Kethoprak lan Wayang Rasa Modheren

Solopos.com, SOLO -- Ngejak nom-noman tepung, dunung, lan seneng seni tradhisional pancen angel-angel gampang. Kudu duwe cara sing mligi amrih bisa narik kawigatene para nom-noman kuwi. Sakora-orane kaya sing dilakoni pepanthan Kethoprak Gumregah saka Mojosongo, Solo.

Pepanthan kethoprak sing ngimpun para siswa sekolah menengah atas (SMA) lan mahasiswa iku pentas ing kafe Gudang Sekarpace Artspace, Jebres, Solo, sawetara wektu kapungkur. Pentas kethoprak para nom-noman kuwi ngiras pantes mengeti Hari Ibu, 22 Desember.

Irah-irahan kethoprak ing wengi iku Sitengsu Padhang kang Ora Blerengi. Lakon iki mbabah piwulang babagan ngurmati wong wadon ing kabudayan Jawa. Sing dadi sutradhara Panggah Rudita sene sing maragni anggota Kethoprak Gumregah sing nyakup para siswa SMA lan mahasiswa.

Pentas kethoprak kuwi mapan ing njero kafe. Ora ana panggung sing mligi. Kabeh papan ing kafe kuwi dadi panggung. Kafe ing Gudang Sekarpace kuwi ya bukak kaya biyasane. Salah sawijining barista Kopi Loma tetep ngracik pesenan kopi nalika ana wong wadon loro nganggo kebaya lan jaritan sing dolan ing kafe kuwi.

Wong wadon loro kuwi kemayu tenan. Ndeleng daftar menu ing meja banjur pesen kopi nganggo basa Jawa ngoko. Gayane pancen ketok aeng dhewe. Kamangka liyan-liyane mung kaosan lan nganggo klambi edgy kaya cah gaul jaman saiki.

Mula ora mokal nalika tamu wong wadon loro sing nganggo kebaya lawasan iku banjur narik kawigatene para pelanggan Kopi Loma liyane. Kanyata wong sing nganggo klambi lan gaya lawasan ora mung wong wadon loro kuwi. Ana nom-noman lanang sing beskapan jangkep sing mlebu ing tenat panganan liyane.

Sanadyan katon aneh, pentas kethoprak ing njero kafe kuwi narik kawigatene wong akeh. Penontone meh kabeh nom-noman, ya wong-wong sing wektu kuwi lagi jajan ing kafe kuwi. Kabeh kanton padha gumun. Para nom-noman pelanggan utawa konsumen kafe kuwi kala-kala melu cluluk nanggapi omongane wong-wong sing nganggo sandhangana eng kuwi. Kabeh padha ngomong nganggoi basa Jawa.

Swasana dadi gayeng. Ger-geran nganti tekan bubaran. Wong-wong sing nganggo sandhangan aeng kuwi mau ora liya para seniman nom ing Kethoprak Gumregah. Panggah Rudita ngandharake tanggapane para penonton, ya wong-wong sing lagi jajan ing kafe kuwi, ngluwihi sing dibayangake.

Para nom-noman sing racake pancen biaya nongkrong ing kafe kuwi katon seneng lan bisa lebur ing adegan-adegan kethoprak sing diparagani para nom-noman saka Kethoprak Gumregah. Antarane paraga kethoprak lan penonton kaya ora ana watese. Nonton kethoptak sinambi ngemil kenthang goreng, burger, utawa nyruput kopi. Para nom-noman kuwi kanthi ora sengaja nuduhake duwe rasa seneng lan rasa harbeni kesenian tradhisional kethoprak.

“Ya pancen krasa aneh ing kawitan, nanging suwe-suwe kok malah dadi apik, narik kawigaten. Mbedani wae ana kethoprak mlebu kafe. Dadi ora krasa ana wates ing antarane paraga kethoprak lan penonton. Jan-jane aku ora pati mudheng basane, nanging pancen gayeng banget,” kandhane Anin,  salah sawijining penonton.

Panggah minangka sutradhara uga pangarsa Gumregah ngandharake dheweke pancen duwe program nyedhakke seni tradhisional karo nom-noman jaman saiki. Carane ya ngandani pentas kethoprak ing kafe ngono kuwi mau. Panggah duwe gegayuhan adicara ngono kuwi bisa rutin, pindhah saka kafe siji lan sijine.

Pangajabe sing krodha nguripi kesenian ing Kutha Solo jaman saiki ora mung nom-noman sing ambyur ing seni modheren lan kotemporer, nanging uga para nom-noman sing ngleluri seni tradhisi ing mareka rupa pepanthan.

Wayang

Saliyane Gumregah sing pentas kethoprak in kafe, ana maneh pentas seni tradhisi sing wigati dhek Desember 2019, yaiku Wayang Sinema sing diadani dening Yayasan Sang Pamarta Indonesia ing Gedung Teater Murtidjono Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo.

Pakeliran wayang diracik kaya wong nonton pilem ing bioskop. Penonton kudu tuku karcis sing ana tandha studio lan nomor kursi. Yen studi wis kebak, pakeliran wayang diwiwiti. Pambukane arupa tetabuhan gamelan. Pakeliran rasa bioskop iki tetep diparagani dhalang, sindhen, lan pangrawit.

Sing rada beda, ing pakeliran wayang rasa bioskop iki ana sing jejatah ngisi swara utawa dubber. Kuwajibane ing perangan antawacana nalika dhalang ngepyakake wayang. Dhalang lan wayang ing suwalike pakeliran. Penonton mung bisa ndeleng ayang-ayang wayang lan pengrawit.

Dhalange ora mung lungguh. Dhalange bebas mlaku mrana mrene ing suwalike kelir jumbuh adegan sing dibabar. Dhalange wong enem. Pakeliran wayang rasa bioskop iki ora mung cara mbabar lakon lan ngepyakake watang sing beda karo pakeliran wayang biyasane.

Swara musik pengiring uga beda. Yen dirungokke kanthi temen-temen, musik pangiringe ora mung gamelan, nanging uga nganggo musik modheren. Penonton sing ndeleng pentas wayang iki rasane pancen kaya wong nonton pilem ing bioskop. Ing ngarep layar ana pengrawit lan gamelan. Basane  nganggo basa Indonesia.

Penulis naskah sing ngrangkep dadi paraga multimedia, Wahyu Dunung Raharjo, ngandharake krenah ngracik wayang rasa bioskop kuwi dialem dening akeh nom-noman. Pakeliran ing bioskop kuwi dibabar mung kira-kira rong jam. Sasuwene kuwi kabeh wong sing padha ndeleng ora gelem pindhah kursi. Sok-sok ana penonton song melu cluluk ngomentari antawacana ing layar amarga antawacanane nganggo basa Indonesia.

“Iki wayang inovasi. Minangka cara murih generasi mudha, para nom-noman jaman saiki, gelem tepung marang wayang kulit. Jebul ya pancen akeh sing ndeleng kanthi tenanan,” kandhane Wahyu.

 


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho