Israel Juara lalu Didepak Keluar dari AFC

Sawise dina kuwi, si jago urip dhewe-dhewe. Sing siji melu juragan Taruna dene sing siji tetep ana omahe Kariyo. Dikurungi ana kandhang lan dipapanake ana emperan ngomah, dinggo jago pethetan. Dhasar ulese apik lan kluruke bening resik mula ora mokal saben wong sing weruh mesthi ngalem.

“Ah, mendah senenge yen bisa nduweni,” ngono pikire sing kepeneran ngliwati omahe Kariyo. Sejatine wis bola-bali omahe Kariyo kedhayohan tamu sing wose nganyang jagone Kariyo sing kari siji kuwi. Arep dituku, pira wae panjaluke. Nanging si Kariyo puguh ora gelem ngulungake.

“Jago mung kari siji arep takopeni sakpatine,” tekade Kariyo.  Nanging bola-boli menungsa, saben nduwe karep kudu katekan. Ora preduli lakune sasar lan nyimpang saka dalan bebener. Lan sing kedadeyan ing petenge wengi sabubare grimis wis bisa kabadhe.  Jagone Kariyo siji-sijine di colong uwong. Saeba kagete si Kariyo dina sesuke, nalika dheweke nyipati kandhang jagone wis komplang.

“Wah, blaik sambergelap tenan,” pisuhe Kariyo ndridhil.  Cangkeme ndremimil nggetuni ilange jago sing dhekwingi wis dinyang rong yuta repis.  Nanging arep digetunana njur paedah apa. Jagone tetep ora bakal bisa bali. Pungkasane kanggo ngeyem-yemi ati si Kariyo lapur Pulisi.

Ora kecrita kepriye proses penyelidhikan ngenenai ilange jagone si Kariyo. Ganti crita ana papan liya. Papane juragan Taruna nguja kasenengane adu jago. Wis pirang-pirang tarungan jagone juragan Taruna ora ana sing bisa ngalahake. Kabrukane rosa-jalune landhep, jago sing kekabruk mesthi njungkel.  Juragan Taruna kuwi sejatine piyayi sugih. Nduwe selep gabah lan usaha toko material, treke sing disewakake uga sapirang-pirang. Nanging embuh, apa ya pancen watake menungsa kuwi sarwa kurang. Nganti bandha wis sagunung anakan si juragan Taruna isih rumangsa perlu nglumpukake dhuwit sarana ngabotohan adu jago.

Si jago ora bisa suwala. Saben didhunake ana kalangan adon-adon, dheweke kudu nurut pakone si juragan. Kluruk mbanjur kablag elar, ngerek-ereki lan ngabruk jago sing diculake dening pawongan liya ana jroning kalangan. Ora ana pilihan meneh kanggo si jago, awit yen dheweke ora enggal ngabruk mesthi dheweke sing dikabruk wani. Sing  ora bisa dinalarake dening si jago yaiku, ngapa kok manungsa-manungsa kae malah surak-surak seneng saben weruh dheweke adu nyawa, perang tandhing ana sajroning kalangan ?. Apa menungsa kae pancen seneng nyawang muncrate getih lan ngrungokake panjerite jago-jago sing nandhang kelaran ? . Ah embuh, pupuse si jago.

Kaya padatan, dina iki si jago ora bisa nulak nalika dipondhong mlebu kalangan lan didhepake karo jago liya. Sapandurat dheweke kaya tepung karo jago kae. Nanging ana ngendi dheweke lali. Si jago ing sisih kalangan sing ulese uga kuning wiwit kluruk, swarane cemengkling bening. Jagone juragan Taruna mbanjur nyedhak ngerek-ereki. Ora gantalan wektu jago loro kuwi wis campuh perang tandhing. Pamer ketrampilane ngempakake jalu, adu rosa. Sacleraman jago loro kuwi kaya kembar. Ules-ulese uga dedege. Ngemperi umpama dikandhakake jago loro kuwi nunggal babon. Nanging sapa sing preduli saumpamane bener jago-jago kae nunggal babon. Kanggone wong-wong ana kene, sing penting marem sarana nyawang adu jago.

Nganti pirang-pirang banyon jago loro kuwi durung ngatonake sapa sing bakal menang. Kabruk-kabrukan, tladhung-tladhungan. Bledug mabul-mabul kegawa angin sing tuwuh saka solahe jago kang lagi perang tandhing.  Surake menungsa ambata rubuh. Juragan Taruna bola-bali mlengeh maspadakake kalangan. Atine bombong dene jagone pancen jago sing pilih tandhing.

“Ora rugi jaman ndisik daktuku saka Kariyo limangatus ewu,” grenenge sajrone batin. Sauntara, ora kalah bombonge si Kardi Cakil sing ndhodhok ana pinggir kalangan karo prengas-prenges. Batine wiwit ngetungi cacahe dhuwit sing bakal digawa bali yen jago asile tuku saka bocah mendhem dhek wingi bengi kasil menang ing kalangan iki. Kardi Cakil ora perlu ngurus bocah-bocah wingi olehe entuk jago kuwi saka ngendi. Bah leh mbedog apa leh maling, ora urus !. Sing penting dheweke oleh jago apik lan regane murah. Titik.

Ora krasawis meh setengah jam punjul. Jago loro ing tengah kalangan wiwit lempe-lempe. Tenagane wiwit entek kekuras, nanging menungsa-menungsa iki durung trima. Merga durung ana jago kang dinyatakake unggul ing kalangan. Lan pancen durung ana critane adu jago kapungkasan kanthi asil imbang. Salah siji jago kudu mlayu metu utawa nemahi pati sajrone kalangan.

“Kok aneh ya menungsa-menungsa kae. Kepengin marem wae kok ndadak gawe sengsarane makhluk liya ?”  pangudarasane kupu-kupu kang miber ing antarane sing padha nonton adon-adon jago. Lagi wae kupu-kupu kuwi rampung nggone ngudarasa saka kadohan keprungu suwarane sirine pulisi. Sakkal wong-wong ing kono njenggirat, lan tanpa dikomandho agahan mlayu, salang tunjang.

“Gropyokan-groypokan !” pambengoke wong–wong kuwi saut-sautan, playune nggendring ngadohi kalangan adon jago nalika bampere mobil Pulisi ngaton saka tikungan. Kalangan adon jago iki pancen wis dadi target gropyokane Pulisi merga adon-adon kang minangka sarana ngabotohan mujudake salah siji larangane negara.

Satekane para Pulisi ing papan kono, kalangan wis sepi.  Mung ana jago loro sing dadi bathang merga kentekan tenaga.

“Ah,mesakake banget. Lagi wae si jago kasubya-subya nanging sawise pralaya tininggal glethak- kaya barang ina,” ujare kupu-kupu, abure ngedohi kalangan.

***

Kariyo isih durung bisa mangsuli, sing endi jagone. Dheweke mung bisa nyawang bathang jago loro kembar sing gumlethak kaku ing nduwur meja Kantor Pulisi. Mripate kethap-kethip, utege jibeg kelingan kuthuk loro sing kelag-keleg kelangan babon. Dhek jaman semana.

***

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya