SOLOPOS.COM - Sanggar Metta Budaya Solo mbabar Sendratari Ramayana asesirah Sinta Obong ing panggung tinarbuka Taman Balekambang, Solo, sawetara wektu kapungkur. Lakon Sinta Obong iki dadi landhesan tumrap seniman beksan Eko Supriyanto ngracik Sinta Obong kontemporer tembayatan kalawan seniman beksan saka Kamboja lan Thailand.

Sanggar Metta Budaya Solo mbabar Sendratari Ramayana asesirah Sinta Obong ing panggung tinarbuka Taman Balekambang, Solo, sawetara wektu kapungkur.

Seniman beksan kondhang saka Solo, Eko Supriyanto, tembayatan kalawan seniman beksan saka Kamboja, Sophiline Saphiro, lan seniman beksan saka Thailand, Pichet Kunclun bakal mbabar beksan Sinta Obong ing sawetara negara ing tlatah Asia.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Sinta Obong racikane telung pranata beksan iki awujud beksan kontemporer. Sinta Obong sing kaprah ing madyaning  bebrayan agung bangsa Indonesia mung dadi pancadan utawa sumber ide. Dene racikan beksan kang bakal dibabar ing sawetara negara Asia kuwi ing wujud beksan kontemporer.

Adegan nalika Sinta pati obong kanggo mbuktekake prasetyane marang Sri Rama bakal diracik dadi beksan dening seniman beksan telu kuwi.  Tetelune bakal mbabar seni beksan kang asipat mligi lan beda kalawan Sinta Obong sing mratah dibabar ing Indonesia.

Sinta Obong kuwi bakal kababar ing Kamboja, 26 Januari 2013, lan pungkasan ing Indonesia. Pagelaran Sinta Obong ing Indonesia iki bakal mapan ing Kutha Solo lan Jakarta. Miturut Eko, nalika wawancara kalawan Espos, Senen (17/12), nelakake laku ngracik beksan adhedhasar Sinta Obong kuwi kawiwitan 2010.

Ing 2010, telung pranata beksan kuwi sapatemon lan banjur ngadadi pirembuhan babagan seni beksan ing Kamboja. Adicara kuwi diterusake ing 2011 lan sabanjure anjog ing pasarujukan bakal mbabar seni beksan kontemporer lelandhedan crita klasik Sinta Obong ing telung negara Asia kuwi.

“Ing Sinta Obong kontemporer iki saben pranata beksan antuk jatah 30 menit kanthi cakepan sing beda. Jan-jane kabeh iki kawiwitan ing peirembugan bab seni beksan ing 2010 lan banjur sarujuk bakal mbabar Sinta Obong kontemporer ing 2013,” piterange Eko.

Eko bakal mbabar racikan beksan asesirah Fire, Fire, Fire. Racikan beksan kontemporer iki lelandhesan lalon Sinta Obong. Crita nalika Sinta milih pati obong kanggo mbuktekake katresnane marang Sri Rama. Arepa lelandhesan lakon Ramayana, miturut Eko, babaran beksan racikane wong telu iki ora bakal mampu cakepan beksan tradhisional ing Sinta Obong.

Lakon Sinta obong mung didadekake landhesan, dene wujud racikan beksane asipat kontemporer. “Ya isih mambu tradhisi, nanging nalika dibabar mengko, blas ora ana crita Ramayanane. Kabeh asipar kontemporer,” pratelane Eko.

Sing asipat kontemporer ora mung obah mosiking pambeksa, nanging uga sandhangan, tata panggung lan musik pangiringe. Fire, Fire, Fire uga ora nuduhake cakepan tradhisi nalika dibabar ing panggung. Musik pengiringe diracik dening pranata musik saka Jepang dan Jerman kang nyawijekake musik-musik modheren.

Sandhangan sing dianggo saperangan gedhe sandhangan sing wernane memper lemah lempung. ”Aku merdeni beksan Fire, Fire, Fire kanggo ndhudhah babagan gender sing lelandhesan crita Sinta Obong. Racikan beksane pancen adoh saka cakepan tradhisi jalaran akeh obahing raga kang asipat spiral,” piterange Eko.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya