Jagad-jawa
Sabtu, 18 Februari 2012 - 12:30 WIB

KETHOPRAK: Ngurip-urip Kasenian Kethoprak

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Kesenian Kethoprak (JIBI/SOLOPOS/Dwi Prasetya)

Kesenian Kethoprak (JIBI/SOLOPOS/Dwi Prasetya)

Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa. Jroning pagelaran kethoprak, sandiwara kang diselingi tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake.

Advertisement

Lumrahe, crita kang diangkat jroning pagelaran kethoprak ana maneka warna jinise. Ana sing dijupuk saka crita sujarah Jawa, legenda, utawa saka crita manca nagara. Nanging genahe crita kang dibabar ora bakal njupuk saka wiracarita Ramayana lan Mahabharata. Sebab, pagelarane malih dudu kethoprak nanging dadi wayang wong.

Sawetara taun kapungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing TV. Ana sing arupa kethoprak klasik, yaiku pagelaran kethoprak kang dibabar ing panggung kanthi beber kang winates. Sabanjure uga ana kethoprak sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber alam lan swasana ing njaban gedhung. Becike maneh, saben episode, mesthi dipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyani hadhiah mirunggan kanggo milut lan nggeret kawigatene pamirsane.

“Jaman mbiyen kuwi tau disiyarke ing TV, kethoprak sayembara. Kuwi dadi tontonan wajib wong sakkampung. Saliyane critane apik, shooting-e ya neng njaba, ora neng ndhuwur panggung kaya saumume kethoprak. Dadine ora mboseni. Apa maneh ana sayembarane barang,” critane Daryanti, 42, warga Pajang, nalika ditemoni ing daleme, Selasa (14/2).

Advertisement

Ing ngrembakane jaman, uga metu panglipur kang uga ngusung kethoprak. Nanging kethoprak jinis iki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan, mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang ing jagad kasenian.

Sawetara sumber nyebutake kasenian kethoprak antuk kalungguhan kang mirunggan jroning masarakat Jawa, mligine wong cilik. Sebab jroning kethoprak, seni sandiwara, musik lan sastra dibabar bebarengan. Kasenian kethoprak iki tuwuh ngrembaka ing Ngayogjakarta lan Jawa Tengah, sarta saperangan dhaerah Jawa Timur. Jaman mbiyen kethoprak dadi panglipure masarakat.

Dene sawetara lakon kethoprak kang kondhang ing antarane yaiku Arya Penangsang Warok Suramenggala, Abdul Semararupi, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana, Andhe-andhe lumut, Anglingdarma, Rara Mendut-Pranacitra, Damar Wulan, lan sapiturute. Nanging kadhang kala ya ana sing ngangkat crita saka manca nagara, upamane Sampek-Ingtay.

Advertisement

Sanajan ngandhut piwulang budaya Jawa, kasunyatane ing ngrembakane jaman, kasenian kethoprak rada dikiwakake dening masarakate. Mligine generasi mudha saiki akeh sing ora pati dunung marang kasenian kethoprak. Apa maneh gelem nresnani kasenian iki.

Nalika Espos nyoba nonton pagelaran kethoprak ing Gedhung Kasenian Balekambang, sawetara kalodhangan, ketara yen pamirsane kethoprak iku rata-rata wong tuwa. Kuwi wae kursi kang disedhiyani isih akeh sing kosong mlompong. “Saben malem Minggu ya ngene iki. Kajaba yen lagi ana adicara utawa lomba, mesthi bisa kebak pamirsa,” ujare Arif, salah sijine pamirsa saka Purwosari.

 JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif