SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (1/11/2018) menika kapacak bab Tari Saman.

Solopos.com, SOLO — Direktur Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud), Hilmar Farid, lan Bupati Kabupaten Gayo Lues, Aceh, H. Muhammad Amru, mbukak Festival Budaya Saman (FBS) ing Plaza Insan Berprestasi, Gedung A Kemendikbud, Senayan, Jakarta, Selasa (2/10/2018).

Promosi Banjir Kiper Asing Liga 1 Menjepit Potensi Lokal

Festival diadani ing Gayo Lues wiwit saka 2 Oktober nganti tekan 4 November 2018. Adicara kasebut bakale diisi pentas tari, seminar, lan liyan-liyane sing ngandhut babagan Tari Saman.

Salah sijining adicara yaiku Tradhisi Bejamu Saman. Tradhisi Bejamu Saman yaiku pagelaran tari sing diadani suwene rong dina rong mbengi. Tradhisi Bejamu utawa Roa Lo Roa Ingi bakal diadani ing 11 kampung, sing ana ing Kabupaten Gayo Lues.

Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan miturut serat rilis sing dikirim marang , Senen (29/10/2018), ngandharake dene festival iku diadani minangka kupiya ngrembakaake uga nguri-uri budaya Tari Saman. Supayane tetep lestari ing saindenge masarakat Aceh, mligine Gayo Lues.

Beksan Ageng

Tari Saman iki bisa kalebu salah sawijining beksan ageng ing Gayo Lues, Aceh. Tembang lan musik sing kanggo ngiringi beksan iku migunaake Bahasa Gayo. Tari Saman biasane dipentaske nalika ana adicara kabudayan ing Aceh, lan adicara Agama Islam kayata panen ageng, mengeti lahire Nabi Muhammad SAW, lan Idhul Fitri. Miturut sujarahe, beksan ageng iku tinggalane sesepuh agama saka Gayo, Syekh Saman.

Syekh Saman nggunakake beksan kasebut minangka sarana dakwah Agama Islam. Nanging ora mung kuwi, Tari Saman, uga dadi sarana ngraketake paseduluran. Bisa dideleng saka tradhisi Bejamu Saman utawa Roa Lo Roa Ingi sing biasane diadane masarakat rong kampung utawa luwih.

Miturut adate, Tari Saman dipentaske dening para penari lanang kanthi jumlah ganjil. Ing Gayo Lues nganti ana unen-unen ‘dudu lanang, yen ora pinter nari saman’. Nanging jaman saiki uga akeh wong wadon sing wasis nari Saman.

Kabupaten Gayo Lues nate nggawe festival Tari Saman massal ing Stadion Seribu Bukit Blangkejeren, Minggu (13/8/2018). Ana kira-kira 12.262 penari Saman lanang sing nyengkuyung adicara kasebut. Pramila ora kaget bilih kecatet ing Museum Rekor Dunia Indonesia (Muri).

Tari Saman uga kawentar ing nagara manca kanthi jeneng Dance of Thousand Hands, utawa beksan ageng mawa sewu tangan. Pramila iku, pepanthan internasional sing ngurusi bab kabudayan, The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO), netepake Tari Saman Gayo Lues, Aceh, minangka warisan kabudayan sing wigati nalika sidang ing Bali (24/11/2011).

Sakdurunge iku, Tari Saman didhaftarke marang UNESCO ing wulan Maret 2010. Kupiya nguri-uri Tari Saman ing Gayo Lues uga pikantuk anugerah pangaji saka Asosiasi Pariwisata ASEAN (The ASEAN Tourism Association/ ASEANTA) minangka Pelestarian Budaya ASEAN Terbaik (the best ASEAN cultural preservationeffort) ing adicara ASEANTA Awards for Excellence kaping-25 ing taun 2012. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya