SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (15/11/2018) menika kapacak bab Kongres Kabudayan.

Solopos.com, SOLO — Direktorat Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) bakal ngadani adicara kabudayan kanti irah-irahan Kongres Kebudayaan Indonesia 2018 ing akhir taun iki. Yen ora owah jadwale, bakal diadani ing wulan Desember, Jemuwah-Setu (7-9/12/2018), ing kompleks Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, Senayan, Jakarta.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kabar iku diumumake dening Direktur Jenderal Kebudayaan, Hilmar Farid, nalika ngisi adicara ing kantor Kemendikbud, sawetara wektu kepungkur.

Miturut pawarta kang katulis dening Bagian Humas Kemendikbud ing website resmine kanthi irah-irahan Kongres Kebudayaan Indonesia Siap Digelar Desember 2018, adicara iku bakal dadi dhasar ngemonah kabudayan ing Indonesia, kaya kang diatur ing Undang-undang Nomor 5 tahun 2017. Sakdurunge adicara inti, Kemendikbud bakal ngadani prakongres kanthi ngundang para seniman, budayawan, lan para ahli kanggo mbabar bab kabudayan.

Adicara prakongres utawa Pra Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 diadani ing dina Minggu (4/11/2018) nganti Selasa (6/11/2018) kepungkur ing Jakarta. Ana kira-kira 333 ahli kabudayan, lan sutresna budaya sing nyengkuyung prakongres. Hilmar Farid ngandharake tujuwane KKI yaiku ngrumusake strategi kabudayan sing cetha.

Sakwise iku, rumusane bakal dibabar ing kongres kabudayan. Kasil saka kongres kasebut banjur ditetepake dening Presiden sakbubare kongres, yaiku ing dina Minggu (9/12/2018). Materi sing bakal dibabar ing kongres Desember mengko ana maneka warna, yaiku cara ngrembakaake kabudayan, jinise kabudayan, uga kabudayan Indonesia lan nagara manca.

Luwih saka iku, Hilmar ngandharake menawa kupiya ngrembakaake kabudayan ora mandeg sakbubare kongres. Kasil saka kongres bakal dadi dhasar Rencana Pembangungan Jangka Menengah (RPJM) utawa Rencana Pembangungan Jangka Panjang (RPJP) sing dinut pamarentah dhaerah.

“Sing paling penting yaiku, ing jaman saiki kabudayan kudu bisa dadi tameng tumrap mlebune budaya manca kang ora becik. Dadi dhasar kanggo nguwatake rasa handarbeni marang bangsa lan nagara,” kandhane Hilmar.

Kongres iki diadani saben limang taun sepisan. Sakdurunge, Kongres Kebudayaan 2013 diadani ing Hotel Royal Ambarukmo, Ngayogyakarta. Adicara kasebut disengkuyung dening budayawan, cendekiawan, seniman, pakar, tokoh masarakat, wartawan, pamarentah, lan wakil saka pepanthan UNESCO. Sing dibabar yaiku bab multikulturalisme lan pluralisme, cara mbangun demokrasi kanthi dhasar budaya, uga cara ngleluri lan ngemonah budaya Nuswantara lan nintingi budaya manca.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya