SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Warga ing tlatah Desa Jepitu, Kecamatan Girisubo, Gunungkidul, durung suwe iki ngadani upacara tradhisi sedekah laut kang diwujudake kanti  Labuhan Ngalangi. Tradhisi kang diadani saben taun sakbubare panen, kaya adhat sabene diadani ing Pesisir Wediombo, kang isih lumebu ing tlatah Desa Jepitu.
   
Kepala Desa (Kades) Jepitu, Ridwan, nalika ditemoni Harian Jogja ngendika, ing taun 2011 iki, tradhisi Labuhan Ngalangi mundur merga mangsa kang rada owah. Upacara Labuhan Ngalangi, ngendikane Ridwan, diadani ing sakpinggiring Pesisir Wediombo, kang wektu iki uga wus dadi salah sawijining objek wisata kang banget diandelake dening Pamarentah Kabupaten Gunungkidul. Ananging tekan sakiki, upacara tradhisi kang disengkuyung dening maewu-ewu warga Jepitu iku durung bisa didadekake aset budaya dening pamarintah, bakune kanggo ngundang para plancong saka manca negara.
   
Juru kunci Wediombo, Mbah Wugu, nalika ditemoni Harian Jogja uga ngendika menawa Labuhan Ngalangi wus dileksanakake puluhan taun lan ora dimangerteni sapa kang sepisanan ngadani upacara iki.
   
Miturut Mbah Wagu, Labuhan Ngalangi tansah diadani saben taun dening warga kanti turun temurun.  Warga uga precaya menawa warga nglalekake ora ngadani upacara iku, bakal ana prahara, bakune ombak kang gedhe uga asil tetanen kang rusak. Suwalike, menawa tradhisi iki diadani, warga precaya menawa ombak gedhe ora bakal ana, lan asil panen uga bakale apik.
   
Labuhan Ngalangi uga dadi wujud ngeling-eling utawa mengeti ilange sandhangane Dewi Nawang Wulan ing Pesisir Wediombo. “Mula saka iku, saben diadani Labuhan Ngalangi, sakliyane nganggo kenduri saka asil laut lan tetanen, uga kudu ana lendhang lan lenga wangi,” ngono kandhane Mbah Wagu. Sakwuse didongani, kabeh sesajen iku banjur dilabuh ing Pesisir Wediombo.
   
Labuhan Ngalangi diwiwiti nalika warga nggawa lan ngarak sabarang sesajen tumuju ing Pesisir Wediombo. Nalika ngadani arak-arakan, kabeh warga kudu ngagem sandhangan tradhisional Jawa. Sing kakung ngagem surjan lan caping, lan kang wadhon uga kudu ngagem kebaya lan uga caping. Sakwise tekan pinggir segara, upacara banjur diwiwiti.

Lendhang Nawang Wulan
Crita bab ilange sandhangane Dewi Nawang ing salah sawijining tlaga ing Tanah Jawa tekan sakiki isih diprecaya dening warga Desa Jepitu. Warga uga precaya menawa tlaga  iku mapan ing sakkiwa tengene Pesisir Wediombo. Mula saka iku, warga tansah  ngadani upacara labuhan ing Pesisir Wediombo.
   
Miturut Mbah Wugu nalika ditemoni Harian Jogja, durung suwe iki, ing saben labuhan, warga kudu nyawisake ubarampe yaiku slendhang utawa lendhang lan lenga wangi. Tanpa ubarampe iku, upacara labuhan ora bisa dileksanani. “Iki wus dadi tradhisi, mula saben taun kudu diadani,” ngono ngendhikane Mbah Wugu.
   
Lendhang kang dienggo ubarampe, miturut Mbah Wugu, mujudake pralambang pambiyantune warga marang Dewi Nawang Wulan kang kelangan sandhangane. Dene lenga wangi mujudake pralambang menawa wong kang reresik utawa adus iku mujudake cara kanggo ngresiki awak utawa nyucekke awak, mula kudu tansah wangi.
   
Ing tradhisi Labuhan Ngalangi, lendhang ditaleni lan dipapanake ing sakngisore wit-witan kang dadi punjere upacara. Dene lenga wangi diusapake ing lendhang. Sakbanjure, Mbah Wagu banjur ndedonga kanggo miwiti upacara. Sakwuse didongani, kabeh sesajen banjur dilarung ing samodra ing Pesisir Wediombo.(Juruwarta Harian Jogja/Sunartono)

Promosi Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya