SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ing Sekaten ana maneka warna jinis dolanan sing dadi ciri mligine Sekaten. Ing antarane yaiku kapal othok-othok. Kapal iki digawe saka seng utawa blek sing wus ora kanggo lan direkadaya nganti dadi wujud kapal. Carane nglakokake nganggo sentir lenga klentik. Nalika kapale mlaku, muni othok-othok-othok-othok.

Saiki, kapal othok-othok iki didol kanthi rega Rp7.000-Rp12.000 lan gampang banget ditemoni ing papan adicara Sekaten, ing Alun-alun Lor Karaton Kasunanan Surakarta. Nanging manawa kepengin nyoba gawe dhewe, ya bisa.

Promosi Antara Tragedi Kanjuruhan dan Hillsborough: Indonesia Susah Belajar

Pisanan, dicepakake ubarampene dhisik yaiku gunting seng utawa blek, solder lan timahe, tang, spidol, cet lenga, sarta seng utawa blek sing wus ora kanggo.

Dene carane gawe yaiku gawe gambar ragangan kapal ing kertas utawa langsung ing dhuwur seng utawa blek. Nanging seng utawa blek iku kudu dijejegake utawa digawe rata dhisik. Aja lali sisan gawe gambar ruang bakar utawa ketel.

Bubar kuwi, gunting seng utawa blek sing wus digambari mau nurut wujuding gambar. Sekaliyan gawe pipa kanggo saluran buang saka seng utawa blek sing digulung cilik, cacahe loro.

Manawa wus sumadya kabeh, lagi diraketake kanthi nggunakake solder lan timahe nganti mbentuk kaya wujude kapal. Pungkasan, kapal iku kari dicet werna-werna miturut kekareman. JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya