SOLOPOS.COM - Salah sijine jejer crita Gathutkaca Pinilih kang dibabar ing Gedhung Wayang Orang Sriwedari, Solo, Rebo (18/7/2012). (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Salah sijine jejer crita Gathutkaca Pinilih kang dibabar ing Gedhung Wayang Orang Sriwedari, Solo, Rebo (18/7/2012). (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Museum Radya Pustaka duwe koleksi gamelan kang umure wus atusan taun. Uga duwe wayang kulit tinggalane Paku Buwono X. Koleksi kang duwe nilai sujarah dhuwur kuwi ora banjur dienengake, nanging uga bisa digunakake. Gamelan ing museum kasebut dening para siswa Jurusan Karawitan SMKN 8 Solo dadi luwih urip lan menehi guna marang pengunjung museum. Selasa (17/7) awan, siswa cacah 20 saka kelas XI lan XII nabuh gamelan kuwi kanggo nembang-nembang jawa.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Sanadyan wus tuwa, nanging gamelan iku isih bisa nyuwara kang bener kaya gamelan liyane. “Laras, mbat lan pathet isih padha karo gamelan jaman saiki. Bedane mung umure, gamelan ing museum kasebut wus tuwa. Mula para siswa uga ora kangelan nabuh gamelan kasebut,” piterange Wakasek Humas SMKN 8 Solo lan koordinator adicara kasebut, Bambang Suhendro. Kegiaytan kuwi bakal digelar kanthi ajeg saben sasi sepisan, nanging pasartane bisa saka sanggar-sanggar karawitan ing Kutha Solo.

Miturut Bambang, adicara kasebut kanggo menehi piwulang lan ilmu marang para siswa babagan sujarah gamelan. “Kajaba kuwi, gamelan ing museum uga ora mung dadi tontonan, nanging uga bisa ditabuh lan para siswa utawa masarakat bisa menehi pakurmatan lan njaga koleksi kang langka kuwi,” kandhane.

Nalika wong bisa mangreteni gunane gamelan lan ngreti rasane nggunakake, bakal bisa melu seneng lan tresna, sakbanjure bakal melu njaga. “Gamelan ing museum pancen ora padha karo gamelan saumume amarga duwe nilai sujarah, mula para siswa uga ngati-ati lan kudu netepi pranatan ing museum lan pranatan marang gamelan umume. Gamelan ora kena dilangkahi, kuwi ora amarga mistik nanging wujud urmate marang gamelan,” ujare piyambake.

Nalika nabuh gamelan, para siswa uga kudu beskapan lan udheng supaya luwih pantes. Bab iku uga dadi salah sijine pranata lan unggah ungguhing Jawa. Para siswa nabuh gamelan lan nembang gendhing-gendhing Jawa, contone ladrang, kethuk loro, palaran uga langgam-langgam Jawa liyane. Anggone nabuh gamelan ya ora suwe, mung rong jam. “Iki menehi pangerten marang masarakat, kesenian Jawa ora mung digelar saben bengi, nanging wayah awan uga apik lan becik. Mula iki bisa dadi salah sijine program Komite Museum lan SMKN 8 Solo supaya bareng-bareng preduli lan njaga koleksi museum,” ujare Bambang.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya