SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Crita sambung sinambung anggitane Arswendo Atmowiloto, juruwarta lan sastrawan saka Solo, sing asesirah Keluarga Cemara bakal digawe film.

Biyen, crita sambung sinambung iki dipacak ing majalah kang mligi kanggo remaja, HAI. Crita kuwi banjur digawe sinetron sing digiyarake ing RCTI ing taun 1996 lan 2005.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Arswendo nelakake duwe rancangan crita bab kulawarga sakmadya kuwi dadi film amarga miturut dheweke isih akeh sing seneng marang crita Keluarga Cemara.

”Nganti saiki isih akeh sing nakokake Keluarga Cemara. Ana sing njaluk supaya digawe crita sambungane. Miturutku, tinimbang nerusake critane aluwung digawe film wae,” pratelane Arswendo nalika ditemoni juruwarta ing Universitas Sebelas Maret, sawetara dina kapungkur.

Miturut sastrawan klairan Solo iki, nggawe film Keluarga Cemara luwih gampang lan luwih murah tinimbang nggawe sinetron terusane.

Menawa arep gawe sinetron terusane, miturut Arswendo, dheweke kudu njaluk idi palilah saka stasiun televisi sing biyen nggiyarake sinetron Keluarga Cemara.

Dene kapan filme bakal digawe, Arswendo nelakake dheweke durung bisa ngira-ira. Nanging, dheweke mratelake wus duwe gambaran. Saiki dheweke nyedhake sawetara pehak sing kira-kira bisa mbiyantu mujudake film Keluarga Cemara.

Sinetron Keluarga Cemara kang digiyarake ing RCTI dadi sinetron sambung-sinambung kang dawa dhewe, ngantu 412 babak. Sinetron sing digawe dening Mizan Productions lan digiyarake sepisanan ing dina Minggu, 6 Oktober 1996, kuwi kasil nggayuh pangaji-aji minangka sinetron kang pinuji ing Festival Film Bandung.

Miturut Arswendo, cirta sing nggambarake kulawargane Abah, Emak, Euis, Ara lan Agil kuwi ing jaman saiki kadidene mutiara urip lan panguripan ing satengahing ombyaking  jaman kang sarwa nengenake bandha donya.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya