Jagad-jawa
Sabtu, 13 Oktober 2012 - 16:23 WIB

Kudu Laras Karo Basane

Redaksi Solopos.com  /  R. Bambang Aris Sasangka  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Para siswa SDN Kleco 1 dan 2 Solo belajar menulis aksara Jawa di Atrium Solo Square. (Dok. Solopos)

Swasana nalika para siswa Kelas III, IV lan V SDN Kleco 1 lan 2 Solo bebarengan ajar nulis lan maca aksara Jawa ing Atrium Solo Square, sawetara wektu kapungkur. Ajar nulis aksara Jawa ateges uga ajar tepung marang tembung-tembung basa Jawa sing nalika katulis ing aksara Latin kudu tetap nggatekake jumbuh orane kalawan tembung kuwi nalika ditulis ing aksara Jawa. (JIBI/SOLOPOS/Dok)

Nulis nganggo basa apa bae kudu migatekake carane nulis aksarane/ejaane. Kuwi salah sawijining prakara sing diadhepi dening sauntara wong Jawa. Kahanane pamulangan basa Jawa saya dina saya kurang digatekake dening kluwarga Jawa. Daksebut kluwarga, amarga satemene ya saka kono kuwi bab basa Jawa lan panulise bisa bener. Kudu kawiwitan saka kluwarga sing tansah migunakake basa Jawa sing bener.
Advertisement

Sekolah kuwi satemene mung mrenahake bae yen ana sing kurang nalika panganggone basa Jawa krasa kurang bener. Nanging, saiki kluwarga Jawa akeh sing ora nggatekake maneh marang ajine basa Jawa. Mula panganggone basa Jawa ing kulawarga sajak ora dipredulekake. Apa maneh yen nulis basa Jawa nganggo aksara latin.

Kleru apa bener ora digatekake dening masarakat, sing penting muni, bisa diucapake, dilesanake. Kamangka basa lesan lan basa tulis kuwi beda kahanane, ora mung prekara paramasastrane bae, nanging uga bab panganggone ejaan utawa aksara. Saiki apa ana sing padha nggape yen antara ejaan a (upamane kanggo tembung tela) karo o (telo); lara-loro; cara-coro?

Ana ing pamulangan isih disetitekake endi sing bener antarane tuladha kuwi mau, nanging ana ing urip padinan yen ana sing nulis nganggo basa Jawa apa iya isih dijlimeti? Ketoke kok ora patiya. Miturut pengalamanku sing wus makaping dadi tutor nulis kreatif apadene nonfiksi ing antarane para siswa (satingkat SMA) kerep banget manoni kleru anggone nulisake gagasane.

Advertisement

Coba disimak pethikan gladhen nulis esai saka sawijining siswa SMA sing unine mangkene: Jaman saiki bocah nom-noman pada uwis genah lan tau ngrasakake pacaran. Pacaran dianggep lumrah. Nang sekolahan lintang-lintung gandengan.
Tembung sing ditulis ing ukara kuwi ana sing kleru panulise yaitu: pada, gandengan. Kudune ditulis: padha, gandhengan. Nganggo aksara h ing aksara d. Ukarane ora baku tembunge: uwis. Kudune: wis utawa wus. Mangkono uga tembung nang sing kudune ing, lintang-lintung sing kudune runtang-runtung. Bisa uga siswa kuwi anggone nulis mung sakecekele.

Saka tuladha sing kleru mau, katon yen anggone nulis mung didhasarake saka basa paguneman utawa lisan bae, dudu basa tulis. Kamangka, sing dikarepake kudu migunakake basa tulis. Kahanan kaya sing dakaturake mau meh mratah ditulis dening para siswa sing padha melu bengkel penulisan esai sing takbimbung, cacahe 25 peserta).

Dhanu P Prabowo (JIBI/SOLOPOS/Ist)

Advertisement
Ing batin aku rumangsa sedhih, nanging uga rumangsa ditantang. Bengkel sing cumpen wektune, saora-orane kudu bisa ngelingake para pasarta yen anggone nulis basa Jawa akeh sing ora baku, ora standar. Tumus pitakonan: apa pamulangan utawa pelajaran basa Jawa ing sekolahan gagal?

Hla, kudune nulis nanggo ejaan lan basa Jawa baku wis beres, nanging nyatane malah kosok-baline. Miturut panalarku, kabeh padha anggone ora tumemen anggone mulang basa Jawa dalasan ejaane sing baku. Kudune ora mangkono, hla wong saiki wus ana buku Pedoman Umum Ejaan Basa Jawa Huruf Latin sing kababar wiwit taun 1974 lan nganti saiki terus didandani murih murakabi. Miturut panalarku, ejaan basa Jawa kuwi kudu laras karo basane, yen kudu owah kudu ana nalare sing jelas. Aja mung waton.

Dhanu Priyo Prabowo, Panaliti sastra ing Balai Bahasa Yogyakarta

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif