SOLOPOS.COM - Yunanto Sutyastomo, pengelola Balai Soedjatmoko Solo (JIBI/SOLOPOS/Ist)

Yunanto Sutyastomo, pengelola Balai Soedjatmoko Solo (JIBI/SOLOPOS/Ist)

Salah sijine bab kang bisa ndadekake wong tansah eling marang Solo yaiku musik kronconge. Musik kroncong wus diakoni bisa ngarumake jeneng Kutha Solo ing saintering jagad. Manawa ngelingi kroncong, tamtu ana jeneng loro sing ora bakal dilalekake yaiku Waldjinah lan Gesang, maestro kroncong kang labuh labete marang musik kroncong ora kaukur maneh.

Promosi Keturunan atau Lokal, Mereka Pembela Garuda di Dada

Priyagung loro iki tansah ngurip-urip kroncong nganti mangsa tuwane. Kroncong pancen tau nduweni sujarah dhewe tumrap Kutha Bengawan iki. Tamtu ora amung wong loro iku sing nduweni jasa marang musik iki. Isih akeh seniman kroncong liya kang jasane ora kalah gedhe, antarane Andjar Any, WS Nardi lan seniman kroncong kang metu jroning pepanthan-pepanthan kroncong.

Saiki kroncong isih bisa ditemoni ing sawetara papan lan pagelaran, wiwit ana ing njero kampung nganti tekan pagelaran kang asipat internasional. Maneka warna kegiyatan iku tamtu ngandhut kuwalitas kang beda-beda, nanging bab iki dadi prakara kang lumrah jroning sawijining kegiyatan. Minangka tenger kutha kroncong, Solo wus kasil lan diajab uripe kroncong iki bakal ajeg lan sansaya ngrembaka tanpa nemoni kahanan sing nguwatirake.

Nanging ana prakara sing kudu digatekake, yaiku mapanake kalungguhane musik kroncong jroning laku lan ngrembakane Kutha Solo sing sansaya padhet iki. Iki dadi prakara kang wigati jalaran nyawang sujarahe kroncong sing pawitane ditabuh ing kampung-kampung apa ya isih antuk kalodhangan kang padha.

Ndhisik saben kampung nduweni pepanthan kroncong kanthi cirri lan kuwalitas kang mirunggan, banjur tampil mubeng ing kampung-kampung. Saben ana wong duwe gawe bisa dipesthekake ana pepanthan kroncong sing kedhapuk paweh panglipur marang warga bebrayan. Selaras karo ngrembakane kutha iki, rasa sumelang marang uripe kroncong nyedhaki kasunyatan. Musik kroncong kaya-kaya wus ora dadi duweke masarakat bareng-bareng.

Ing sawetara pagelaran musik kroncong, pepanthan kroncong kang asale saka kampung-kampung mau nduweni rasa gumantung marang wong tartamtu, upamane pimpinane utawa wong kang dianggep seespuh. Wong sing dianggep sesepuh iku emane dudu wong sing nduweni pengalaman akeh ngenani musik kroncong, nanging jalaran sugih bandha lan dianggep bisa ngopeni pepanthan kroncong iku.

Para pemimpin iki teka saka pepanthan masarakat kang beda karo para seniman utawa pamerti kroncong. Iki sing sabanjure ndadekake kroncong kampung ora mandhiri maneh, bebas nuduhake kawasisane utawa anane pepanthan kroncong iku pancen duweke warga kampung. Kamangka kiprahe kroncong kampung ora awates minangka musik thok, nanging minangka potensi-ne warga sakabehe, nyawijekake saben wong kang urip ing kampung iku lan madhahi kabeh bebeda.
Tamtu potensi Kutha Solo sing kaya mangkene iki ora kena diejarake jroning kahanan kasebut. Kroncong ora kena dimilik dening wong sing dhompete kandel wae, nanging kudu bali maneh marang sing duweni kang sejati, yaiku masarakate dhewe.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya