SOLOPOS.COM - Kusumo Putro SH (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Kusumo Putro SH (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Taman Sriwedari sing sepi lan peteng ndedet nalika bengi, ing sasi Pasa taun iki beda banget kahanane. Dadi rame kebak swara-swarane wong, swara musik lan gendhing Jawa. Ing Plasa Sriwedari ana pagelaran seni tradhisi, jejogedan saka sanggar seni budaya sak-Solo. Ing Joglo Sriwedari ana musik campur sari. Para bakul uga ngebaki sakiwa tengene latar Sriwedari. Kabeh mau kacakup jroning adicara Maleman Sriwedari kang digelar 2 Agustus-1 September.

Promosi Selamat Datang di Liga 1, Liga Seluruh Indonesia!

Wong sing duwe jasa ing Pasar Rakyat Maleman Sriwedari taun iki yakuwi BRMH Kusumo Putro SH. Piyambake dadi pangarsane panitia pasar rakyat sing wus lerem wiwit 15 taun kepungkur. Nalika ditemoni Espos, Minggu (5/8) wengi, Kusumo lagi ndeleng gelaran pentas seni tradhisi ing plasa. “Pancen ora gampang ngedhegake adicara sing wus mati 15 taun, akeh pacobane,” kandhane Kusumo.Nanging piyambake pracaya, sejatine Maleman Sriwedari dikangeni dening masarakat.

“Aku yakin bakal bisa mlaku. Dijurung dening Pemkot Solo, seniman Solo, PKL lan juragan swasta, uga masarakat. Iki bisa kaleksanan kanthi lancar,” ujare piyambake. Pacoba nalika arep nguripake maleman iki yaiku akeh sing ora yakin bakal bisa. Uga isih ana budayawan sing maido utawa menehi komentar sing ora njurung. “Ana sing ngomong, Maleman Sriwedari wus kelangan roh. Sing ngomong durung ngerti maleman. Iki lagi miwiti, taun ngarep bakal disampurnakake,” ujare.

Sing jenenge pasar rakyat, kandhane, uga menehi panglipur rakyat. Mula ana panglipur arupa musik campursari. Kajaba kuwi, uga ana adicara seni tradhisi saka sanggar-sanggar, boga rakyat murah, pentas seni religi, lan kirab selikuran. “Iki adicara inklusif, dadi siji karo masarakat, ora ana diskriminasi, bakul-bakul cilik uga sudagar gedhe kabeh bisa mlebu.” Taun ngarep, nalika sponsore wus akeh, pamirsa ora bakal mbayar tiket mlebu. “Saiki mlebu mung mbayar Rp2.000,” kandhane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya