Jagad-jawa
Sabtu, 4 Februari 2012 - 15:44 WIB

KRIDHA: Anggada Balik, Kaca Benggalaning Nagara

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - WAYANG KULIT-Dhalang Ki Rahmat Santoso saka Sragen mbabar wayang kulit kanthi lakon Anggada Balik ing Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah, Kentingan, Solo Kemis(26/1/2012) Wengi. JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu

WAYANG KULIT-Dhalang Ki Rahmat Santoso saka Sragen mbabar wayang kulit kanthi lakon Anggada Balik ing Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah, Kentingan, Solo Kemis(26/1/2012) Wengi. JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu

Sawuse nelukake Dasamuka, Alengka dikuwasani dening Sri Rama. Kanggo ngurusi tata pamarentahan ing Alengka, Sri Rama banjur ngangkat Dasawilukrama, anake Dasamuka, dadi Ratu Anom kanthi pangajab sukemben Alengka lan Ayodya bisa nyawiji.
Sawuse jumeneng nata, Dasawilukrama gawe aturan kang rada nyeleneh, yaiku sapa wae kang kepengin ngadhep Sri Rama kudu njaluk idine Dasawilukrama. Jarene, nganti saiki isih akeh balane Dasamuka kang kepengin mejahi Sri Rama. Malah, para wanara kang ndhisike tansah mbiyantu Sri Rama uga ora luput saka aturan iki. Nalika arep ngadhep Sri Rama, kudu idin dhisik marang Dasawilukrama. Kabeh wong ora kena sembarangan cedhak-cedhak marang Sri Rama.
Meruhi aturan anyar lan rada nyeleneh iki, Jaya Anggada muntab. Tanpa kakehan omong, dheweke langsung nglungani paseban. Wengine wanara sekti iki ndhelik ing ngisor ambene Sri Rama, saprelu kepengin weruh sapa ta sajane sing kepengin mejahi Sri Rama. Ora suwe, teka sawijining wong kang ora liya Dasawilukrama dhewe. Ratu anyar Alengka iki ngunus pedange lan arep diarahke marang Sri Rama sing lagi turu angler. Nanging kanthi cukat trengginas, Jaya Anggada banjur mencolot saka ngisor amben lan nylametake Sri Rama. Nanging, apa sing dilakoni Anggada iki kalah cepet karo Dasawilukrama sing mbengok “maling”. Kapeksa, Anggada mlayu sipat kuping.
Anggada wusanane dadi buron lan diklerokake amarga kepengin mejahi Sri Rama. Ing ngarepe wong akeh, Dasawilukrama mratelakake manawa Anggada sing arep mejahi Sri Rama. Mula diprentahake wadya bala kanggo mburu Anggada. Nanging ora ana siji-sijiya prajurit sing bisa nandhingi kasektene Anggada, kajaba Anoman.
Anggada bisa ditelukake dening Anoman lan Dasawilukrama njaluk supaya Anggada diukum pati. Nanging Leksmana lan Wibisana ora sarujuk amarga labuh labete Anggada marang Sri Rama wus gedhe banget. Anggada banjur dirangket suwene 40 dina tanpa mangan lan ngombe ing alas. Manawa isih urip, ateges atine suci, nanging manawa surud ateges Anggada pancen culika.
Ing pungkasan ukumane, rohe Dasamuka nyurupi Anggada. Dheweke muring-muring banjur nggoleki Dasawilukrama. Nalika ketemu, langsung dicokot gulune nganti pedhot. Dasawilukrama tiwas.
Mangkono crita lakon wayang kulit Anggada Balik, kang dibabar dening dhalang Ki Rahmad Santosa DS saka Gondang, Sragen, jroning pagelaran Wayang Kulit Jemuwah Kliwon ing Pendhapa Ageng TBJT utawa TBS, Kemis (26/1/2012) wengi.
Lakon kang dibesut iku, miturut Ki Rahmad, dadi kaca benggalaning kahanan nagara Indonesia saiki. Akeh pehak kang padha rebutan kakuwasan. Malah uga akeh kang sejatine sakpepanthan, nanging padha rebut kakuwasan, dadi mungsuh ing njero kemul lan sapanunggalane.
JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif